Kaweden MY.ID adalah situs tempat berbagi informasi terkini dan info penting lainnya. Kritik dan saran silahkan tulis di contact. Kunjungi juga situs Ruang Baca

Misteri Hantu Pemakan Janin

Misteri Hantu Pemakan Janin

Misteri Hantu Pemakan Janin

Story by ; Dokter Kung Top

Hantu Pemakan Janin

Petualangan Indigo - Koyo bisane lur..! Crita ndobis berkelanjutan.wkwk..nek Ono jeneng lan papan sing podho ..! Sumpah, hora tak jarag...!

Crita ne ngene...

Bubar sholat magrib, biasa kancaku si P wes moro dolan.

" Sekongendi je kowe peee..! yah mene oh wis klitih..?"

" Seka angkringan e Suroto..! ,Kowe do di takokke lho kung..! kok ora tau ketok Ki..! loro po ?, arep digolekke serkileran ,nek loro Ki..!" 

" lambeneee...!, ora Yo..! aku sehat wal Afiat, Ming lagi males metu wae..! , nek mbengi hawa ne uademe orajamak..! "

" Karang lagi mongso mbediding..! Pitike, Mbah Sastro we nganti entek do mati..!" Omonge si P karo ngempakke udud.

" Ono berita opo je pe, neng angkringan ?"

Biasa lur, nenggonaku angkringan adalah tempat jajan dan rasan rasan 😂😂 alias ajang menggrenengi tonggo..! Wkwkwkk

" Wah ono berita heboh, kung..! , anake mbak Rika ILANG..!"

" RIKA SOPO ?" 

" Rika anake lurahe, mantan ..! mosok lali,sing mbiyen tau mbok bribik kae lho..!"

"Oalaaah..! Rika si kutilang darat kae po ?"

" Kok kutilang darat ?" 🤔🤔


" KUrus, TInggi,LANG sing, DAda, RAta...!, Susune ming sak tutup gelas..!" 😂😂😂😂

" Kae, wis tau tak keplak,lho pee...!"

" Lha ngopo ? " 🤔🤔

" Lha tak kon ngemut ki malah nyokot to..! , Lha kaget to aku..!" 😂😂😂

" Lambeneee...!" 😂😂😂

" Ngemut permen maksudte..!" 😂😂😂

" Loh....! bukane Rika Ki durung duwe anak..??" takonku

" lha Yo kui..! deknen ki angger Menteng bayine ilang ..! " 

" Anyaaaaaak..! , Sing omong sopo ?" 

" Sing omong bojo ne Dewe og..! Maido..!" 

" Bojo ne sopo to kae, si Rika ki ?" 🤔🤔

" Lak Yo si Bisma..! Komandan, Polisi Militer jalan magelsng, kae tow..! , Iki mau bar petuk neng angkringan je..!" Omonge si P njelaske Ning aku tetap tidak dong .😂😂

" Nek ngaraku, ora ilang anake .! ,Ming saking, GUOBLOKE, si Bisma..! deweke  Ki ora ngerti bolongan e si Rika, hanek irunge sing dianceli kapan le arep manak..!" 😂😂😂😂😂😂 WKWKWKK

" KULO NUWUN...!"😡😡😡

do ora pligo nek Ono tamu, wong prontos,  mergo lagi asik ngrasani gobloke si Bisma..😁😁

" Loh...Monggo mas Bisma...pun ket wau nopo ?" takone si P

" Yo wis sak untoro do ngomong ke nopo niki kok gayeng banget..!" omonge tamune sing jare si Bisma..😥😥😥

" Niki lagi ngomong ke kendaraan , BIS MALAM ..sopire niku goblok..! " jare si P 😥😥

" Owww..takrani lagi ngrasani Kulo..!" Jare Bisma..

" Woh..! Yo ora waniii..!, lak Yo ngono to Kung..!" Omonge si P Karo nyawang aku

" Ho oh..!, Edyan po...! "


Hantu Pemakan Janin


Waktu kui aku kedayohan si Bisma bojone Rika.

