Kaweden MY.ID adalah situs tempat berbagi informasi terkini dan info penting lainnya. Kritik dan saran silahkan tulis di contact. Kunjungi juga situs Ruang Baca

Misteri Hantu Rumah Tua

Misteri Hantu Rumah Tua

Misteri Hantu Rumah Tua

Story by : Dokter Kung Top

Petualangan Indigo - Sore sore bali seka glidig tekan ngarep omah wes ono pit jawa neyeng. Ora pangling pit e kang Tarjo. Ngerti to lur karo kang Tarjo?, alah bakule Bakmi Jawa seka Wonosari, sing mbiyen tau nulungi aku jaman ngresikki Demit neng omah e komandan e CPM (petualangan indigo seri Hantu Pemakan Janin). Kang Tarjo kui yo wong indigo, malah luwih ampuh tinimbang aku. Kang Tarjo kui nduwe ni keistimewaan isa ngerti sakdurung e winarah ( isa ngramal masadepan) merga duwe rapalan aji KACA PAESAN . Ning yo kui lur... Pelit e ora umum, angger tak takoni nomer togel, mesti ora gelem menehi.. Cen ancuk nan og wong siji iki. Uripe e yo ming sederhana malah ketok nek wong kere, ora ketok nek nduwe keluwihan. Nek ming kepingin sugeh lur....! Waaaa.... mbendino tuku nomer togel mesti tembus e rasah kangelan nyambut gawe. Lha aku tau mbuktekke dewe..iseng Tak jaluki nomer togel. " Kang ..! Nek pancen kowe iso ngerti sakdurung e winarah, mengko mbangi metu ne piro?" 

 Jian jebles metu tenan..ora nganggo geseh hh.. Ming sayang e wektu kui aku ora tuku wong keturon ket sore hedeeh.. rasane jian getuun... Wkwkwkkkkk. bar kui trus blas ora tau gelem menehi. Kang Tarjo ki ora duwe anak bojo, nek kabare mbiyen tau duwe, ning mbuh kabare piye ora jelas, angger tak takoni mesti ora tau gelem njawab. Gandeng ngelmune luwih duwur timbang aku Mula aku, banget anggone ngajeni karo kang Tarjo iki. "Kok ndingaren tekan kene suuuu? " takonku karo nglebokke motor. " ming dolan og " jawabe kang Tarjo singkat karo klempas klempus udud tengwe. (nglinting dewe) " Ora dodol po? " takonku " prei ! " " lagi sepi , opo ora payu? " " Payu yoo..! , pancen lagi kepingin dolan nggonmu wae " wangsulane kang Tarjo. " Aku jane gumun lho,karo kowe ki kang.. masakanmu ki jiaan blas ora enak, ning kok yo payu yo?, mesti nganggo pesugihan to kowe? " " huzz... HARAM ! Rezeki kui wes ono sing ngatur.. Ora enak ki lak menurutmu..!, mangka kowe ora tau jajan ming gratisan terus! "jawabe kang Tarjo karo nyekekek. 

Hantu Rumah Tua

Hantu Rumah Tua

 " Jan jane ana perlu apa kang? , aku ki malah deg degan nek mbok parani ki!" omongku karo nggowo cangkir kopi pait karemane kang Tarjo. "WES MENGKO LAK KOWE NGERTI DEWE " wangsulane kang Tarjo karo ngguyu nggleges trus nyruput kopi. Dumadakan ono mobil sedan werna putih mandeg neng plataranku. Sing Numpak metu, lanang karo wedok. Umurane sak kakangku, sandangane perlente ketok nek wong sugih. " Nuwun sewu... menapa leres menika dalemipun mbah kung? " takone sopan. " ingih leres, lha kersane? " " badhe pinanggih! " " oh... monggo pinarak " omongku Jebul penumpang e ora ming loro.. Seko jero mobil metu meneh penumpange.. Bareng tak matke, kaget aku... Aura buruk..! 😥Wonge mrenges.. " Ora MINGGAT po kowe kung? " " MATANE...!, Genah neng omah og MINGGAT! " Ora pangling si P, medun seko mobil apik sajak nggembelo, mbagusi. "Wee .. ono pakde Tarjo barang.. , piye kabarmu deee..?, suwe ora ketok, tak raku wis NJENAT je kowe dee..?" omongange si P karo ngejak selaman. 

