Kaweden MY.ID adalah situs tempat berbagi informasi terkini dan info penting lainnya. Kritik dan saran silahkan tulis di contact. Kunjungi juga situs Ruang Baca

Misteri Gembung Tanpo Sirah

Misteri Gembung Tanpo Sirah

Misteri Gembung Tanpo Sirah

Story by : Dokter Kung Top


Halo, piye kabarmu lur..?, muga muga kalian semua selalu diberi rejeki dari ALLAH subhanahu wata'ala. Lan sakpantese awakdewe wajib bersyukur.
Rejeki kui ora kudu duwit, sehat kui yo rejeki, isih isa kumpul kluarga kui ya rejeki, isih isa utang kui ya rejeki . Apameneh isa nyicil utang kui ya klebu rejeki, rejekine sing ngutangi .
Kaya biasane lur.. Tak DOBOSI meneh ya..!, iklas to kalian tak dobosi .
Wes gek nggelar klasa, ngadep kopi, karo telo godog ben tambah seret . Lenggah anteng trus tak critani.
Ceritane ngene .
Dina minggu isuk, ono uwong wedok mlebu omahku trus ngoprak oprak kamardikan anggonku sare.
Pancen lawang omahku ora tau tak kunci, gara gara mbiyen pas mancing kuncine ketlingsut ilang mbuh nengendi, alhasil tak jebol dewe, nganti seprene durung tak benakke .
Dasare nggonaku ki Alhamdulilah aman, merga pager omahku kui Ming seko mangkok karo piring, dadi aman, Ngerti to maksute .
Tur dasare ya ancen ora ono barang berharga neng ngomahku . Barang berharga nengomahku ki Ming mejikom , TV ono sih.. Ojo ngece, TV ku gedhe..60 inch, Ning yo wis njebluk ,ora isa di setel, nggo pajangan ben ketok sugeh.
Ming rong ndina wingi aku nampa kiriman kulkas 4 pintu . Taknggo nyimpen beras karo piring.. Lha piye...! , listrik e we Ming papat seket og hedeehh. Arep tak balekke wedi nek tersinggung hess embuh lah.
 
" MBAH..!, TANGII.. ! , iki wes meh awan lho..!, YAA  ALLAAAH..!, OMAH KOK KAYA KAPAL PECAH NGENE..!, GELAS, PIRING DO ORA DIASAHI..! ,TEGESAN TING SLEBAR TEKAN NGENDI ENDI..!, SANDANGAN TENG KLUMBRUK..!, IKI OMAH PO SUSUH TIKUS..?, MBAH...TANGI, IKI WES TAK GAWAKKE SARAPAN..!, TANGI TRUS ADUS...!, BIASAKAN HIDUP SEHAT, BERSIH,RAPI...! "
 
" slogan kabupaten po?, bersih, sehat, rapi " Omongku karo ngolet, ongap angop
" kirimanku wingi wes tekan mbah? "
" Kae tak deleh mburi! " Omongku aras arasen
" YAAA... ALLAAH..!, .. IKI KI KUKAS MBAHH..!, UDU LEMARI..! MALAH NGGO WADAH APA IKI?, HISS.. JIAN ORA DONG TENAN OG KOWE KI MBAHH..! , COLOKAN LISTRIK E NGENDI IKI MBAH! "
" Hayo.. Mburine kui lak ana stop kontak to! " Omongku aras arasen .
" Kae tulung blanjaku isih neng mobil, didukke kabeh tak tatane! "
" Hmmm.. " Omongku karo metu
 
Bareng mbukak bagasi mobil..
Ya Allah.. Gustii..!, blanjan sak mene akehe, gek arep nggo ngopo...Iki ?, seka sayur, buah, sirup.. Nganti tekan daging.. Hedehh.. Botol botol taperwer..
lha aku ki nek madang, kari mlayu neng warunge bu dukuh, janganan nglimang ewunan wes sak wernane gari milih, rasah ndadak masak.
" SING ENDI SING DI DOKKE IKI ? " takonku
" KABEH..! " bengoke Diyah alias Dewi Persik KW
" Opo e kui kung..? " Omonge Wantinah tanggaku, nginguk seka cendela hedehh... Siap siap dadi bahan gosip emak emak kampungku iki hedehh.
" Asembuh iki Naah..! "
" Mbak Diyah po kung? " Takone Wantinah.
" Lha yo sapa meneh..!, isuk isuk wes gawe geger..! " Omongku
" Sugih, saiki yo kung.. !, mobile Fortuner "
" Wes gek diutangi kana! " Omongku
" Orawani aku kung ! , tulung tembungke, satus wae..! "
" GAAH...! " omongku karo mlebu omah.
 