Bisma ki pawakane tegap, Gedhe ,duwur, maklum wong deweke Ki  GENTARA..! 😂😂

" Pee..!  Jane aku ki arep pingin rembukan karo kowe..!" Omonge Bisma

" Weh .. Ono opo Iki..? Kok aku dadi deg degan..! mbok pinarak mlebu Sik..! ben penak rembukane..! tak gawekke kopi opo teh..?" Omonge si P sajak koyo nengomahe dewe 😥.

" Sak karepmu pee..!" Wangsulane Bisma..hhh..

Si P gage mlebu omahku sajake nggawe wedang.  😥😥

Bisma ki menurutku wong Ja im bianget, lha piye..! Jelas jelas jagongan Karo aku..dijak salaman we ora..! , Opomeneh omong..! 😥 ora ngerti po kene ki omahku..😥

Aku yo males to basa basine..bien tak nengke wae..

Ora suwe si P metu Karo nggowo cangkir kopi..!

" Iki di unjuk kopine..! Mumpung isih panas..! , Jan Jane Ono perlu opo to kok nggoleki aku ?" Omonge si P

" Jare Kowe iso ngusir hantu pee..?" omonge Bisma.

"Wehh...! Sopo sing omong ?" 

" Jare si Jojo...! , Joan tanggamu iki lak isih sedulur ku..!" Omonge Bisma. 

" jare Kowe tau ngusir demit neng omahe Wahyu dulurku solo !" (petualangan indigo seri ...)

" Sesok tilikono omahku !, ngerti to omahku..?, pinggir jalan Magelang, wetan ndalan jejer Bakso Putro sing laris kae lho..!" Omonge Bisma.

" Yo..mengko ndisik..! , aku tak taren karo kancaku ndisik..!" Omonge si P karo nglirik aku.

" Ndadak taren barang..! , Kancamu sopo ?" 

" Iki kancaku jenenge si Kung..!" 

Aku gage ngetungke tangan ngejak salaman ,Ning blas ora di tanggapi..😥😥😥

" ISO to Kowe sesok..!" Omonge Bisma..Karo ndelokke aku sajak arogan..😥😥

" Sik mas..! Kulo tak takon ..! Sampean niku Ajeng njaluk Tulung, nopo kongkonan..?" Omongku rodo kemropok..!


Bien mangkel og aku lur..! Rumongso di sepelekke..😣😣


" Loh..! Bedane opo ? Kongkon Karo njaluk Tulung...? Kui lak podho wae..!" Omonge Bisma.

" Wooh..! Hanggih jelas benten..! " Omongku

" Bedane opo ?" 

" Nek wong kongkonan niku, wong duwe panguwoso mrintah marang anak buwahe..!"

" Kui kongkon..! Nek njaluk Tulung..?" 

" Njaluk Tulung niku, wong kang Nandang kerepotan,butuh pitulungane liyan..!" Omongku

" Nek umpomo Iki aku kongkon ?" 

" Kulo mboten Ajeng mangkat...!, wong, aku dudu anak buwahmu..!"😡😡 Omongku.

" Yowis aku njaluk Tulung..!" 

" Nek wong njaluk Tulung niku biasane boso..! Mergo butuh pitulungan..!, Nopo meleh sampeyan niku wong duwe kedudukan , mestine wong berpendidikan, mesti pon  diajari Tepo sliro, ngajeni liyan..!" omongku nggleling

" Hanek pangkatmu ming prajurit, nggleling, kementus,  ora Popo..! , Lha Kowe Ki perwira je ..! '

" Nggih mas..! Kulo nyuwun pangapunten,Kulo lepat, awit Kulo kilaf, Kulo badhe nyuwun tulung sakestu..menawi kepareng mbenjang kapurih, ningali griyo Kulo..!" Omonge Bisma..sopan banget..! Wkwkwkk..😂😂

" Lha..lak ngono..! ,Ojo sok adigang adigung,adiguna..! dupeh duwe panguwoso,njur mbagusi..!" 🙁🙁

" Nggih Mbah..!"

