Kaweden MY.ID adalah situs tempat berbagi informasi terkini dan info penting lainnya. Kritik dan saran silahkan tulis di contact. Kunjungi juga situs Ruang Baca

Misteri Hantu Gondrong berkepala Botak

Misteri Hantu Gondrong berkepala Botak

Misteri Hantu Gondrong berkepala Botak

Story by : Dokter Kung Top


Setu sore, hari yang menyenangkan, dasare bar tompo rapot to lur.. . Ora okeh sih.. Ning yo lumayan ora ketang, sok senen wes mengkis mengkis meneh, rumangsaku duit kok Ming liwat tok, lha saiki opo opo serba mahal, duit satus ewu kui lho lur..!, dinggo tuku rokok, sesok wes entek, tal til tal til, . Itulah yang disebut... Perjalanaaann.., awak dewe tau duwe, bayangan.. Sesok yen wes wayah omah omah.. Aku moco koran, sarungan.. Kowe blonjo golek utangaaan..!
Realita tak sebanding lurus dengan ekspektasi. . Wes rasah sedih..!, kancamu akeh..!.
Pokoke.. Sesok mancing..!, nenangke pikir, gojeg guyon karo kanca pekok pekok, malah menambah imun.. .
 
Bali adus, madyang, mie lawuh sego. Pokoke nek nganti kowe durung tau ngrasakke mie instan lawuh sego ceplus lombok rawit le metik nggone tanggane, bar madang golek asbak, mbok menawa ana tegesan sing isih iso disumet nganti nylomot lambe, ..kui berarti uripmu kurang syahduuu..!
Eee.... Ngrakit pancing, bar subuh mangkaaatt..! .
" Mbuaah...!, mbaahh...! "
Hedehh... , ora pangling karo suarane.. Wingi ki wes rong ndina ora mara je.. Hakok saiki njedul..

Peralatan pancingku langsung, tak sampar mlebu kolong mejo..
" Iki lho mbah..!, tak tumbaske sepeda..!, apik iki..!, regane larang, dicoba mbah..!, sesok esuk tak ampiri, kita goes bareng ya mbah..! "
Tak sawang Diyah numpak pit, karo nganggo helem, kocomoto ireng, kaos karo katokke metet, sepaton,... Hhh.. Iki ki maksude.. Apaaaa... Jian gumun aku karo cah siki iki..

" Karo iki mbah..!, dicoba, kaos karo katokke, wes tak tumbaske, komplit, sak heleme barang, giloo...! "
" Aku..ki..Aku.. Ehh.. ! "
" Wes to mbah..!, gek dicoba..!, pas ora?, kayane pas..! "
" Nganu..! "
" Iki mengko kembaran karo aku, mbah..!, sesok tak ampiri, bar subuh, mergane, minggu depan aku ana acara. Ceritane ngene mbah, pejabat pejabat madiun arep do goes bersama, rencanane arep goes neng jogja! "
 
" Ngepit seka madiun tekan jogja? "
" Yo ora to mbaaah..!, seko madiun tumpakke bis, lha mengko start seka hotel, makane sesok aku arep surfai golek lokasi, kancani aku yo mbooh.. Plisss.. Pliss.. Pliss..! "
" Nek liyane aku we piye to..?, aku ki sesok arep ana acara je..! " Omongku nolak alus.
" Yo ora kudu sesok kok mbah..!, pokoke kancani yo..! " Omong e Diyah..
" Mbok karo si P wae kana..! " Omongku
" GAAH...!, POKOK E.. KARO NJENENGAN.. TITIK! "

Wong wedok ki nek wes metu kata kata.. ' POKOK E..! ".. Hess.. Doncit terus.. .
" Yo.. Ning wegah aku nek ngepit, kowe ngepit, aku numpak motor! "
" Wuuu.. Yo ra asik no mbah! "
" Lha kowe asik, boyokku isa pindah ngarep yah..!, dasare aku ki ora hoby pit pitan , ket jaman sekolah wes tumek aku yah..! "
" Ben sehat mbah..!, awake ben kenceng ngono lhoo..! "
" Hass.. Arep nggo ngencengi apahh..! "
" Loh mbah, pitike sing leku ngenehi mbiyen kae nengendi?, ucul po?, kok kandange kosong? "
" Tak beleh..! "
' loh.. Kok dibeleh to?, kae ki nggo nek ana sega sega turah, opo panganan turah, isa dipakakke pitik, njur isa ngendog, isa diteteske apa ndoge di goreng! "
 