 " Alhamdulillah... durung pee.. Isih diparingi bagas waras, kari nunggu antrian... Nek kabare.. Kowe ndisik og pe..! Wkwkwkkkkk " jare kang Tarjo karo nyekekek. " Wah nek aku ki ora kesusu og deee...!, ben si Kung ndisik, urut tuwo! " " MATAMUUUUSUUU..!, wes kono gek nggodog banyu gawe wedang dewe ..! , ora sudi aku nggawekke dapurmu ojo lali tamune gawekke sisan! " " siaap..!, ngliwet ora kowe kung?, ngelih aku " " kui ono wong ngeteri berkatan mau isuk durung tak bukak dipangan wae ! " omongku " Aku tak ngewangi si P neng mburi yo kung! " jare kang Tarjo " Yo kana..! Padune yo ngelih to kowe kang ! ketok seka rupamu " Kang Tarjo gage mlebu nututi si P. " jebul kowe yo ngelih to dhe? " krungu swarane si P Wkwkwkkkkk.. hedeeh sudah saya bedek " Nuwun sewu, panjenengan niku, piyayi saking pundi? , asmane sinten? , kok saget tepang kalih si P? " takonku karo tamune sing kawit mau mesam mesem nyawang tingkah e si P " Ingih nderek dipun tepangaken nami kulo pun Budi Rahayu lah menika bojo kula, namine Sumini, lha bojokula niki taksih nak sanak kalih mas P menika" omonge pak Budi. "Oww.. Lak ngoten, pantes naminipu Sumini, piyayine alit, nek radi ageng, Sujengki...!" "nek asline ajeng kulo ganti Su Seli, wong nek ndalu sering kula tekuk tekuk! " " anyaak sampeyan niku, ono ono wae.. Bojo padake pit! " " Malah KAYA KETOPRAK ..! " 

Hantu Rumah Tua

Si P metu karo nyuguhi wedang. " Le mu NGUNTAL wes rampung po? " takonku " Wes le dis kung..!, hajigur og, lawuhe malah di gadoni garangan..! " " garangan? " " Garangan tuwa..! Wkwkwkkkkk kae bareng wareg njur micek! " " ngene lho kung, mbak Sumini iki bojone pak Budi, mbak Sumini iki ponakan e lek Lasiman, ngerti to..?, karo Lasiman?, alah.. Tanggane Warsimin!, kakange jondil! " " MBOH ..! Pokok e isih sedulur mu ngono wae ! " " Lha critane ngene, pak Budi iki, nyambut gawe neng Semarang dadi Tukang Bank, ning saiki wes pengsiun, lha kepingin balik neng jogja, ngiras pantes nunggoni anake wedok sing ragil, kuliah neng UNISA..! " " kampus opo kui ?, kok lagi krungu? " takonku " wes pokok e ono ! , lha pak Budi iki tuku omah neng jl godean kana, omah lawas, suwe ora dinggoni " " lha trus... Omah e arep di Renofasi ngono? " omongku ayem arep entuk proyek . 


 " iyo... Karepe, ning arep di resikki ndisik! " " hayo jelas reget banget nek suwe ora dinggoni ki..!, opo meneh ora kambon sumube menungso mesti gampang rusak! " omongku " maksudte ki diresiki Demit e kung! " jare si P " kok ngerti nek ono Demit e? " " hayo takoni dewe pak Budi kui! " " e nggih mas kung, awale kula nggih mboten pitados kalih hal hal ingkang mboten mlebet nalar ngoteniku.. Nanging dangu dangu kok mbebeda ati! " pak Budi melu omong. " lha sampeyan di weruhi nopo?, nopo sampeyan pun manggen mriku? " takonku " jujur mawon kula sak keluarga, dereng nate tilem mriku, mboten wantun " jare pak Budi. " lha putrine mungal kuliah teng mriki? " takonku " Anakkulo ngekos mas..! " Sumini bojone Budi melu omong. " lha kok lucu, sampeyan niku diwedeni nopo? " takonku " Nek di weruhi niku dereng nate, kula namung di primpeni, ming aneh sing di primpeni niku mboten ming kula, nanging kabeh.. Bojokula, anak anak kula" jare Pak Budi " Diprimpeni pripun? " takonku kepo 