Bubar rampung ngusungi tak tinggal adus, si Diyah sibuk nata nata .
Bareng aku ngurupke banyu..
" Pet... " Listrik e mati.. Hedehh..
" LOH.. MBAH..?, LISTRIK E MATI YA? "
Kyandani oq...! Batinku , nek tak wangsuli isa dawa urusane.. . aku etok etok ora krungu karo gebyar gebyur.
Ngerti to lur karo dewi persik KW iki?, jenenge Diyah, deknen kui anake almarhum pak Putut, guruku SMA mbiyen, omahe yo sak kampung karo aku, cerak mesjid pinggir dalam kana.
Diyah kui wis tak anggep sedulur dewe senadyan dudu sapa sapa. Gandeng aku cedak banget karo bapake, aku sering dolan, lha sing ngajari aku mancing yo pak Putut kui!.
 
jaman semana angger mancing, mesti ngejak aku. Si Diyah wektu kui jik SD, opo malah isih TK wong kadang sing ngedusi aku, tenan kui kur... Nek kelingan ngguyu dewe aku, nganggo ember gedhe seko seng kandel kae lho lur, trus tak semprot nganggo selang, bar kui nek ora tak dusi ora gelem adus, mboke nganti judek .
Bocahe ki ket mbiyen pancen keras, galak, karang yo anak tunggal. mboke Diyah kui yo guru SD dadi mben esuk do sibuk dewe dewe . Dadi si Diyah lulut karo aku kawit cilik.
Lha .. Semenjak pak Putut seda, aku trus jarang dolan rana. Yo Ming krungu kabar nek si Diyah kui bar lulus kuliah akademi akutansi , trus dipek bojo Dokter trus manggon neng Jawa Barat.
Lha kok saiki wis bali rene wes dadi randha .

Berarti hidup itu ming singkat yo luur... Bener yen do ngomong nek urip kui ibarate ming mampir ngombe, ning yo madang barang .
Ning ojo salah sangka lho lur, tekan saiki aku isih nganggep nek Diyah kui adiku , sedulurku dewe dadi blas ora ana perasaan apa apa.
Nek umpama sak liyane Diyah jelas wes tak..... Tojeh tojeh.. Wkwkwk lumat habis pok men . Ora khilaf teb tak khilaf khilaf ke, edan po...!, kucing je cepaki gereh
Diyah saiki usahane, bongsa biro perjalanan kae lho lur, bukak cabang nengendi endi. Pusat e neng madiun po ya?, aku dewe ora pati mudeng. Ambak ambak kaya ngana tapi boss kui, pegawene akeh.
Bar adus, sarapan wes cemepak neng meja,si Diyah sibuk asah asah gelas kopi sing teng klarah mau.
 
" Mbok rasah repot repot ngono kui lho yahh..!, mengko tak asahane dewe, aku ki nek ngasahi nek arep tak nggo kae lho..! " Omongku
" CROBO..!, BAR DIAGEM KUI YO LANGSUNG DIASAHI YO MBAH..!, BEN RESIK, KECUALI KUI ORA MARAI PENYAKIT, koyo nek bar neng WC kae lho mbah.. Langsung cawik ! "
" Aku nek ngising, ora tau cawik, cawike mengko ngising terakhir, percuma to dicawiki, mengko yo bakale ngising meneh "
" JOROOOOOOK...!, NJIJIKIII..! , wes gek dahar gek tak asahane! " Omonge Diyah
Lagi arep sarapan, krungu swara helikopter alun alun mandek neng ngarep omah.
" Edek.. Edek.. Edek.... Edek..... Edek... Greg! "
" Klek! "
 