" Kesuwen yahh..!, beleh rampung, urusane.. Pingin mangan endog, ndadak ngenteni pitike ngendog ndisik, tur neng kene ora ana sega og turah.! , mbeleke ngambon ngamboni yaah!, sesok meneh ki nek tetiku ki mbok taren ndisik! "
" Lha njenengan nek di WA ora tau mbales! "
" Ora duwe.. Kuota yaaahhh..! "
" Kene tak tumbaske..! "
" Gah..!, sesok wae tak tuku dewe! " Omongku
" Kulanuwuun..!, asalamualaikum..! " Ono swara wong wedok
" Sapa kae mbah..?, kok ana wong wedok? " Jare Diyah.
" Lha embuh..! "
 
Bareng tak inguk, jebu Putri, mbok e enjel!
" Walaikumsalam... Loh put..!, njanur gunung, sore sore tekan kene, mlebu put..! "
" Aku mau awan wes rene je kung, ning jare tanggamu kowe lunga! " Omonge putri
" Kok dewekan, enjel nengendi?, bojomu? " Takonku basa basi
" Mas Anton, tugas luar kota je kung..! " Omonge putri
" Lha Enjel..? " Takonku
" Lha.. Iki aku ndene ki, yo perkara Enjel kui! " Omonge putri
' sik put, tak gawek ke wedang yo..! "
 
" Rasah repot repot kung, aku ki Ming mampir sedilit..! "
" Heleh... Gayamu put..! " Omongku karo mlebu dapur
' Sopo kui mbah..! " Takone Diyah rupane mrengut koyo singo.
" Kancaku."
" Pantesan tuwek..! "
" Tuwo yo mbok ben to..! "
" Tur ora manis..! "
----------------------------------------
Sore sore diparani Putri
Ngerti to lur, karo si Putri?, alah..ibune Enjel , bocah indigo kae lho..!, ( misteri hantu kamar mandi).
Putri kui mbiyen mantanku . Ning seprene deknen ora tau gelem ngakoni . Deknen kui kanca seka SD nganti tekan SMA. Sempat pacaran aku lur.. Tau tak jajake bakso, jaman bakso isih rego rongewu mangatusan. Wes tau tak jak tekan MBEBENG.. Boncengan pit jengki , cah saiki ra ngerti MBEBENG. .
 
Ning hubungan kami kandas, gara gara masalah klasik, tidak disetujui oleh orang tuanya .Asline gara gara masalah sepele.. Lho lur.. .awan awan panas semlenget kae,Bapake putri mbenakke gendeng trus andane tak delikke.. Ha nggriseni e.. Sliwar sliwer wae . Bar kui aku di putus .
Bar kui njur kluargane putri pindahan, mbuh kena apa, paling kena kasus .
Ketemu putri meneh pas ana acara reunian, dadi malah cedak tekan saiki.
 
" Enjel ngopo e..? " Takonku
" Hiss.. Jan cah kae ki, terobsesi kaya kowe je kung, mbongkar mbongkar kasus misteri ngono , lha wingi ki jare deknen nulungi arwah ibu karo anake, lha kok ana sing ora trima, trus malah nyerang deknen, saiki enjel lara, awake bitu bitu kaya memar kae lho kung, aku lak yo kuatir banget " Omonge putri.
" Kui sing, ora trima, ujud uwong, apa demit? "
" Hayo sing raketok kui, omonge enjel! " Jare Putri
" Kok aneh? "
" Makane kui..!, ora seneng lho Jane aku, si enjel duwe kemampuan koyo ngono kui, nek umpama di ilangi piye to kung? "
" Ora isa..! , kui bakat alam je..! "
" Dirukiyah..!, umpamane? "
" Percumah,.. Aku kui lho.. Dirukiyah bola bali ora ana hasile , malah tau ustadte tak tonyo matane, nganti biru, lha aku digabloki gegerku banter banget, jare ana jin manggon awaku.. Hh.. Jin kopet po..! "

" Ming gumunku, enjel kok isa kalah ya..? " Omongku
" Jare demitte medeni banget kung, rambute gondrong ning sirahe botak! " Omonge putri
" Gondrong ning botak ?, ojo ojo kontol kui...! "
" Uduuuu.... Wuuu... Saruu..! "
" Lha sing bentuke, koyo ngono ki Ming kui je..! "
" Serius to kung! "
" Monggo..!, niki unjukane, ndoroo..! " Si Diyah njedul, karo penjap penjep.. Hedehh..
" Nuwun yo yah..! ' omongku
" Sesok tenan lho mbahh..! "
" Apa to? " Takonku
" Sing mau tak critakke kae lhoo..! "
" Oalah.. Pit pitan to..!, ojo sesok, sesok aku ana acara..! " Omongku
" Acara apa?, mancing? " Takone Diyah
" Lha Iyo.. Wes kangsen karo si P je..! "
" Hasss... Ajeg..! , wis tak bali sik!, pokoke senin kudu iso..! " Omonge Diyah meksa.. Hedehh
Assalamualaikum...