" Ming dadi komandan we kementus..!, Sesok Nek Kowe pensiun, bakale lak Yo Bali neng masyarakat..to..! ,Paham Ra..!" 😡😡


Bien tak sengeni sisan..! Ben sadar..! 😂😂


" Lha wong aku sing kancane Mentri Mentri we biasa..!" 😏😏

" Karo Beteng Yo kuung..!" Si P Melu nimpali..😖😖

" Nggih Mbah, nyuwun pangapunten..!" 

" Nggowo udud Ra ?" 

" Mbeto Mbah..!" 

" Kene, njaluk sak ler ..! Di rekke sisan..!" 😡

" Nggih Mbah..!" Omonge Bisma Karo ngerekke udutku 😂😂

" Kae asbakke gowo mrene..!" 

" Nggih Mbah..!" 😥

" Kowe mau arep njaluk Tulung opo ? Lali aku..!" 😂😂😂😂 Wkwkwkk


Hantu Pemakan Janin


" Lha kok aku Karo si P , kudu moro nengomahmu Ki Jan jannya itu ,ada apa ?" takonku

" Ngene lho mbaah..!" 

" Husss ..! Nek matur kui boso..!, Sing sopaan ..!Wong arep njaluk Tulung kok..lali po..?" 😥 omongku Alon

" Ngiih mbaah ..! Laliii..!" 

" Hh..ck ck ck..komandan kok lalenan,..hhh... di sudo le mangan brutu..! , dadi komandan kui kudu dadi panutan anak buwahe..!kususe, masyarakat umume , Komandan e  sopan ,lembah manah, mesti di ajeni Karo anak buwahe..! Disawang masyarakat Ki ketok apik..! Lak Yo ngono to pee..? " 😎

" Yo..ora patio..! Biasa wae..!" Omonge si P nganyelke 🙄

" Cen Kowe ki nek Karo aku ora tau mendukung..!" 😣

" Heleh wong Kowe dewe we Yo lalen og..!" 😏

" Nek aku lalen Ra Popo ..! kan aku dudu komendan..!" 😡

" Kui jenenge Kowe, Ming arep menange dewe .!" 😀😀

" Kowe Ki Cen wewet og pee..! Wis masalah mu Ki Jane opo Bis..?" 

" Ngeten lho Mbah, Kulo niku bebojoan pon dangu..langkung, gangsal taun, dereng diparingi momongan..!" Omonge Bisma

" Leh mu nglebokke wis bener durung kui ? , sing ngarep..! Ojo sing mburi..!"  🤔🤔

" Sampun Mbah ,sing ngajeng, mboten Nate sing wingking..!" 😥😥

" Ming koyongono we ndadak di takokke..!" Jare si P

" Hanek kleru barang..!, Kowe ki sok maido..!" 😡

" Hanek kongono Yo jelas ngerti..!" 😡

" Yo durung karuan..! ngeyel wae..! 🙁 Aku we sok kleru e..!" 


" Heleh..preet..!, Karo wit gedang po..?" Omonge si P  mangkelke..hhh😡😡😡😡

" Soryyy...!" 

" Hakok wit gedang mburi omah do bolong bolong kae ngopo..?" 

" Mboooh..!" 😡😡😡😡

"Trus, trus ...?" 

" Nek asline niku ,bojo Kulo pon ngisi Mbah..! Ning samben samben trus ilang..!" 

" Gek gek keguguran..!" 

" Mboten Mbah..! , Dokter mun nganti gumun...! , lha di tes positif hamil..! ,Sesasi sakbanjure, pon ilang mboten onten Janine..!😩😩, Niku mboten pisan pindo lho Mbah..! Pun bola bali..!" Omonge Bisma Karo mbrmbangi..

" Lha terus Kulo di kandani kalih dulur Kulo si Joan..! , purih nemoni si P, nopo si kung..! Kapurih, nyuwun Tulung, mbok menawi onten mahluk astral, sing mboten ketok teng omahkulo..!"