Hantu Rumah Tua

" KULA SAK KELUARGA AJENG DI TUMPES TAPIS MENAWI WANTUN NGIDAK , UTAWI MANGGEN GRIYA MRIKU ! ". "kula niku seben ndhina diprimpeni, ajeng di tumpes tapis yen wani ngidak gedhe gedhene wani ngenggoni griyo niku! " omong e pak Budi. " Ming anehe, sing diprimpeni mboten ming bapake bocah , kabeh termasuk kula barang niki ! " Sumini melu komentar. " berarti niku lak ming ngimpi to?, dadi mboten sah kuatir, wong karo ngimpi og wedi !, tur ndene, ora ono jeneng Demit kok iso mateni menungso, padakke film wae..dereng tau krungu kulo menungsa di pateni Demit, haniat polisi le arep nyekel njur piye?, ono ono wae sampeyan " omongku " jane kulo yo mikire ngoten, lha karep kulo si P niki kulo kon ngenggoni ora ketang sensasi rong sasi ben mboten pati angker banget, jebol bocah e wegah ! " omong e Sumini. " njur aku karepmu mbok nggo percobaan ngono po yuu..hayo wegah.. Karepe! " jare si P nggonduk " tak bayar wes peee.... Opo Ora kepenak, wes manggon gratis, tak bayar meneh! " jare Sumini " Ora sudiii...!" "lha sampeyan niku yo aneh og yuu...! si P niku cah jirih og.. Kon nunggu omah, ojomeneh karo Demit wong ndelok rupane dewe we wedi..!" omong ku 😂 "lambeneee! " 😥 " trus si P niku ngabari, jare sampeyan iso ngeresiki bangsane Demit! " omong e yu Sumini. " anyak... dapusi sampeyan yuu... 

Mending nek nggugu kalih kula, diundangke kyai nopo ustad ben di rukiyah , nopo wong sing ngerti babagan niku, nopo ngunduh pengajian, kon ndongakke sisan ben do lunga Demit e! " omongku. " halah mas.. Pun ping bola bali le ngundang wong pinter niku..malah terakhir kulo ngundang ustad seking Jawa Barat tetep mawon kulo isih di primpeni! " jare pak Budi. " lha kula sowan mriki niku ajeng nyuwun Tulung, mbok di resikki omah kula niku, selak ajeng kulo nggeni! " jare Pak Budi. " Wah ... Nyuwun pangapunten sakestu kula mboten saget, sanes e kula mawon " omongku nolak alus. " Mbok sakestu mas kung, kulo pun putus asa niki, ajeng pados sinten malih " omong e pak Budi malas. " mbok di Tulung kung, nglegani ora ketang sedelok! " si P melu omong. " mbok enggih mas kung, butuh ragat pinten kula cepak i " omonge pak Budi malas, ning gandeng nyangkut perkoro duwit aku dadi rada tersinggung hh " 

Nuwun sewu niki, mboten perkoro ragat, babar pisan mboten..! , duwit niku bagi kula mboten penting!, dados nuwun sewu niki, ampun mang anggep kulo mboten gelem niku, perkoro duwit... Babar pisan mboten!, jeneng duwit niku iso di golek, nggih mboten? kula mboten munafik, duwit niku penting, ning mboten pokok..!, ngih mboten? " " nggih! " " sak niki ngeten mawon, nek seumpomo.. Niki ming umpomo lho..!, sampeyan duwe ragat telung atus gede gedhene limangatus mangkeh griyo njenengan kula tiliki! " omongku tegas. Pak Budi gage ngetokke dompet njur ndudut duwit werno abang cacah enem njur diseleh meja. hhhh... " Loh.. Maksudte nopo niki? " takonku ora mudeng. trus gage tak sak i " niku namung kagem sarat mawon, mbenjang kulo tambahi! " jare pak Budi " sampeyan janji dewe lho.. Kula ora njaluk, janji niku podo karo utang..!, wong sing kulino mblenjani janji sesok bakal di siksa neng alam akhirat " omongku ngeyem yemi. " enggih " " pun gandeng sak niki pun bengi, njenengan kundur mawon rumiyin, pokoke sesuk isuk tak pruput, niki kula mboten ngusir lho ! " omongku " 