Mak petungul si P, teko trus menyapa si Diyah.
" Weee....ada mbak cef Renata..!, lama tak jumpa, mau kemana inih..? "
" ORAAA.. URUSAN..! " Omonge Diyah trus nggeblas numpak pit .
" Sapa e kung? " Takone Putri.
" Ohh... Adiku..! "
" Diyah ngopo e kung, kok aku teka teka disemprot..! " jare si P
" Lha yo embuh, kok takon aku! " Omongku
' Weeee... Ada mbak puput..! "
" Piye kabarmu mas Pe..? "
" Apik apik wae mbak..! "
" Tak kira kowe ki ragil je kung jebul isih duwe adi to ? " Takone Putri.
" Adi ketemu gedhe..! " Jare si P

" Oalah...!, bojomu to kung? "
" Udu yoo.. Ngarang..!, kui ki anake pak Putut.. Guru SMA ne awak dewe ndisik, kelingan ora? "
" Guru kesenian? " Omonge putri
" Iyo...!, isih kelingan to "
" Lha gek di rabi wae, suwe suwe ngenteni apa? " Jare putri
" Ngenteni randamu je aku ki put,.. Kapan kowe cerai karo Anton? "
" Wes tau ditapuk parut durung kowe kung! "
" Serius.. Iki! "
" Mbooooh..! "
" Lha si enjel endi mbak! " Takone si P
" Nengomah, loro bocahe, ayo kung, ditiliki bocahe! , mengko tak tukokke sate wis! "
" Yo ayo..!, ayo pee.. Aku mbonceng ! "
" Gasss...! " Jare si P
-----------------------------------------------
Bar nyate trus njujug omahe Puput....
Asalamualaikum
Walaikum salam omonge Enjel karo mlayu ngrukep awaku karo mbengok... " Omm.. Kuuuung.! " Ketok nek bungah banget tak tekani.
" Hedehhh... Kowe ki wes gedhe, lho njel..!, mbok ojo kaya cah cilik! " Omongku spontan.
" ENJEEEEELL...! " omonge Puti ngelekke anake.
" Biarin to maah..!, si om kan jarang kesini..! " Wangsulane Enjel.
" Uwis uwis...!, ambune kecut, durung adus mesti..!, wes jam piro iki..!, cah wedok yah mene durung adus..!, iki tak tukokke sate, adus ndisik trus mangan..! " Omongku
" Tak tukokke kaliiik...?, gayamu kung..!, wayahe mbayar do anteng, gayane dolanan HP! " Protese Putri
 
" Ayo masuk om..!, om peee... !, Apa kabarmu..? "
" Baik baik njel.. Katanya ibumu kamu sakit..? " Omonge si P
" Endak...!, ayo masuk om! "
" Cen.. Mbokmu ki senengane gawe heboh..! "Omongku
" Sebenernya iya sih om..!, tapi sekarang sudah agak mendingan, badanku sakit semua, nanti tak critain, aku kalah je om..!, aku dikejar sampai rumah, aku takut..! " Omonge Enjel
" Emange dia nggak berani masuk rumah ! " Takonku
" Loh.. Si om kan dulu pernah bilang , kalo ada apa-apa, lari pulang masuk rumah, hantu manapun nggak akan pernah bisa masuk, dulu si om pernah bilang gitu ".
" Aku kok malah wis lali! "
Pancen omahe Putri ini wes tak tanduri rajah KALA CAKRA tak nggo nglindungi si Enjel.
" Si om kan udah tua..! " Jare Enjel
hedeehh

" Tak mandi dulu ya om..! " omonge Enjel karo mlayu mlayu njikuk anduk.. Hedehh.. Cah wedok generasi micin ki cen keset keset.. Sak Plok ana HP kui lho lur... Hhhh..endi sing tik tokan, megal megol njoget ora ceto.. . Melu prihatin ndelok cah generasi saiki...
Generasi ku mbiyen, wong wedok ki sakdurung asar wes nimbo,bar asar kae wes do adus, trus nyapu latar, mengko ngarepe bedug magrib kae wes do neng langgar, bakda magrib ngaji, bali trus sinau.
Cah saiki, boro boro nimba..!, Ming kari adus we Angelee.. . Coba ta lur, sawangen, jaman saiki hampir kabeh cewek sing agama ne islam, do nganggo jilbab, ning katok karo kaose metet, nganti pres body.. Njur njoget megal megol ora ceto, dividio njur diser... Iki gek jaman apaaa... . Ning yo ora kabeh ngono.. Hampir kabeh