Aura buruk muncul..
" Eeeeee.., ada mbak Diyah..! "
" Sarapan Pee...!, njikuk piring kana! " Omonge Diyah
" Ok.. Siyaaaap..!, woooh.... Saiki duwe lemari es barang, kemajuaan... Wah isa nitip iwak hasil mancing iki! " Omonge si P karo mbukak kulkas
" WEDYAAAAAN...!, isine komplit...! " Omonge si P karo njikuk seprit
" nggone Diyah kui..!, dititipke kene! " Omongku mengko ndak dikira aku sing tuku.
" Mengko sida mancing, to kung? .golek lawuh to? "Takone si P
" Hayo sido lah..!, bar sarapan, mangkaaat..! " Omongku
" ORAAAAK....!, ORA ANA ACARA MANCING MANCINGAN SAIKI..!, LAWUH AKEH..! " omonge Diyah
" KOWE NEK AREP MANCING, MANCING O DEWE..!, RASAH NGEJAK SI KUNG..! "
Matih awaku
" Ssst.., mengko enteni neng.. Pojok desa.. " Omongku bisik bisik
" assiaaap.. "
------------------------------------------------
Tak bacutke ndobosku ya lur..
" POKOKE DINA IKI ORA OLEH MANCING..!, Ming mancing we kak ya dipeng pengke!, mbok didelok, latar sukete nganti njembrung ( ketel), pokoke mengko kudu diresiki, ben ketok rapi, disawang yo penak. Dina minggu kui dimanfaatke dinggo resik resik omah !, ora malah mancing..!, mancing kui oleh ning yo ora mbendina, wes do gedhe gerang tuwo do ora duwe pikiran..!, nganti do telat rabi, sesok nek wes do krepo lara laranen, sapa sing arep ngopeni, dadi uwong kok egois banget , sing dipikir ndina ndina Ming manciiing wae..!, nganti awake gosong, ambune kecing..!, ngono og bangga.. Hiburan og mbendina..!, iki arite, karo sosroke, bar kui njur disaponi! , aku tak nyaponi njero karo ngepel, nguras bak kamar mandi, banyune nganti kebak uget uget! " Omonge Diyah dowo koyo sepur

Aku karo si P, langsung klepat metu njobo njabuti suket..mbang kena semprot dam kar..Hedehh
" Rumangsaku wong wedok nek omong kok iso dowo banget yo kung? "
" Hayo wajar lah..!, lambene kan loro! " Omongku
" Pancen wong wedok kui menurutku, mahluk yang membingungkan! "
" Maksudmu! " Takonku
" Lha nek saiki, wong lanang, ora mancing, ora ngudud, ora ngopi, njur lanangan opo kui? "
" Lanangan taeek..!, wkwkwk..! "
" NEK KERJA, ORASAH KAKEAN OMONG..! " bengoke Diyah seko njero omah
" Cen ditaktor tenan oq, mbak Diyah ki! " Omonge si P bisik bisik.
" Pantesan dipegat bojone.. Wkwkwk.. ! " Omongku
"Sssttt.. Stttt..! "

" Pek en, bojo wae kana pee.. !, mbangane kowe Ming ngocak ngocok karo ndelok vidio porno!, ngerti ora kowe?, wong sing gaweane ndelok vidio porno sok nek mati mayite ambune telek! " Omongku
" Lha wong sing gaweane ngirimi vidio porno we kowe oq, ... Isa isane ngomong ngono! " Jare si P .
Lagi cekikak cekikik sinambi njabuti suket, ana mobil patroli teka.
" Goleki kowe kung! " Omonge si P.
Ora pangling, polisi lintas Provinsi teka , sapa meneh nek ora kang Ahmadi kadir karo anggotane.
" Assalamualaikum, .. lagi do ngopo to iki ?, ndingaren ora do mancing! " Omonge Ahmadi
" Ssstttt..! Ono diktaktor neng njero omah ! " Omonge si P
" Sapa ta? "
" Mbak Diyah..! "
" Owalah... Sing mbiyen nusul tekan bali kae po? "
" Iyess..!, wes neng kene wae mbangane kowe mengko kena semprot! " Omongku
" Pe.. Kowe tiarap njur, alat pancingku, tak delekke neng samping omah jukuken alon alon trus lebokke mobile Ahmadi, trus.... Kaaaatttt..! "