Hantu Rumah Tua

Nggih menawi makaten kula nyuwun pamit, kula ngrantos kabar sak lajenge! " omong e pak Budi njur Bali neng kos e anake. Bareng mobil wes ora ketok. " yes....! YO golek sega goreng opo bakmi yo.. Pee..!, ngelih aku.. ket mau wetengku kluruk wae, Segaku mbok entek ke to ! , kae kang Tarjo di cangking sisan! " " siap..! Numpak opo? " " Cenglu..! " Akhire.. Boncengan wong telu golek Bakmi 😂 " lha aku ki bakul bakmi malah arep tuku bakmi " omonge kang Tarjo " creweeet.. Ben kowe ngerti bakmi sing layak dipangan menungsa ki kaya apa! " " si Kung lagi bar entuk duwit..! Mbagusi..! " jare si P " jenenge we rejeki peee... 😂, mau aku jian ora gebleg kecret je..!, kok ono wong ngenehi hayo gaskeen! " wkwkwkkkkk Bareng tekan warung Bakmi...... " loh peee..? Karo sopo?, weh mas kung.. Jebul pak Budi karo bojone lagi do ngiras... Hedeeeeehh.. Bareng tekan warung Bakmi Jawa, jebul malah kepetuk pak Budi meneh lagi ngiras karo bojone.. hedeeh.. 😢. Asline sing pekok ki cen si P og.. Lha wong genah mobile pak Budi cetho parkir neng kono kok yo ora weruh.. hhh.. Mata ki nek mata bathok mripat mlorok ning ora weruh... Lak yo marakke aku isin to lur.. dijajake, dibayari mangka kon imbuh barang hhh..Isih dibungkuske.. Jian mangkelke tenan og wong loro ki.. Aku kan jadi malu. 

Ngerti dewe to kowe lur...!, Watak ku?, iki ora jeneng sombong opo umuk lho lur.. angger duwe duwit kok ora entek entek ki rasane mangkel lho.... Bubar madyang wareg trus bali, mampir warung tuku rokok, kelingan nek rokokku entek. "kana pee..! , tuku rokok nganggo duitmu sik, mengko tak ijoli! " akonku " lha duitmu mau? " " duit opo? " " lha sing di keki pak Budi mau isih wutuh to? " " kapan?, wes to..!, gek cepet , dadi uwong ki mbok ojo pelit mengko mundak rejekimu seret! " omong ku menehi nasehat karo si P " yooh ! " " Kowe ora tuku udud sisan po kang? " takonku karo kang Tarjo. " Ora kung..!, mbakoku isih akeh " jare Tarjo " Awas angger mengko njaluk rokokku! " 😡 " asline aku ki bingung, jan jane sing pelit ki sopo to? " " HAYO KOWE KUI ..!, TUKU ROKOK WE OWEL ! " 😡 Singkat crita do nginep neng omahku. " POKOK E SESOK ISUK JAM PITU KUDU WES DO SIAP !, ORA KENA TELAT !, WIS KANA DO NGASO SAK KAREPMU , ORA OLEH MLEBU KAMARKU ..!, AWAS ..!, JANJI SESOK E SOK DO DURUNG TANGI TAK GUYANG !, WONG WIS DUWE KESAGUHAN KUI TANGGUNG JAWAB E ABOT , JANJI KUDU DI TEPATI , ORA KENA NDLEYA ..!, MANGKAT GASIK! " omongku wanti wanti.  

Hantu Rumah Tua

Aku trus mlebu kamar bablas turu, tangi tangi jam sewelas isuk. kriyip kriyip metu kamar, nyawang si P karo kang Tarjo wis do jagongan " do ora turu po? " takonku " MBOOH..!, JARE KON MANGKAT GASIK!, JAM PITU MALAH ISIH NGOROK! " omong e si P nggonduk " hayo salahe ora nggugah" omongku wegah di salahke " Digugah ngoroke soyo seru! " jare kang Tarjo " WES GEK ADUS, SARAPAN TERUS MANGKAT! " omong e si P " ono sarapan po? " " hayo kui sega lawuh Bakmi mau bengi! " " yo sabar..!, rasah kesusu tak sarapan ndisik " 😂 omongku " WUUU... ORA BAKAT DADI PEMIMPIN..!, ORA TAU TEPAT..!, NEK GAWE ATURAN KOYO YAK YAK OO.. JEBUL MING PLEKENYIK..! " jare si P " justru wong sing ora tau nepati janji kui sing bakat dadi pemimpin! "  " AAATELEEEK.. KUNG! " jare si P nggoduk Akhire budal niliki omah e Pak Budi. 