Ojo kaget ya lur.. Enjel iki yo wis tak anggep, ponakanku dewe, deknen ki yo sering jedal, jedul nengomah, kadang malah nginep nengomah, ning si Putri malah blas... Rung tau.. .
" Tuwo neng ra dong..! " Omonge Putri
" Saya tuwo saya pekok! " Si P yo melu komentar.
" Lha yo to mas peee..!, nengomah jelas jelas dicepaki, kok ora gage gage, bocahe yo manis, sak prepetan meh kaya cef Renata..! " Omonge Putri nyindir aku.
" Dewi persik KW! " Jare si P
" Kalian kui do ngomongke apa ta? " Takonku
" Hayo mbak Diyah to.. Sapa meneh..! " Omonge puput karo njewewek njewewek lambene, kaya pingin tak kruwes sisan.
" Mengko dipek mas Pe.. Ribut..! " Omonge Putri
" Nek aku sih... Gass pol tanpo riim..! " Omonge si P ro nyekekek.
" Ojo ojo kowe ki homo kung! " .
" Lambeneee...!, kon ngentu kowe saiki po piye..! , sembarangan!"
" Lha buktine og, yo mas pee..! " Jare Putri

" Tak kandani yo..!, rasah do crewet cangkemu. Si Diyah kui wes tak anggep Adiku dewe, deknen kui lulut karo aku kawit cilik.Aku kui karo kluargane Diyah wes dianggep anak, karo jenate pak Putut merga wis saking akrabe. Gladen nabuh gamelan, mancing, nah Diyah wektu kui isih TK, po yo...si Diyah kui kawit cilik watak e keras, nek ora dituruti ngamuk, nangis mbengok mbengok, nggulung nggulung nganti kadang isin karo tangga teparo, dikira diapakke.Ning gumune nek karo aku manut. Lha Ming perkara adus we aku disusul og piye, terkadang mangan nek ora tak dulang wegah mangan, wong tuwane nganti tobat ngrasake anake. Wektu kui aku yo seneng seneng wae, wong isa nunut madang . Ngono kui nganti tekan SD. Nek ana apa apa, pak putut ki nganti moro mengaku . 

" Tulung, si Diyah dikandani kon ngene kon ngono! " . Nek sing akon wong tuwane dewe Hass... Mbel tut, nek nganti digugu . Dadi ana wong tuwo malah diatur anak ki jaman mbiyen wes ana. Lha bareng pak putut seda, aku jarang ndana. Ora tau petuk si Diyah, dasare yo wis gedhe to, terakhir krungu kabar nek Diyah dipek bojo dokter, trus pindah neng Jawa Timur. Lha kok durung suwe iki mara nengomah jare wes cerai karo bojone. Saiki dadi bos biro perjalanan neng Madiun. Aku Jane yo rikuh karo tangga teparo, mesti dadi rasanan to..!, haning Dasare watak e Diyah, sapa sing wani ?, wantinah tanggaku sing galake kaya singo nek pas ditagih bank plecit we.. Tak berkutik og , ojo meneh Wantinah... Pejabat pejabat madiun kui lho..Bupati, sekda sak jajarane Manut kabeh karo Deknen. Wis tau lho.. Bis e nabrak neng daerah ngendi, njur bis e ditahan neng kantor polisi, diurus si Diyah dewe, sak jam bis e wes isa metu og piye. Opo ra cangkem singo kui jenenge ".

" Ning nek, trus mbok gantung ngono kui mesakke lho kung! " Omonge putri
" Lha nek karepmu aku kudu piye.?, jal tak takon! "
" Lha yo, ditembung wae, ya mas pe.. Ben ana kejelasan, ngono lho..! "
" Nembunge piye jal..? "
" Umpamane,.. Gandeng awakdewe wis sering, bareng, piye nek awakdewe di halalke.. Ngunu.. Wuuu... Ra sak sek! " Omonge Putri
" Woh.. Padake gampang, iki we ya umpama lho.. Nek jawaban e Diyah, mok ojo Gegeden rumongsa kowe mbah, kowe kui wes tak anggep bapakku dewe gantine wong tuaku, ngono kui trus raiku mbok kekke ngendi? "
" Yo ra popo..! " Jare Putri
" Rapopo ki nak kowe..!, nek aku trimo ngombe pil celeng ngglimpang, langsung mati kering, merga saking isine.! "
" Tak tukokke po kung? " Omonge si P