"Oke siaap..! " Omonge si P trus gage mrambat mrambat kayo tentara latian perang
" Aku ora arep ngejak mancing ki! " Omonge Ahmadi
" Lha ngapa kowe Rene? " Takonku
" Iki ana masalah penting banget ! " Omonge Ahmadi
" Wes.. Iki kung..! " Omonge si P mrambat mrambat karo nyeret tas pancing.
" Ora sida pee..!, balekke kana!, aja nganti konangan Diyah!, iso di oklek oklek mengko! " Omongku
" Wooo... Asuiii..! " Omonge si P mbalik karo tiarap.
" Masalah penting apa? " Takonku
" Kasus pembunuhan mutilasi! " Omonge Ahmadi serius.
" Loh ana tamu ta..!, kok ora dijak mlebu omah to mbah...! , wes leren sik mbah !, teruske sok minggu meneh, iki wis tak gaweke unjukan teh jahe, ben seger awake..!, loh kang Pee.. Mau nengendi mbah? " Takone Diyah
" E.. Nganu lagi ...! "
" Lagi ndelikke alat pancing mbak! " Omonge Ahmadi.
" Wooo... Polisi asuii..! "
--------------------------------------------
" Nah kene kene, ngiyup ndisik, ngrasake teh jahe ala mbak Diyah, monggo lho pak polisi!, niki pun kula gorengke gedhang barang " Omonge Diyah.
" Jebulnya njabuti suket itu bikin capek ya mbak Diyah, boleh lah nanti saya dipijit! " Omonge si P
" Njaluk di idak idak ndase po piye? " Omonge diyah
Wkwkwk.. Modar cocote batinku
Bareng wedange tak ombe.. Bajilak, .. Koyo wedang uwuh.. , rasane aneh
"Piye mbah..?, seger to! " Takone Diyah.
" Sip..!, seger banget! " Omongku, ingat lur.. Pepatah mengatakan, wanita itu selalu benar dan tidak pernah salah

" Iki ngene kung..!, aku bar wae entuk kabar seka kancaku, Pak Baron, deknen tugas neng blitar, ngandake nek mau isuk ditemokke jenasah dalam koper neng kali, posisi ngisor jembatan ! "
" Jembatan ngendi?, takonku
" Jembatan, karangggondang, kae lho kung awak dewe sok liwat! "
" Ngendi kui? , ora mudeng aku! " Omongku
" Alahh.. Nek arep neng kuta mblitar kae mesti liwat, nek ra kleru daerah udanawu opo ya! "
" Oalahh.. Jawa Timur to? "
" Iya..!, sing weruh pertama jare wong ngarit ! "
"Lanang po wedok kui korbane ? " Takonku
" Lanang! , iki lho aku dikirimi gambar gambare " Omonge Ahmadi.
Foto potongan potongan tubuh manusia, dilebokke neng njeru tas koper, jian sadis tenan nek iki
" Paling sing mateni bojone kui, kang..!, sing jelas pelaku sangat mengenal korban! " Omongku
" Iyo.. Ning iki angel le ngidentifikasi korban, mergane tidak ditemukan potongan kepala korban! " Omonge Ahmadi.
 
" Waduh angel iki! "
" Makane, aku njaluk tulung kowe, kowe kan isa ndelok ghoib, barangkali arwah korban isih neng lokasi! "
" Njur nakoni arwah tanpa kepala?, njur piye kui, nek le nakoni sih isa wae, deknen le njawab kui sing repot! " Omongku
" Wes pokoke aku percaya karo kowe mbah!, aku yakin kowe isa! " Omonge Ahmadi.
" Perkiraan kematian? " Takonku
" Dari hasil visum, perkiraan waktu kejadian tadi malam! " Omonge Ahmadi
" Ono mbelgedhese ora iki? " Takonku
" Wah saiki njur nggo bisnis! " Omonge si P
" Ya jelas lah.. Dadi uwong ki kudu realistis! "
" Bener mbah!, tak dukung..!, timbang nggrundel neng mburi, mending, pait nengarep, iya ta mbah..?, pokoke aku menejere mbah kung! " Diyah melu omong hedehh..

Wong wedok angger urusan duit kok ya ngertii.. Gumun aku.
Ha nek nganti duwit ding nyekel si Diyah urusane meng pait iki
" Hayo jelas ana to ya, seperti biasa! " Omonge Ahmadi.
"Aku tak takon kang, jan Jane sapa ta sing nyeponsori (mbiyayai ) .kegiatane awak dewe selama iki? "
" Pokoke ana lah..!, kowe orasah perlu ngerti!, sing penting kowe butuh pira mesti ana! " Omonge Ahmadi
" Ha nek kowe, ngerti jelas mbok tembus I dewe, Ahmadi mati pangane! "Omonge si P nyekekek.
" Njur kapan le arep neng mblitar? " Takonku
" Nek isa secepatnya, selak mesake jenasahe! " Omonge Ahmadi.
"Arep numpak apa? " Takonku
" Manut kowe njaluk numpak apa? " Takone Ahmadi.
 