 Omah Jawa gedong jaman bahola, bangunan kuno jaman taun 50 an, ketok nek omah e wong mblegedu jaman ndisik, tembok e kandel sak batu , ming wes do nglumut merga saking tuane. " iki wes pirang taun ora dinggoni pe? " takonku " wah ora ngerti yo kung, nek kabare terakhir di sewa dinggo gudang " " sing nyewakke sopo? " " HAYO SING NDUWE ..!, MOSOK AKU ! " " MAKSUDKU SING NDUWE SAPA ? , LENG CELEEENG ! " 😡 " HAYO GENAH PAK BUDI..TO! , PIYE TO KOWE KI KUNG..! " " SAK DURUNG E DI TUKU PAK BUDI SUUUU...!" "HAYO AKU ORA NGERTI CLOOK KOCLOOK ! "  " rumangsaku aku ki duwe konco pekok kabeh, hayo mbok takon tanggane kae..! "omong e kang Tarjo Singkat crita takon takon tentang omah lawas kui nenggon tanggane. 

 Tanggane jenenge Pah Harta, tukang nggawe ni batako jare . Dadi jenenge kondang Harta batako. ning gumun ku kok ora ono tumpukan batako babar blas.  Bareng wes basa basi tetepungan aku banjur takon. " Pak mbiyen omah kae nggone sapa ya pak? " " Nek asline aku ora ngerti, merga jaman aku isih cilik omah kui wes ono. Nek jare mbah ku, jare mbah ku lho ya.. Omah kui omah e wong paling sugih sak kecamatan! " oo.. " Nggone pejabat po? " si P melu takon " pejabat opo dudu aku yo ora ngerti..!, kan waktu kui aku isih cilik! " omong e pak Batako masuk akal. " Nah saiki pak, trus sing mbendino ne, ngurusi, ngeresikki, nyewakke kui sopo? " takonku " lha... Pertanyaan yang bagus.. Pak pardi! " " O...sing nduwe jenenge pak pardi? " takonku " sing duwe opo? " " omah kae ! " 😡 " Ngene lho... Tak genahke di rungokke sing tenan, mengko ndak ndadak mbolan mbaleni " omong e pak Batako. Aku wong telu trus do nyimak anteng. " Pak Pardi kui, tuku kebun salak neng sayegan, mangkane samben dino neng sayegan, ora mungkin to nek neng godean.. Yo po raaa ..? " Aku cah telu ming mantuk mantuk karo nyimak " lha weduse mbah Arjo mlangi manak papat..!, papat lho..! Wedus siji manak papat. Wkwkwkkkkk... Nek kelingan marakke ngguyu!, nyemplung sumuuuurr.. Yuu..wkwkwkkkkk.. hhhhh... Jan lucu lucu tenan, dadi tentara tembak dooor, mati wkwkwkkkkk! " ??????????????? " kayane awakdewe salah uwong deh "omongku 

Hantu Rumah Tua

Dumadakan ono ibu ibu liwat nyawang aku karo mesem mesem. " ngapa e mas?, kui ki wong edan og mbok jak omong " jare ibu ibu karo ngguyu. Muatiiih... " Sing jenenge Tarjo, ki cen teruk biyangane tenan og.., akon takon og, karo wong edan ! " .. "Loh aku mau lak omong to.. , takon karo tanggane, yo salahmu dewe ono wong nglemprak ditakoni" omong e kang Tarjo wegah disalahke. "LAK YO KUDUNE KOWE MAU NGOMONG , KUI WONG EDAN KUNG ..! , OJO DITAKON I ! "omongku nggonduk. 😡 " Iyo jare kowe ki wong indigo dhee..! Nduwe indra ke enam, jebul indra ke enam e EDIOT! " si P melu komentar. " sapa sing edan? "  si Batako melu takon " HAYO KOWE KUI...! " 😡😡 " Apes... apes... kepetuk wong kok, wong edan, ck ck ck ck!, jatilane le main kapan, jatilane? " 🤔 " MBOOOH..! ORA NGURUS JATILAN ! " omong ku 😡 "NDANG GLING....! neng nong ning gung bah bayan Numpak dokar leh olehe payung mu tho.. @*xD @$!" si batako ngomyang njoget njoget trus menyat njur MINGGAT. "Mesakke lho mbah Batako niku, setres gara gara ditinggal minggat karo bojone, Mbiyen juragan tenan niku, juragan batako, nganti bandhane entek didoli kalih sedulur sedulure! " omong e ibu ibu mau. " Ora duwe anak nopo? " takonku " mboten , asline trah wong sugih niku, kabare termasuk sing duwe omah niku barang, ning sakniki pun di dol,(dijual) dituku piyayi Semarang! " Wah rada menarik ikih...