" MATAMU..! "
" Saiki kaya anakmu Enjel, kae, mara nengomahku malah nganti nginep barang, kok kowe oleh? "
" Merga aku wes percaya karo dirimu! " Omonge Putri
" Lha yo padha ta..? "
" Lha maksudku ki, jodoh kan ditangan Tuhan ...
" Jare sapa..?, jodho kui ...pilihanmu dewe, kok nggowo nggowo nama Tuhan. Mengko nek trus Cerai..?, nyalahke Tuhan !.mongko Gusti kui ora tau salah.. ALLAH itu maha benar..! " Omongku
" Malah... Ceramah..! "
" Wes.. Kapan le mu cerai..? "
" Mboooh...!, tak tinggal gawe wedang sik, kopi po teh..? "
" Sak karepmu..! "
" Nek ana ES kopi susu mbak..! " Omonge si P
" Padakke warung..! " Jare Putri
-------------------------------------------------------
Lanjut cerita Perndobosan ya lur..
" Nek tak mat matke si Enjel ki kok rupane kaya mirip kowe ya kung? " Omonge si P
" Ah.. Mosok sih? "
" Tenan..!, sak prepetan mirip, pantes nek dadi anakmu, ojo ojo kowe mbiyen tau khilaf..? " Jare si P
" Lambemuu...!, arepo aku kui, mbiyen ndugal, ning aku kui ora tau yo.. Melecehkan seorang wanita, sembarangan! " Omongku
" Ha ning kok mirip yo..?, Jare mbiyen Putri kui, pacarmu? "
" Hambok di etung, kelingan ora kowe, ( petualangan indigo seri, HANTU KAMAR MANDI) mbiyen kepetuk Si Enjel pertama kae deknen umur pira?, lak isih bocah to?, paling isih SD, umure paling isih 9 taunan, lha aku ora kepetuk si Putri wes 15 taun punjul... Logikane mbok dipakek! " Omongku

" Iya ya..!, kok isa mirip ya ! " Jare si P
" Pada ngomongin apa hayo..! " Si Enjel ngerti ngerti wes neng mburiku.
" Ngomongin kamu itu, kok bisa mirip aku, kata om pe! "
" Iya..!, dulu kata mama, waktu hamil , pernah benci sama seseorang! " Jare Enjel
????
" Sudah sudah..!, nggak usah dibahas.. ! " Omonge Putri karo nggawa wedang kopi
" Itu critanya gimana?, kok kamu iso takut sama Hantu gondrong berkepala botak? " Takonku
" Endak..!, hantu botak!, endak gondrong! " Jare Enjel.
" Wuuu.... Mbokmu, ki senengane, nambah nambahi..!, sing dipikir Ming gondrong ning botak! " Omongku
" Loh.. Kamu kemarin bilangnya gitu..! " Si Putri gah disalahke..
" Endak..!, mamah itu sok tau..! " Jare enjel
" Wes.. Wes..!, malah tekan ngendi ngendi, critane piye..? " Takonku

" Gini lho om , aku kemarin main ke rumah temanku, kata temenku itu, kadang kadang mendengar suara perempuan menangis "
"Cewek apa cowok ? " Takonku
" Namanya perempuan ya cewek lah oomm..? "
" TEMANMU..! "
" Ohh.. Namanya Tika, cewek lah.! " Jare Enjel
" Awas..!, kalau kamu sampai main ke tempat Cowok..! , tugasmu itu menuntut ilmu , kuliah yang bener, kasihan orang tua, udah keluar duit banyak, kuliah nggak bener..! " Omongku

Tak delok si Putri mesam mesem sajak setuju..
" Iya.. Iyaa.. Om..!, sementara nilai Enjel aman kok..! " Jare Enjel
" Jangan seperti ibumu..! " Omongku
" Loh.. Kok dadi aku? "
" Trus? "
" Ternyata bener om..!, ada sosok perempuan, sama anak kecil badanya penuh luka, , sembunyi di salah satu almari pakaian di kamar belakang "
" Trus? "
" Karena aku kasihan, mau saya sempurnakan, biar tidak gentayangan, tapi tiba tiba datang dari belakang, sosok laki laki tambun berkepala botak marah marah, sambil membawa golok! "
" Trus? "
" Tidak seperti biasanya om.. Energinya besar banget, aku sampai berkali kali terpental, aku berusaha melawan , tapi seperi tidak berpengaruh, aku keluar rumah , dia tetap mengejar, di luar rumah aku dihajar habis habisan , Alhamdulillah aku masih sempat lari naik motorku sampai rumah. Aku sempat melihat dia mengejar dan berusaha masuk rumah tapi tidak bisa, setelah berkali kali tidak bisa akhirnya dia pergi. Omm.. Baru kali ini, Enjel takut.! " Jare enjel
 