" lha kebetulan Kulo Karo si P niku kenal..! ,Nganti dugi mriki  Niki ..!" Omonge Bisma runtut banget 😖😖

" Owww..ngono to..! ,Yowis sesok tak moro Karo si P,  Saiki Kowe balio, Iki wis bengi, Ndak bojomu ngenteni..! Ning Yo kuwi..! Rokokmu  tinggal..! , Komandan kok ngudud ..! Ora apik..! " Omongku

" Nggih Mbah..! , Kulo nyuwun pamit, sakestu Kulo tunggu..!" Omonge Bisma nyalami aku Karo ninggali rokok sebungkus,amplop isi rongatus ewu. 😂😂😂

" Golek bakmi jowo Yo pee..!" 😂😂

" Di tinggali duwit po kuung?" 

" Iki amplop isi seket ewu cukup nekming nggo mbakmi..!" 😁😁

"Siap..!" Omonge si P mbungahi ngerti Nek arep tak jajakke..😂😂😂


Hantu Pemakan Janin

Hantu Pemakan Janin

aku wes tekan omahe Bisma.

Neng Kono aku diweruhu wujud bocah wadon neng praenane tuwo medeni .mergo rumongso keganggu tekaku deknen brontak ngetokke ke ampuhane Kanti mbengok njerit ,nganti ISO mecahke koco, dadi geger saknaliko, deknen mlayu mlebu kamar ndelik neng lemari pakeane si Bisma.

Kantong karumbo tak watek biasane iso nyedot bangsane kajiman, wektu kui blas..ora ono paedahe.

Tak sawangan deknen injan injen Seko njero lemari..pringas pringis matane mbalik Abang murub. 

" Pe..ngaliho..! Tak cekel e demite..!" Omongku

Si P Karo Bisma gage

 mundur ...

Alon Alon tak cedaki lemarine..mantram sing kanggo njamah bongsone lelembut, wis tak watek, tanganku Alon Alon Malik biru.

Nalikane arep mbukak lemari....

BRUAAAK..! 

deweke mencolot Karo nabrak awaku..😔😔

Aku njengkelang mental nganti gedadug tembok bianter banget, sirahku menjoto, dadaku ampeg banget, rasane koyo ketabrak tronton..deweke Bali mlebu lemari meneh..Karo matane isih ngawasi aku..

" JAN JANE MAHLUK OPO KOWE..!" bengokku nahan loro.

Awaku tak rasakke koyo lumpuh..ambeganku seseg ,aku watuk tak idokke jebul getih seger metu Seko cangkem,karo kuping isih mbenging jebul Yo Mili getih..😔😔 

" Waduh mati Iki aku..!" Batinku

Aku krekel krekel nganggo sisa tenagaku..metu kamar..rasane jantungku mandek , ketoro ora ISO nafas..seseg banget rasane..loro bianget neng Dodo..koyo di ranjang rajang pisau ketul..😥😥😥

Kringetku brol tumetes tanpo iso di bendung..😥😥

" Pe....! Tulung ..! Terke aku nenggone mas Tarjo..!" Omongku lirih.

" Weh ...? Kenopo Kowe kuung..? , Kok ora koyo biasane..menangan nek musuh demit..!" 

" Rasah kakean omong ..! Gawanen aku nenggone mas Tarjo..!serius iiiki..!" 😥😥

"Tarjo bakule bakmi jowo Seko wonosari kae po ?" takone si P


Aku ming mantuk mergo wes Ra kuat nafas..


" Wooo..jebul Ming ngelih Kowe Ki kung..!" 

" Rasah kakean cerewet..!" Omongku trus pet..ora eling semaput mergo ora iso nafas..

Sadar sadar aku wis neng omahe mas Tarjo..aku di gletakke neng lincak capet capet krungu swarane si P .

" Sadar kung..! Ojo modar  Saiki..! " 

Aku ora iso omong..koyo wong keno setruk..awaku ora ISO tak obahke, nadyan ambeganku wes rodo Lego.

Mas Tarjo ,kui Yo wong indigo sejak lahir lurr..! Umure luwih tuwo mbang aku, biasa tak Jak mbat mbatan perkoro sing ora mlebu nalar, deweke tak anggep gantine wong tuwaku, Yo guruku,perkoro ke ampuhane Ojo takon lur..ora sebanding nek Karo aku, ampuh deknen..