 " Nuwun sewu, lha sakniki sing ngurusi omah niku, sinten? " takonku " lha nggih kula..lha kersane?, ajeng di dol malih napa?, njenengan niku makelar, napa ajeng numbas? " takone ibu ibu mau. " Mboten , kula ming ajeng ngerti sejarahe omah niku" "Wah nek perkara niku, bojokula sing paham, sing asli tiyang mriki, asline nggih tasih mambu sedulur, mangga pinarak mlebet, tiyange wonten og, mangga! " jare ibu ibu mau. Akhire mertamu nenggone tanggane, malah disuguh kopi, nyamik ane tela godog jian demes tenan 😂. Tanggane jenenge pak Walgimin sing wedok, bu Surati. " Niki kula tak nyritakke bab perkara omah niku" pak Min mulai mbukak crita. "Omah niku sakniki gadahane tiyang Semarang, pak Budi Rahayu namine, pegawe Bank". "le tuku omah niku pon rong taun kepungkur, kula kalih simah kula niki sing kajibah ngurusi omah nika, ngih nyaponi,nggih ngepel pokok e kabeh, dadi omah nika nadyan mboten dinggoni tetep resik". 

 " Pak Budi niku pun tangan ke tiga, sak derenge..., omah nika gadahane mbah Mangun juragan gendeng cerak pasar nggodean mrika." "Niki kula cerita apa anane lho mas.. Mboten ateges ajeng meden medeni babar blas mboten". "nggih mboten nopo nopo pak, mang teruske! " omong ku nyenuk ngrungokke critane " Sekitar taun 70an mbah Mangun boyongan pindah teng omah mriku, lagi telung ndina dinggeni mbah Mangun meninggal mergo masuk angin duduk, mboten suwe mbah Mangun seda, kacek seminggu genten bu Mangun nggih seda teng mriku, kanti jalaran sami, masuk angin duduk. Lha anak anake mbah Mangun, boyongan malih bali teng nggodean mboten wani ngenggoni, alasane nopo kulo mboten ngerti, trus di sade kalih mbak Sri anake mbah Mangun. Suwe omah niku nganggur, ora payu payu wong do ora wani tuku, mergo isune omah niku OMAH KUTUKAN ! " " Monggo lho karo di sambi , mumpung anget, tela le panen dewe !.... loh endi bune? " ??? Neng meja ming kari piring karo sontrot tok 😢, telane jian ludes.. hh.. Tak sawang si P karo Mbah Tarjo nggayemi tangan kiwo tengen nyekel kabeh.. hhh.. Jian ngisin isini tenan og 😢wes gerang gerang do ora dong 😢😢 " wkwkwkkkkk nggodog meneh bune..!, seneng aku nek ketamon ndemenake ngene iki😂 "jare pak Min.. hh😢 " NIKU MBOTEN NDEMENAKE NING PANCEN NGELIH ! " 😡.. suog..!, rangoman ngomani 

Hantu Rumah Tua

" Mboten nopo nopo.. nek ming Tela tesih okeh, 😂 kalih nunggu telane mateng tak bacut ke critane nggih! " omong e pak Min " Nek sing mbangun omah niku sinten pak ? " takonku " Nah niku sing ajeng kula critakke, Omah nika sing mbangun mbah Sastro. Niki kula sing nyritani bapak kula almarhum.. Waktu niku Kula dereng lair.. " " Mbah Sastro Mbiyen niku tukang bangunan petingan (pilihan) . Critane tukange Londo (jaman kolonial) dadi sing nggawe ni omah omah Londo teng daerah mriki niku nggih Mbah sastro sak wadyobalane. anakbuwahe katah dasare isa bahasa londo .. Kondang pokok e, Mulane sugih.. Iso mbangun omah koyo ngoten nika jaman semono paling apik dewe. Nah taun 40an londo mundur ketekan Jepang. "Jaman Jepang, jaman prihatin, ora ono wong mbangun, mbah sastro alih profesi dadi ketua kesenian tradisional Jatilan (kuda lumping) termasuk bapak kula niku klebu pemain e" . Omong e pak Min karo nduduhi Foto lawas sing wis ora pati ceta. "berarti wong hebat nggih mbah Sastro niku? " 