" Kowe melu lho pe..!, ngancani aku! " Omongku
" Ngaggo mobiku wae mbah!, mengko aku nunut, tekan sragen, arep niliki kantorku sing neng kana!, ning ya kui, ona uang sewane! " Omonge Diyah.
" Beres..! " Omonge Ahmadi
" Ha niat mbokmu mbok tinggal! " Omongku
" Mbokku melu lah, karo sisan niliki omahe simbahku! " Omonge Diyah
" Yowis mengko sore tak ampiri ya kung! " Omonge Ahmadi
" Aku yo tak bali ndisik, ya mbah tak tata tata..! " Omonge Diyah pamit mulih.
----------------------------------------
Tak bacutke cerita perndobosanku ya lur..
Bakdo Asar budal, seka jogja bablas neng blitar. Mangkat wong lima, aku lungguh jejer sopir. Diyah karo mbak Sri lungguh tengah, si P neng mburi dewe.
Ahmadi le nyopir jian koyo setan, dasar kendaraan e weton taun anyar dasare yo banter. Bis bis suraboyonan sasaki kabeh. Tekan kartosura mlebu tol, le mancal gas soyo edan. Mlayu 140 -160 , Ming gumunku sing lungguh mburi isa isane do turu og piye.
Jam setengah wolu wes tekan sragen , ngeterke tekan omahe mbahne Diyah.
" Ora suwe to mbah?, mengko nek bali jogja ngabari yo mbah! " Omonge Diyah
" Siap boss..! "Omongku singkat

" Ati ati lho mbah! "
Iyo iyoo..!, wis tak langsungan! "
" Ora mampir ndisik? , ngombe ngombe wedang ! "
" Ora..! Ora ndak kesuwen! " Omongku
 
Bablas meneh mlebu tol, wesss... Gas pol.
Kendaraan solar kok isa banter yo.. Gumun aku.
Jam setengah rolas , wes tekan Blitar . Sing dituju jembatan le dinggo ngguwang korban mutilasi.
Jam setengah siji wes tekan lokasi.
"Kene po kang, lokasine? " Takonku
" Nek kabare, pak Baron yo kene! "
Aku gage mudun, neng kali, ndelok ndelok kahanan, mbok menawa demite korban isih gentayangan. Aku dikancani kang Ahmadi, si P ora melu, alesan e ngantuk...
"Padune jirih! "
Sepi nyenyet Ming swara kodok, karo jangkrik , tak turut mudun mbok menawa isa nemoni arwahe korban, merga miturut kabar, sirah e durung ketemu.
Nek tak pikir kaya wong edan ya lur, , adoh adoh seka jogja , ngetokke biaya okeh Ming arep ndelok kali.. Hedehh.
 
" Piye kung?, ana tanda tanda korban ora? " Takone Ahmadi.
" Wah.. Ora je kang!, blas ora ono sing tak goleki!, misi gagal nek iki kang, piye? "
" Hayo wis, piye meneh nek pancen ora ana! " Omonge Ahmadi
" Bisa jadi, sirah e korban ora dibuang neng kene kang! " Omongku
" Opo mungkin dibuang neng sebelah nduwur jembatan? "
" Ora kang!, korban pembunuhan biasane arwahe, nek ora nyedaki jasadte, yo nyedaki pembunuhe, biasane lho iki " Omongku
" Wah yo angel juga, yo kung!, korbane durung diketahui identitase apa meneh pelakune, tangeh lamun kecekel yo kung! "
" Aku duwe keyakinan, nek sirah e dibuang ditempat lain iki kang!, nandake nek si Pembunuh cerdik, dan mesti lebih dari satu orang! "
" Nek perkara kasus iki terungkap apa ora, aku yakin mesti terungkap, merga pembunuhan utawa menghilangkan nyawa orang, Gusti Allah ora ridho..!, mesti ngenehi dalan, wes percaya aku kang! "
" Yowis, nek ngono awakdewe istirahat ndisik..!, karo pak Baron wes dibokingke hotel " Omonge kang Ahmadi
 