Dadi ora mokal yen aku Nek Karo deknen mesti ngajeni.

Mas Tarjo kui menguasai hal ghoib, Ming Sayange deweke ora gelem ngetokke ( memperlihatkan ) ilmune..

Uripe Ming Sarwo Prasojo, urip Ijen ora duwe anak bojo..!  jare..deknen lho kui lur..!  

pemetune Ming Seko dodolan bakmi jowo Karo dodol manuk neng pasar Sleman. 

" Mulo Yo mulo dadi uwong Ki rasah kementus, mbagusi, gene Ming kepatil demit we ngregesi..!" Capet capet krungu swarane Tarjo.

Cen asu og Tarjo Ki Nek omong mesti nylekit 😡

" Wes Iki gek diombekke..! Lak njur tangi wonge..!" 

" Iki opo je ..?" takone si P

" Iki jamu..! Digawe Seko ramuan godhong Bidara..!" 

Aku Karo si P langsung di cengkiwing cengelku Tris diombeni jamu.

Cegluk cegluk..nganti liwat irung barang..😥😥

Ora suwe aku iso menyat trus muntah muntah..

" Hajingani..! aku mbok cekoki opoe Jo...! Pait banget..!" Omongku misuh misuh 😡😡

Tarjo nyawang aku terus nyekekek..


Hantu Pemakan Janin


"Wis sehat po kung?" Takone si P

" Yo isih teng srenut je pe..! kih..batukku isih biru erem..hhh.." 

"Kowe Ki ngopo e kung..?" takone mas Tarjo Karo kipat kipit tipasan suwekan kerdus,Karo udut lintingan..ambune sengak banget..

" Kowe prei ora dodol po kang Jo ?" Aku hentikan takon Karo ngelus elus batukku seng isih njendol

deknen Ming mesem trus ngguyu nyekekek, ketok untune Ireng mergo kakean ngudut lintingan.😞😞

" 0ra..! dino iki aku prei le dodol..!" 

" Lha ngopo ?" 

" Lha aku ngerti nek bakal ketamon wong pekok pekok..!" omonge Tarjo Karo nyekekek..

" Lha gene ...! Kowe ngerti sak durunge winarah..! ,Ngopo isih takon aku keno opo..!" 😔😔 omongku

" Wkkk..lha Yo pantes pantese..mosok aku langsung njedik ,Kowe kekabruk demit..!" Omonge kang Tarjo nyekekek..hh..😥😥

" Rasah tak critani mestine kowe wes ngerti..! to kang , Jan Jane sing tak adepi kui opo e kang..?" Takonku serius

Kang Tarjo nyawang rupaku trus bali nyekekek meneh..

 deknen menyat Seko lungguh, njikuk waskom, trus di iseni banyu kendi..

" Sik coba tak deloke..!" Omonge Tarjo santai banget. 

Pancen kang Tarjo Ki duwe ilmu aneh lur...! ,yokui KOCO PAESAN, iso dinggo ndelok samu barang, mbuh entuk Seko ngendi wonge...hh..😔😔

Mbiyen tau tak kon ngajari carane, nurunke ilmune ,

jare  " ORA OLEH....!, Ndak ming mbok nggo ndelok rondho adus ..!" 😌😌?

?😌


" Ora yoo..! nek ming ndelok kongono we jaman Saiki rasah nganggo ilmu ngono...!, waton duwe kuwota, neng internet okeh..!"😂😂😂

" Ming arep tak nggo tuku nomer..!"😌😌

"SOYOMENEH...! ORA OLEH..! HARAM..!" Jare kang Tarjo😡

" Wkwkwkk HARAM KI NEK ORA TEMBUS...!, NEK TEMBUS DADI HALAL..!" Omongku 😂

" ORA..! TETEP ORA OLEH..! DOSA..!" 😡😡

" Halaaah..mbok sing realistis to kang, Saiki jal pikiren, rupamu  pas pasan...!,podo karo uripmu yo ming pas Pasan 😂😂😂, bojo ora duwe, bondho ora gableg..!😂😂, nek Kowe gelem tuku nomer mbendino tembus 4 angka dadi milyarder Kowe..!" 