" Itu rumah temanmu asli, apa beli? " Takonku
"Beli om..!, temanku asli lampung, dari pada ngekos, sama orangtua nya dibelikan rumah dekat kampus, sekalian dikontrakan! " Jare Enjel
" Nanti setelah temanmu itu lulus, rumahnya dijual lagi..?, hakok bathi ro bathi..! "
"Kok si om jadi penasaran , seperti apa to hantunya? "
" Sekilas mirip orang Jepang om! " Jare Enjel
" Sudah tua njel? " Si P melu takon
" Sudah om..!, wajahnya mesum , enjel takut! "
" Ojo ojo kakek sugiono kui kung! " Jare si P
" Deknen durung modar yoo... Hedehh.. Uripmu kakean nonton JAV! " Omongku
" Sing gawene ngirim we kowe og! "
" Jane aku pemasaran, nek saiki kewengen, nek arep mara nengomahe kancamu, nek sesok aku ana acara je njel! " Omongku
" Pliss.. Omm.. Tolong aku! " Jare Enjel
" Nek senin wae piye? " Omongku
" Arep njaluk perang BARATAYUDA po kung? " Jare Putri
" Lha ngopo? " Takonku
" Kowe lak wis janjian, pit pitan to? "
---------------------------------------------------
" Mbesok pagi aja om! , kasihan ibu dan anaknya , mungkin sudah puluhan tahun terkurung disana! " Omonge Enjel.
" Piye iki pe? , awakdewe gagal mancing iki! " Takonku
" Yo rapopo, mesakke Enjel ora wani metu omah!, perkara mancing golek dina liyane lak isa to ! " Jare si P
" Ndingaren bijaksan kowe clok! , yowis sesok isuk tak mara ndene trus nengomahe kancamu! " Omongku
" Asiik....!, makasih omm..! " Omonge Enjel karo nemplok awaku.
" Sudah sudah..!, ayo pe..mulih!, sesok esok aku dampiri! .
" Siaaap..! " Jare si P
" Wes ya Put..!, tak bali, iki wes bengi, mengko ndak dikira ana apa apa! " Omongku , si Putri Ming menjeb.
" Kopine dintekke sik..!, sesok ora tak gawekke meneh nek ora dintekke ! " Jare Putri
" Malah lali..! " Kopi sak gelas langsung tak glogok langsung gebres gebres... Jebul isih panas
-----------------------------------------------------------------------
Esuke jam wolunan, aku budal nengomahe Enjel diampiri si P. Tekan kana si Enjel wes ngenteni trus budhal nengomahe Tika kancane Enjel.
Omah lawas, arsitektur belanda, tembok kandel pasangan sak batu, kayune jati lawas, ketara ora dipangan rayap. Ming gumunku, kok isa kedol kui lho.. Aneh to lur..!, nek ndelok bentuk bangunan e jelas bekas omah londho, londo we sing golongan borjuis , ora mungkin londo sing pangkat e ecek ecek. Latar e we jembar je lur, njur pirang EM regane.
Jare si Enjel, kancane lagi OTW.
Iseng iseng aku takon tanggane, karo tuku udud ( tanggane dodolan klontong ) jare omah kui mbiyen nggone mbah bayan.
 
Bayan kui pejabat apa ora mudeng aku . Ning saiki wes didol karo putune jare.
Nek jare tanggane, omahe angker.
hari hari tertentu angger wayah bengi sok krungu, wong padu trus swara wong wedok tangis.
" Saiki wes lumayan mas, semenjak ditumbas wong lampung, dinei lampu dadi padang, mbiyen peteng ndedet, wong ora ana sing manggon.jian kaya kuburan.Anak putune mbah bayan po?, ora ana sing wani manggon mas..! " Jare tanggane
" Ning sakniki lak onten sing manggon to!" Omongku
" Sinten..?, Mboten nggih..!, mbak Tika niku dereng tau tilem mriku, piyambake ngekos, mara mriki paling seminggu pisan mas..! " Jare bakule udud
" Oalaaah...!, tak kira empun dinggeni!" Omongku
" Dereng tau mas..! "
" Ayo om..!, sudah ditunggu temanku! " Omonge Enjel.
" Nuwun nggih bu infone! " Omongku
" Mas.. Mas..! " Omonge bakule
" Pripun Buu..? " takonku
" Korek e ampun dibeta! "
" Oh.. Ngapunten..!, lali! "
" Ajeg... Kebiasaan, angger tuku udud, nggondol korek! " Jare si P.