Bareng tekan mobil,
" Madhange kapan iki? " Omonge si P
" Kowe ki sing dipikir Ming madang! " Omongku
" Lha ngeleh je..!, ora madang isa semaput iki! "
" Yahene ki arep golek madang apa? " Takonku
" Nek neng kene anane Ming bakmi surabaya nan! " Omonge Ahmadi.
" Opo wae lah, sing penting madang, weteng ki nek ngelih ora isa turu jee..! "
" Kowe ki ket mau micek yo suu..! " Omongku
___
Perjalanan menuju hotel
Ndilalah kok ya isih ana warung, bakmi dan sega goreng bukak..
Bakule malah wis turu , sajake durung kepayon.
" Mas mas..!, sego goreng telu! " Omongku nggugah bakule.
" Ow.. Ngih..!, pedes mboten? " Takone bakule
" Ora biasa wae, pedes sitik! " Omongku
 
Bakule gage ngracik sega goreng trus ngurupke kompor.
Karo ngenteni le masak sega goreng, do jagongan karo ngudud .
Ndilalahe aku nyawang, ono wong ngadek neng cerak grobak bakmi. Jian nengarep bakule sega goreng persis, Ming gumunku kok uda, tanpo sandangan blas.
Bareng tak matke tenan,.. Wooo.. Ndase oq ora ana!,

CIANDAK ORA KOWEE...!
neng batin aku ngguyu ngakak. ..
Digoleki tekan ngisor, jembatan je.. Jebul malah arep melu jajan sego goreng.
Wes genah bakule sega goreng, jelas terlibat kasus mutilasi iki.
" Kang..!, aku mau lak kondo nek Gusti Allah, bakal meneh I dalan to! "
" Iyo..!, msksudmu! " Takone Ahmadi kepo.
" Lha sing digoleki, malah melu jajan ngono oq!, kae neng ngarep grobak ana gembung tanpo sirah! " Omongku
Si P, sing melu ngrungokke reflek langsung njrantal mlayu sipat kuping..
Kang Ahmadi kaget arep ngoyak si P, ning tak cegah.
 
" Ora usah dioyak!, dinengke wae, mengko lak bali rene dewe! " Omongku
Ora suwe trus kluntuh kluntuh.. Si P bali meneh, karo raine ditekuk.
" Kok bali meneh pe? " Takonku
" Ngelih.. Oq..! " Jare si P ora wani nyawang aku
" Mbok dadi uwong ki sing sopan, nek dijak omong ki raine madep Rene! " Omongku
" Gah..!, Ming arep mbok idoni mataku to..!, ngerti aku watakmu! " Jare si P wes su uzon .
" Ngopo e mas kok mlayu mlayu?, nglindur po?" Takone bakule sega karo ngguyu .
" Jenengmu sapa e mas? " Takonku
"Aris, mas..!, Aris munandar! " Omonge bakule sega
Kowe durung tau ngerti rasa takut yang sebenarnya yo ris.. , batin atiku..
------------------------------------------------------------
Tak bacutke cerita perndobosanku ya lur..
Gandeng Ahmadi wes, percaya karo aku, babagan perdemitan.
" Lha rencanamu piye kung? " Takone Ahmadi bisik bisik.
" Sing penting awakdewe madhang ndisik, ora usah kesusu mengko bakule tak, leletane matane nganggo kemandenku, Air Surgawi , kowe sisan ora pee? " Takonku
" Ojo tenan kung..!, gojegmu ki kadang, keterlaluan lho kung..!, aku wes ampun tenan nek iki! " Omonge si P melas
" Oke, ning yo ngewangi nyambut gawe! " Omongku
" Wes pokoke aku siap, mbok kon ngopo wae aku manut ,waton ojo mbok kek I gadulmu! " Jare si P
" Ning nek ndelok rupamu ki kaya ora percaya nek ana gembung tanpo sirah! "
" Percaya suuuu...!, jingan I " omonge si P, trus lungguh e pindah rada ngadoh
" Maksudku, apa perlu, aku ngundang kancaku polisi, kayane deknen piket, wong WA ne isih online! "
" Yo rapopo !, malah gen ndang rampung urusane, ning yo kui, ojo nganggo seragam dinas , ndak curiga! " Omongku
" Woh siaap..! "
 
Nasi goreng datang
Hidup madhang ! , ora madang semaput!
" Unjukane napa nggih pak? " Takone si Aris munandar
" Teh panas telu..! "
" Siaaap! " Omonge Aris karo gage nggawekke wedang.
Bubar do madang, wareg.
" Piye kancamu kang? " Takonku
" Wes OTW..! " Omonge Ahmadi kadir
" INI SAATNYA WAKTU PERTUNJUKAN DIMULAI "
" Kene duite tak nggone mbayar sega goreng! " Omongku
"Pira? "
" Rongatus wae! "
" Urung urung wis mbathi! " Cangkeme si P ajar omong
" Crewet! "
" Pinten mas Aris ? " Takonku
" Nasi goreng tiga, teh tiga, dadose empat puluh sembilan ribu! "
" Nyoh..!, seket ewu rasah susuk! " Omongku nggleling .. Horang kayaa..!
" Matur nuwun pak! " Omonge Aris
" Sik sik mas..!, mripatmu ana regetane! " Omongku langsung tak cekeli sirah e trus.. Cuh.. Cuh..!