" Mben taun iso munggah kaji..!😂😂, duwe omah gedong, mobil pirang pirang, mesti di ajeni, arep butuh wedokan..! Sak Sarkem iso mbok tuku Kabeh...! , Wong sugih Ki bebas..!" 😂😂😂

" Lha aku Ki wis ORA butuh sugih ki..! , Piye jal.." Omonge kang Tarjo Karo nyengenges mangkelke...😥😥

PANCEN BENER OMONGE UWONG KAE

 " WONG APIK KARO WONG BODHO KI BEDANE TIPIS..!" 😁😁😁😁

Banyu neng waskom suwe suwe, murup ketok gambare Cetho, koyo tivi layar datar,  mahluk bocah wedok sing ngedab edapi..

" Nah ..kui, bangsane opo to kang..? " takonku serius

Si P malah njur terus klepat ngaleh ora wani ndelok..jare Ndak ketonto..😁😁

" Hayo biasa to kui arawhe bocah..!" omonge kang Tarjo..Karo mesam mesem.

" Lha Ning kenopo iso dadi kuat banget..?"🤔🤔 takonku

" Lha kui...!  kowe kudu ngerti sejarahe bocah wadon iku..!" Omonge kang Tarjo 

" Lha carane..?" 

" Coba sawangan, nyedako rene..!" Omonge kang Tarjo.


Begitu aku nyedak aku ming di sembur,  udut lintingan klembak menyan,..jian ngganduk bianget,ambunee Mak sentuub, sak naliko aku nggeblak..

jiwaku iso kontal ,peteng ndedet sawangan e..

Bareng rodo sauntoro aku melek koyo di tontonke lelakon .

Ono bocah wedok putih kulite manis rupane ,umure noko 12 tahunan.Isih nganggo seragam SD ,sajake bar bali seko sekolah..

Tak sawang lagi deku deku  nangis ngguguk...

jebul bar wae di dol Karo Bapake..! 😭😭 mergo perekonomian keluarga sing berantakan.

 Bapake bar kalah main. Trus ngedol anake wedok...😦😦

Ora suwe bocah wedok ayu mau di seret ,dileboke mobil..

bocahe nangis nggembrong nggembrong, semono ugo ibune ora lilo anake digowo lungo..😖😖

Dadi tangis tangisan...😥😥

nanging ibune ora iso opo opo, mergo di ajiar di jotosi Karo Bapake ngati biru biru !.. dasar e wis kambon topi menceng, 😭😭😭

Iki salah siji, dampak e WONG MAIN DI HARAMKAN AGOMO ..! MERGO ISO LALI KARO KELUARGA NE..😥😥

WONG MAIN KUI..MANFAAT KARO MADHOROTE..GEDHE MADHOROTE...! CAMKAN ITU..!

Hasil Seko menang main bakale Yo Ming bubar tanpo Ono jluntrunge,  mergo ora berkah. Luwih parahe meneh ISO nutup dalam rejeki liane..

Bocah wadon mau di gowo neng kutho. 

Di pacak i . trus biasa lur....! di kekke neng lokalisasi, kon nglayani bajingan bajingan sugih ..di gilir, nganti wong limo enem, bocahe nganti nangis gero gero..mergo ngrasakke loro..😥😥

Tangane di bondo, cangkeme di bekep,sikile di taleni, isih nggon kemaluane, di setrumi ndisik..😥😥

wis kahanane jian ngeres tenan lur..! . 😩 


Tak pikir menungso kui patrape iso ngungkuli kewan Yo lur....!😖😖

Samben ndino di pekso nglayani nafsu bejat...samben bolongan dileboni..😥😥

Bocahe njerit njerit kelaran..soyo kelaran jare soyo marakke gairah..lak Yo Bajingan to kui..lur...!, jal bayangno nek sing dingonokke kui anakmu wedok sing banget mbok tresnani..😣😣

Awake nganti entek mergo ora doyan mangan, eluhe wis ora iso tumetes...😖

Akhire..bocah wedok mau keno penyakit sing mematikan..sing sering disebut..virus HIV