 " Tenan mas.. Kalih Sultane wae cedak.. Kanjeng sinuwun HB sanga niku sering tindak nggriyane Mbah Sastro niku, jaman nggawe jalur selokan Mataram nika ! , niku yo ming le nyritani bapak kula lho ! " " berarti Mbah Sastro niku mboten wong baen baen, tetep wong ampuh niku! " omong ku " Tenan... Bapak kulo niku nek nyritankke tentang mbah Sastro jian makantar kantar.. Semangat banget, nek basane sak niki ngefans! " 😂😂 " lha sakniki mbah Sastro disarekke teng pundi? " takonku " lha aa... niku.. 😢 geger taun 66 mbah Sastro sak keluarga ilang! " "Ojo ojo mbah Sastro niku penggedhe partai sing dilarang kalih negara " 🤔 (tokoh PKI) " Perkara niku kulo ora ngerti, ning nek miturut critane bapak kulo, mbah Sastro mboten tumut partai napa napa, piyambake niku wong netral!, ning gih niku isune pancen mbah sastro ilang goro goro niku! " "Mboten pak Min nek miturut critane njenengan wau, mbah Sastro ilang sak anak bojone,ngih to... lha trus taun 70 an kok saget adol omah niku? " takonku mulai nlesih. " Niku sing adol adine mbah Sastro, namine mbah Mugi, critane niku gandeng mbah Sastro ilang mboten enten kabare, bandane mbah Sastro di hak i adine kualon mbah Mugi !" jare pak Min. 

 "Niki gek di rahapi telane godog pun mateng ! " seka mburi mbak Surati metu karo nggowo piring isi telo isih kemelus. "lha mbah Sastro mboten duwe sedulur kandung napa? " si P melu takon karo tangane nyak nyakan njikuk telo, gandeng panas arep ora sida isin, langsung diemplok, cangkeme nganti kowoh kowoh.. Kepanasan " Modyar ora cocotmuu..cangkem ki nek nggragas yo ngono kui!, uwong kok ora sabar, wedi nek ora komanan " 😂😂 " Tak kiro ora panas je kuung "😢 " lha wong genah kemebul ngono og wkwkwkkkkk " " Monggo di sambi.. Bener nek adem malah ora enak" jare pak Min nutup wirange si P Trus Bet bet bet bet... Ludes 😂 Pak Min nutugke critane " Nek kabare mboten.. , mbah Sastro niku anak tunggal. Biyunge seda rikala mbah sastro tasih alit, Ramane krama malih anak anak mbah Mugi niku " jare pak Min " Ngih ming critane lho niki.. Nopo merga kualat nggih,.. Mbah Mugi manggon teng omah mriku mboten suwe.. Jare meninggal dengan misterius..!, jenazah e ditemokke pun garing , mboten ming niku.. anak anak e mbah Mugi nggih mboko siji do mati kanti jalaran mboten wajar.. 

Hantu Rumah Tua

Onten sing nggantung, onten sing, kecemplung sumur, sing terakhir si Pardi meninggal tabrakan. "lha trus sing adol teng juragan gendeng taun 77? " takonku "lha nggih si Pardi niku, matine dereng suwe niku!" "lha trus si Batako.. niku anake sinten! " si P genten takon. " Niku klebu putune mbah Mugi, sing ibune mati nggantung, lha nggih tedak turun e mbah Mugi ming kari Harta niku.. liyane entek ludes!, niku mun sakniki dadi EDAN.. hh" Omong e pak Min "e nggih kula wau nggih pun ketemu hh wah sangar critane omah niku " omongku " Sing terakhir di tumbas piyayi Semarang, pak Budi namine " " lha kula genten crita.. , kulo sak kanca niki utusane pak Budi niku, kapurih nuroni sementara omah nika " omongku " Ooo.. lak ngoten.. Nggih.. Mangkih nek ajeng tilem mriku kuncine tenggen kula " omong e pak Min. " Mboten, niki kula nggih dipasrahi kunci pak Budi " omongku karo nduduhi kuncine, jebul podho 😊 " Serius.... mengko bengi arep turu kana? " takone si P Gandeng wis oleh keterangan seka Pak min aku pamit, lan ngaturke panuwun dene wis gelem nyelakke wektu kanggo nyritani lan nyuguhi tela godog. "mangkih yen betah nopo nopo mriki mawon ampun pekewuh! " omong e pak Min " Enggih matur nuwun sakderenge! " omongku " Niki telane dibeta mawon, kula padoske plastik nggih? " omong e bu Surati " nggih.. Malah ngrepoti " omongku " Aaah mboten... Niki nggo! " omong e bu Surati karo menehi kresek isi tela 