Aris langsung gebres gebres
" Wah.. Idune muncrat pak! " Omonge Aris karo ngucek ngucek matane..
" Orapopo..!, mbangane regetan e mlebu mata malah bahaya..!, iso marakke katarak ! " Omongku
" Aku tak lungguhan neng kono sedelo ra popo ya! , ngenteni kanca! " Omongku
" Monggo pak, mboten napa napa! " Omonge Aris munandar, karo tata tata arep kukut.
Ora suwe air surgawi wes mulai beraksi, Aris matane mendelik, awake ndredeg, wajane nganti diuncalke trus mbengok
" ASTAGHFIRULLAH HALADIIIMM.. LAILAHAILAWOH ALLAH UAKBARR..! , ALLAHUAKBAR..!, ALLAHULAAA.. ILAHA.. ILAWOOH HUEAL KOIYUKOIYUUUM, LAAATAK KHUDUHU WALNAUUUM..... dst "
" Ngopo e mas? "
" ADA HANTUUUU... PAAK... !, ADA HANTUUU...! "
" HANTUNE SAPAAA..? , ENDIII...? " takonku etok etok melu panik
 
"ITU.. BUDI IBRUUUT... PAAK...!, BUDI IBRUT BANGUUN LAGI.. PAAK... AMPUN BUUUD... AMPUUN...! " bengoke Aris awake ndredeg,katoke teles merga langsung ngompol ngenggon hedeehh
Padahal demite ki ora ana sirah, lho.. Kok ngerti nek budi ibrut,.. ?, wiss..Genah iki salah satu pelaku pembunuhan batinku
" Budi ibrut sapaa..? " Takonku sengaja ngorek keterangan
" GURU SD...... KEDIRI PAAAK...! , ASTAGHFIRULLAH... HALADIIM... AMPUUIN... AMPUUIN....! " omonge Aris nangis ngguguk nutupi raine karo bola bali maca ayat kursi.
Lha gene pinter ngaji barang!, kok kelakuane kaya bajingan!. Batinku
Bareng karo tekane Pak Baron sak wadyo balane. si Aris munandar diglandang neng kantor polisi, untuk dimintai keterangan lebih lanjut.
 
Lega rasaku wes ana titik terang, masalah kasus iki.
Iso cair maseeeh
Korban bernama Budi ibrut, seorang guru honorer salah satu SD negeri daerah kediri.
" Wes kang, seka keterangan e si Aris munandar, mengko kebongkar kabeh kasus iki! " Omongku
" Selamat yo kung, kowe pancen hebat! " Omonge Ahmadi .
" Seng hebat kui dudu aku yo kang, si P kui lho sing hebat! " Omongku
" Nek ora ana aku ora bakal jajan yo kung! " Omonge si P nggleling,
" Wes, saiki nggoleki, hotel e , selak ngantuk aku!, kasus iki pasrhke Pak Baron ben dirampungi " Omongku .
" Siaaap! " Omonge Ahmadi

Nek tak pikir terkadang gusti Allah kui, lucu ya lur , meneh I dalan malah seka wong wong ora penting koyo si P kui..
Makane lur.. Ojo sok merasa paling cedak karo Gusti mengko ndak marakke takabur ( sombong)
-----------------------------------------------------------
Seka temuan pelaku pembunuhan mau bengi, bakul sega goreng, sing jenenge Aris munandar, kasus iki trus ditangani kepolisian Jawa Timur.
Dari keterangan tersangka ternyata dugaanku bener, potongan kepala korban dibuang, neng kali daerah kediri. Dadi potongan tubuh e di buang neng blitar, sirah e dibuang neng kediri.
Karepe ben angel dilacak yen ono sing nemoke jenasah korban.Dina iki tim SAR Jawa Timur lagi nggoleki, potongan kepalane.
 