____________
Bar kancane enjel sing jare jenenge Tika wis teka.
" Kenalin ini Tik, orang yang pernah aku ceritakan dulu! " Omonge Enjel
" namaku Tika om..!, mari masuk om! " Omonge Tika.
" Kamu pernah tidur disini Tik? " Takonku
" Belum om..!, serem..! " Jare Tika
" Serem kok di beli? " Takonku
" Murah, kata ayahku! " Jare Tika
" Ayahmu pernah tidur sini? " Si P genti takon
" Ya belum om, nggak berani ! "Jare Tika
" Keluarga yang aneh! "
" Hantu ibu dan anak dimana Njel? " Takonku
" Dikamar belakang, ayo om..! " Omonge Enjel karo nggeret tanganku.
" Aku tak neng kene wae! " jare si P

Jebul omahe dowo lur neng bagian mburi ana kamar kamar. Bareng diduduhi si Enjel, jebul bener, neng kamar pojok pinggir dewe.
aku weruh sosok, wong wadon awake pucet, gulune mlowek, koyo bekas dibeleh, ndepis neng pojokan njero kamar, karo ndekep bocah wadon awake kebak tatu, awake ndredeg kaya keweden.
" Sapa kowe? " Takonku
Deknen ketok kaya saya keweden, ndekep bocah wadon kebak tatu , kenceng, kaya kaya arep nglindungi .
" Aja wedi, aku ki arep nulungi kowe..! " Omongku
" Iya Buu..!, jangan takut.. Kami berniat mau menolong! " Enjel melu mbujuk demit e.
 
Alon alon demite nyawang aku, bocah wadon e yo nyawang aku. Ming ana sing janggal karo bocahe, kok... Kaya anak londo .
Suwe suwe demit wadon mau njur njewewek njewewek.. Mrambat mrambat.. Marani aku trus ngrungkep sikilku trus... Nangis gero gero..
" Nyuwun pitulungaan... Deeeen...! "
-------------------------------------
Tak bacutke ceritaku yo lur, neng seri sakdurunge aku wes ketemu Arwah penasaran neng omahe kancane Enjel. Sosok demit wadon kang nggendong anak e. Ming gumunku anake kok koyo anak londo .
" Deen.. Kulo nyuwun pitulungaan deen..! " Omonge demit wedok nggrantes, nangis ngguguk karo nyekeli sikilku.
" Mengko disik to..!, kowe kui sapa?, trus kenapa kowe mapan neng kamar iki? "Takonku.
" Namikula Dasimah..! " Jare demit e
" Lha kui anakmu? " Takonku
" Sanes... menika putrinipun menir van kook! "
" Sapa kui? "
" Lha nggih bendara kula, sing gadah griya mriki! " Omonge Demite.. Bar kui si Dasimah crita.

Dadi critane ngene lur..
Omah gedong iki mbiyen nggone Vancooc. Jare si Dasimah deknen kui juragan tebu seka Naiderlan. Lha Dasimah kui, tukang momong anake Menir Vancooc kui. Dadi si Vancooc bali neng kene, nggawa anak bojone. Merga neng negarane kana lagi geger ana perang .
" Oalah.. Dadi kui anake juraganmumu to , layak kok beda! "
Lha sak wijineng ndina, taun 1943 . Omah e Vancooc iki diserang karo , pasukan Batosai seka negara Jepang. Landa landa do di bantai. Pokoke wektu kui sing ana neng omahe londo di bantai termasuk pembantu pembantune.
 
Dasimah mlayu ndelik, neng kamar mburi karo nggendong anake Vancooc sing cilik. Ewo semono isih konangan pasukan samurai Jepang. Dasimah dibabat pedang katana , dalam kondisi kritis Dasimah tetep berusaha nglindungi anake Vancooc. Nanging tetep wae, anak londo di tebas mati .
Dalam kondisi sekarat, Dasimah diperkosa karo pasukan Jepang.lagi fokus memuaskan nafsu nindihi dasimah,Nganggo sisa sisa tenagane dasimah isa ngrebut katana, trus ditancepke neng gegere pasukan samurai. Tembus nganti nancep neng awake dewe dadi sampyuh mati bareng.
Jebul Vancooc isih urip, nemoni anake , dasimah karo Jepang e mati neng njero kamar.
jenasah telu trus dikubur bareng dadi siji neng kamar kono.
 
arwah e Dasimah njaluk tulung, jenasah e di rumat dipapanke neng papan sakmestine.
" Nek perkoro kui, bakal tak luar I kajadmu , saiki kowe balio neng alam kelanggengan, galo kae, Gusti wes kepareng, mbukak lawang akhirat! " Omongku nyampurnake Arwah e Dasimah
Alon alon,Dasimah karo bocah londo mlaku nuju lawang portal, terus.. Zaap..!, ilang tak kedepke,
"Muga muga lepas o, paranmu yo mah! "
 
Ora gancangan wektu, ono wujud wong lanang , ndase botak, mlayu mlayu marani aku , karo nyabut pedang.
" Itu po njel yang ngejar kamu? " Takonku
" Iya.. Om..!, ati ati lho om..! " Jare Enjel
" Tenang aja njel..!, tak ajari cara ngalahin jenis Arwah kaya gini! " Omongku
Demit Jepang e ,marani aku karo bengok bengok ora ceto... Energy ne pancen rada beda.. Langsung tak keplak gundul e sing botak
 