Awake soyo entek...! Bareng loro loronen bocah wadon mau Ming di sikso , nggo gajul gajulan, rupane nganti rusak dadi cacat..😥😥

Angger Ono tamu teko..Deknen Kon ndelik neng njero lemari..Ndak tamune bubar ketularan penyakite..hhh..biadab tenan..😥😥

Akhire Mati ngenes...😖

pas ajale nggereng ..matane mendelik..sukmane nglambrang, penuh amarah,penuh dendam,  penuh kebencian, terutama terhadap kaum laki laki...dan hidupnya...!.😖😖 Meh puluhan taun deknen berkelana pindah pindah..nggoleki janin kang bakal metu Lanang..! dipangan sak durunge lair neng ndunyo..!😖😖..

Plas...! Aku mental kesedot ragaku..Bali mlebu , jenggirat Tangi...gragapan ...pungun pungun...noto nafas..hhh

" Piye kung..? Wis ngerti sejarahe..?" Takone kang Tarjo, Karo plengah plengeh nyruput kopi..

Aku ming mantuk Alon..

" Jan Jane lelakon Iki, sing arep mbok tulungi Ki Dudu Bisma..opo mantanmu kae..! Ning bocah wadon kui..!" 

" Deknen wis wektune mulih neng alam baka..!" Omonge kang Tarjo kalem, Karo nyruput kopi

😞😞😞😞😞

" KAE KI ISIH BOCAH KUNG..! DIALUS OJO DI KASAR..! WES KONO BALIO....! TULUNGONO BOCAH KAE..! SELAK MESAKKE..! " omonge kang Tarjo geter bedo Karo adate..


Hantu Pemakan Janin


" Yo pe..! bali nengomahe Bisma, mumpung isih jam songo..!" omongku

" Kowe wis mari tenan po kung..?" takone si P

" Jane yo durung..! Ning piye meneh..mungkin wis dadi takdirku !" 

" Perkoro Iki kudu tak rampungke sisan..!" 

Akhire aku njaluk pamit Karo mas Tarjo.

deweke Ming mesam mesem Karo tipas tipas neng ngarepan omah..nguntapke lungaku..

Budal boncengan karo si P. mbasan tekan omahe Bisma ndadak ngenteni di bukake Lawang, hedeeh

 wonge le turu pindah hotel, ora wani nuroni omahe,sak plok kedadian mau..hh..GENTARA og jirih..😥

" Sik pee..! Tak otw ndono..!" Omonge Bisma seko telpun..

Rodo sauntoro si Bisma teko mbukake Lawang.

aku gage mlebu ,sing tak tuju lemari pakaian neng kamare Rika..

Tak rasakke aura kebencian isih kentel banget.😥😥

Howo adem ngunder sak ruangan kamar

" Pe..nek ono opo opo Karo aku undangke kang Tarjo..!" Omongku jogo jogo

"Siap..!" 


Lemari sing maune anteng dadi teng glotek, lawange mbukak sitik, Seko njobo ketok bocah wadon mau namatke aku sajak nesu banget..hhh..😥😥


Si P Karo Bisma..langsung klepat minggat..Ming kari aku dewekan neng kamar..

" Nduk cah ayu..! Arep tekan kapan Kowe nglakoni ngono terus..?" Omongku Alon..

Deweke isih menteleng nyawang aku..Karo miling miling rupane medeni banget..

Aku kelingan opo sing dialami bocah wedok Iki, dadi trenyuh..ora kroso luhku tumetes mergo mesakake

" Ora maido Kowe nesu nganti koyo ngono kui..! Nduk, cah ayu..! Aku wes ngerti Kabeh lelakonmu nduk..!" Omongku

Ujung ujung deknen mbengok bianter, Lawang lemari ngati sempal, deknen mencolot tangane siap nyampluk raiku, aku ming pasrah, meneng wae..