Seka pengakuane Aris munandar, sing inisiale AM ditemukan bukti baru, ternyata ada pelaku lain, sing jenenge inisiale SA. alias Sulistyo Asmoro.
Didelok seko jenenge wae, wes isa ditebak nek hombreng , alias homo, alias penyuka sesama jenis
Sakjane kasus iki sangat membingungkan, dan menjijikkan .
Dadi ceritane ngene lur.
Berawal dari bakulan molen, Terjadi cinta segitiga antarane, Aris munandar, budi ibrut, karo si Sulistyo Asmoro.
 
Lak wes gemblung to kui lur.. Hubungan cinta lanang do lanang og piye , hedehh..
Aku Ming mbayangke we langsung mual mual .
Intine wong telu kui wis do silit silitan lah. Wes sumpah setia ora bakal berhianat satu sama lain. Pokoke cinta sampai mati..
Wektu kui wong telu wes do arep pesta silit, neng kafe daerah mblitar , ora adoh karo papan sing di nggo mbuwang jenasahe budi ibrut.
Kafene kui nggone tersangka Sulis.
Neng kono si korban cerita, nek deknen wes ditampa kerja dadi guru honorer neng kediri. Nah karo wong tuwane , budi arep dikawinke karo wong wadon dalam waktu dekat.
Dadi ceritane do cemburu, nganti terjadi cek cok, akhire do gelut. Merga si budi wes nglanggar sumpah setia. Trus terjadi kasus pembunuhan kui lur...!, lak yo ora mutu banget to kui?.
Saiki sing jenenge Sulis, lagi diburu polisi Jawa Timur, kabare deknen melarikan diri ndelik neng Jakarta.
 
Ning aku yakin hambok ndelik neng leng semut paribasane sesok mesti kecekel. Polisi Republik Indonesia ki hebat hebat, opo meneh sing enom enom canggih canggih.
" Kok isa yo kang, perkara cemburu we nganti tegel mateni! " Takonku karo Ahmadi
" Tak kandani ya kung.., menemukan pasangan gay, kui kan angel, dadi nek cemburu ngungkuli pasangan lanang wedok! " Jare Ahmadi.
" Iki ketmau mbak Diyah wes WA terus, takon wes rampung durung? , jare ngubungi kowe ora tau diangkat! , hpmu ora mbok aktifke po?." Takone Ahmadi.
" HP ku we malah keri! " Omongku hedehh.. Calone ten keno semprot damkar iki
" Kok ora tau ngubungi HP ku yo? " Takone si P.
" Hambok langsung ditembung wae kana pee..! " Omongku
" Nek karo aku jelas, beda keyakinan!, aku yakin gelem deknen yakin ora! , mbok kowe kui lho kung..!" Omonge si P.
" Ora peee..!, Diyah kui wes tak anggep adiku dewe! " Omongku
" Ojo ojo kowe kui yo homo kung! "
" MATAMUU...! "


" Wah kudu ndandake cawet seka seng iki kang..!, dinggo perlindungan! " omonge si P
" PREKK... ASUII..! "

" Mengko duite ojo dikekke Diyah kabeh lho kang..!, ora isa tuku udud mengko aku! " Omongku
" Kowe ki nek karo demit kendele ora umum, nek karo wedokan jirih! " Omonge si P
" Aaa... Crewet..! "
" Asline Wong lanang ki Ming diapusi tok, karo wong wedok! " Jare si P
" Kok isa? " Takonku
" Lha contone.. Iki awak dewe nganggo mobile Diyah, itungan e nyewa, mangka deknen neng sragen nunut, baline mengko isih njaluk kon metuk!, lak pada wae diapusi to! "
" Wooo... Tak kandakke Diyah mengko! " Omongku
" Ojo kung..!, asui.. Ido didamprat entek entekan aku mengko! " Jare si P

============ TAMAT ===========

Ana paribasan "OJO CEDHAK KEBO GUPAK " sing tegese ojo nyedaki samubarang sing regret, sisil sembire bakal ngenani awake dewe.
" Wis ditulis neng kitab suci Al-Quran, nek kaum gay kui dilaknat karo gusti Allah kawit jaman nabi lhut AS. Nganti kutha shodom dimusnahkan , diwalik kutane saiki dadi laut Mati cedak palestin
Salam rahayu, semoga kita selalu dilindungi karo Gusti sing Akaryo jagad sak isine.

Lokasi Kaweden