" Plakk..! "
Deken ketok muring trus nyabetke pedang neng awakku, ning blas ora isa ngenani.
" Nah.. Caranya gitu njel, jadi kamu berusaha menganggap dia itu tidak ada walaupun kamu bisa melihat, jangan kamu lawan, energi nya bisa membuat kamu terpental! " Omongku
" Plak..! "
Tak keplak meneh gundul e, trus aku nunjuk si Enjel, karepku ben nyerang enjel,.. Eee... Malah nyerang aku.. Hedehh.. Demit goblog..
" Plakk... Plakkk... Plakkk..! "
 
Tak keplaki nganti njengking demite.
" Itu si Om kok bisa kena hantunya to om.. Caranya gimana? " Takone Enjel.
Trus si Enjel tak bisiki mantram dinggo njamah bangsa lelembut.
" Cuma gitu aja? " Takone Enjel
" Iya.. Sekarang di coba! " akonku
Enjel ngrapal trus ndugang ndase demit Jepang
" Plook..! "
Demite nganti njengkelit pindo, trus mencolot nyerang Enjel
" Whuus... Whuss...! "
Ning blas ora ngenani awake Enjel .
" Nah.. Gitu..!, hajar lagi Njel..! "
 
Dasare si Enjel bela dirine luwih apik mbang aku, demite diajar nganti ampun ampun
" Gimana..?, gampang to!, sudah nggak takut lagi? "
" Endak om..!, trus penyelesainya gimana om? " Takone Enjel
" Coba kamu lihat, didadanya itu ada lubang hitam, bekas tertusuk, serang bagian itu! " Omongku
Karo Enjel langsung di antem dadane..
" Blaaaarrr....! " Ambyar dadi titik titik ireng, trus ilang tak kedepke.
Mission completed
" Mbesok mbesok diatasi sendiri nggak usah nyari si om ! " Omongku
" Siap om..! "
" Bilang sama temanmu, besok lantai kamar ini dibongkar, trus disempurnakan jenasah si nyai Dasimah! "
" Iya om..! "
 
" Pesenku, besok besok lagi, kalau lihat arwah jangan langsung ditanggapi, sebisa mungkin, kamu hindari, jangan semua kamu layani, bisa capek sendiri, sekarang kamu fokus sekolah! Satu lagi, rahasiakan kemampuanmu jangan kamu publikasikan!, nanti bisa membahayakan dirimu sendiri!, ngerti! "
" Iya om...! "
" Sekarang si om mau pulang, istirahat, besok si om mau diajak pit pitan je..! "
_______

Isuk bar subuh aku wes adus, . Wes nganggo atribut pit pitan.. Mbok menawa diampiri si Diyah. Ngerti dewe, telat sitik wes crewet wae cahe.
Ngenteni neng teras omah karo dolanan HP.
" Kring.. Kring..! "
Hedeeehh...
" Mangkat jam piro iki? "
Tak sawang si P yo wes siap pit pitan...
"Lha yo embuh, nunggu si Diyah! " Omongku
Jam enem diyah wis teka, numpak pit karo kancane..
Kancane...?????
" Mbah..!, njenengan nek sibuk, rasah ngeterke aku ora papa og mbah..!, aku tak karo mas Ridwan wae..! " Omonge Diyah
' Ridwan sapa? "
" Iki kanca kantor..!, kenalke mas..! " Omonge Diyah
 
Wong lanang bagus rupane, awake atletis nyalami aku.
" Wes ayo mas..!, selak awan!, wes... Ya mbah.! " Omonge Diyah trus nggeblas tanpo noleh hh...
Si P tak sawang pringas pringis sajak ngece..
" Wingi aku liwat neng warung e bu dukuh, isih dodol racun celeng mati kering! " Jare si P
Aku mong meneng wae, ora tak tanggapi..
" Kau jadikan akuuu.... kekasih.. Bayangan.. Untuk menemani saat kau merasa sepi..!" Cangkeme si P nyanyi ora cetoo..
" Kowe ora popo to kung..?, kok meneng wae..! "
" Ora popo... Emange ngopo? " Jawabku
" Ora popo kok mbrambangi..? "
" Ora wae...! "

" Wes... Tenangno pikirmu kuung..!, wong wedok kui ketok ayu, nek pas Randha...!, sesok nek Diyah dadi bojone Ridwan, dadi elek og..! Ora usah gelo " Jare si P
" Emang, gua pikirin..! " Omongku
" Wkwkwk... Wes mancing wae yo kung..!, rasah mikir wong wedok !, kumpul karo cah pekok pekok wae, malah isa ngguyu ngakak.. ! " Jare si P
" Asiaaap.....!, GASSSS....! "
 
=================== TAMAT ===================

Lokasi Kaweden