Mbasan cedak, ketok  rodo kaget  mergo ngerti aku nangis 

" Lereno Yo nduk..! Ora Ono gunane..Kowe ngono kui..cukup semene wae..! , Kabeh mesti Ono karmane Dewe, hukume Gusti sing mohon adil ora bakal salah Pitung nduk..! " Omongku 

Bocah wadon mau gage mencolot mundur..namatke aku suwi ..emosine sajake iso mereda Alon Alon deknen Bali mlebu lemari meneh..

"Ndang balio Kowe nduk neng alam kelanggengan...!" 

" Opo Yo saklawase Kowe bakal kejebak neng alam Iki..?"  


"Galo kae..! Kowe wis di tunggu Karo uwong uwong kang mbiyen tau nresnani Kowe Kanti tulus ikhlas..!" omongku

Tak rasakke enegi jahat mulai pudar..aura gelap mboko sitik ilang..hh..tak sawang bocah wadon nyawang aku rupane soyo suwe mboko sitik  wis ora medeni meneh..

Alon Alon deweke..metu seko lemari trus mlayu nubruk awaku banjur ngruket kenceng..😫😫😫

" Tulungono aku ..om..! Tulungono akuuuu..!" bengoke bocah wadon mau trus nangis ngguguk..

" Wis nduk ..!ora ono sing di wedeni meneh..! , Ndang balio kae kowe wis di petuk ibumu, dulur dulurmu..!" Omongku Karo nyawang kahanan njero kamar  dadi Padang mergo keno sinar mahluke Gusti sing wis siap metuk bocah wadon Iki.

Deweke trus mlayu metokke arwah arwah kang wes nunggu suwe..hhhh..

Bocah wadon mau trus nyawang aku Karo mesem, hhh..ndungkluk embane koyo ngucapke terimakasih..trus plas ndedel Munggah bareng Karo arwah liane..hh ninggal gondo Arum angenguwung..hh

" Selamat jalan nduk.." omongku lirih, tak toleh si P Karo Bisma neng mburiku Yo menangi lungone si bocah wadon mau..ketoro do ndomblong sajak ora percoyo opo sing bar wae di delok..hh.

" Wis bis..! Omahmu wes aman..! " Omongku


Bisma langsung nyalami aku ngucapke matur nuwun bola bali...hh

Asline sing tak tulungi Ki bocah wadon mau..! 


" Kung bocahe mau asline jenenge sopo ?" Takone si P

" Hambok modyar pe aku Dewe ora ngerti..!" 😀😀😀

" Lemarimu kui entuk Seko ngendi e bis..?" Takonku Karo Bisma

" Wah niku kulo tumbas teng barkas ( barang bekas ) Suroboyo mriko..!" omonge Bisma

" ISO bongkaran Doli kui..!" 😂😂😂 Omonge si P nyekekek

" Wuuuu..! Yo durung karuan..!" 

" Mbakmi Yo pee..! Ngelih aku..! , Mau nggone kang Tarjo ora dodol..!"

" Hasiap..! Bayari lho..!" 

" Kon mbayari Bisma kui lho..! , Ngerti dewe kasus kali ini Ming pait !" 😥😥 Omongku

" Siaaap..! , Ampun kuatir ! " omonge Bisma 😁😁😁

Pitung  sasi sak banjure.

Aku diparani si Bisma menei kabar Yen deweke wis arep oleh momongan, bojone wes meteng 6 sasi..

Jiaan ketok bungah banget..si Bisma..

" Kok malah nggawani oleh oleh pirang pirang to Iki..? Koyo asok tukon wae..!" 

" Namun sekedar tanda terima kasih..!"

" Wah selamat Yo bis..!mugo mugo lair Slamet ,dadi bocah sing Migunani, kanggo Nusa bangsa lain agamane..!"" 

" Besok kalau anaku lair laki laki harus  jadi tentara.. Mbah..!" 😎😎

" Halah ..metu Lanang opo wedok podo wae..! Arep dadi opo wae Ben disekarep,  bebas..!" Omongku Karo tipas tipas Melu gayane pepundenku mas Tarjo😀😀😀

Nggih Mbah..! Siiaap..!


================= TAMAT =================

SC: Dokter Kung Top

Lokasi Kaweden