" Nuwun lho buu..LEMAH TELES ! " omongku " nggih sami sami! "  " kok lemah teles ki maksudte opo kung? " si P kepo " Bar udan! " jawabku singkat 😂 " Tak kira bakul cacing Prayan, serius iki arep turu kana? " takone si P " YO serius lah... Wong wis saguh, yo kudu di lakoni! " " lha mengko nek ono apa apa piye? " takone si P " Apa apa ki apa? "aku genten takon " hayo embuh! " 😥 " lha wong kowe dewe ora ngerti kok, kuatir karo apa apa! " " iki do ngomongke apa to?, kok ora jelas? " kang Tarjo melu takon " mbuh.. Kang si P ki maksudte apa " " apa ta pe..? " takone kang Tarjo kepo " Apane,? " si P genten takon. " mbuh lah pee.. Ra sido takon! "  Bareng wis tekan ngarep Lawang omah e pak Budi kandeg lakuku... Aku ngrasakke energi jahat sing kuat banget... hh.. Neng batinku tuwuh rasa pitakon, ono makhluk opo neng njero omah iki?. Kok perbawane ngedab edapi...hh "kowe karasa ora kang?" takonku karo kang Tarjo Kang Tarjo ming mesem karo mantuk alon "krasa apa ta kung? " si P mulai curiga " meneng o sik pee..! " " ono apa to kang? " Si P genten takon Kang Tarjo " ssst..! " 

" MBOK ORA MEDEN MEDENI AKU TO KANG! " " Ssssssst! " " AKU KI WEDI TENAN LHOOO...! WONG KOK SENENGANE MBEDA..! " " Ssssssst.. cocotmu meneng o sik to pee..! " akonku. " MBOK SING SOLUTIP TOOO...! ORA MEDEN MEDENI AKU..!, TAK PLOTROKKE KATOKKU LHO..! " ancaman e si P " HUZZSSS...! OJO..! iki isih padang ! " jare Tarjo. " HAJENEH OG MEDEN MEDENI..! " " kok ono swara kemruyuk ki opo to kang? " takonku karo kang Tarjo " Swara weteng ngelih kui kung ! " " MADANG SIK WAE YO KUUNG..! AKU NGELIH JEEE... JIAN KETEGELEN OG KOWE KUNG, LUNGO KET MAU ORA MAMPIR WARUNG! " protese si P " yo ayo.. Ning yarwe lho..! " 

 Singkat crita, bar Madiyang bali nengomahe Pak Budi meneh. Tak rasakke energi jahat wes ora ono... dolan po yo Demit e?  Lawang omah tak bukak, lampu lampu tak urubke byar padang.. Ketok kabeh njero omah sak isine. Jebul perabot omah yo komplit, kahanane resik kaya ketunggon menungso. Cet e anyar, lampu lampu yo murub kabeh malah wes model saiki, ketok nek bar di Renofasi. Ming Jobine isih model tegel kuna , prabotane antik antik seka kayu jati kabeh. "iki lemarine nek di dol isa jutaan lho pee..! "  " Otakmu ki isine ming mbathi og kung! " jare si P " Model ngene iki wes ora metu.. Meja makan model Londo iki pe..! marmer biru endog bebek, didol neng kolektor larang iki, mongko ukir kabeh.. Sajake le adol Omah sak prabotane po yo? "  " kayane iya kung " kang Tarjo melu komentar " Nek aku naksir lampu gantung iki lho kang jian isih wutuh, sentir sentire isih asli! "  " Antik kui kung! " " sok tak tembunge " " Ya wis gek do istirahat .. Aku tak munajat ndisik netepi kewajiban, wes meh manjing isak ! " omongku karo golek papan sing syahdu. Ming sayange banyune ndadak isih nganggo nimba ......

Hantu Rumah Tua

 Jam setengah sanga ora ana kejadian apa apa.. Tak rungokke si P isih ngobrol karo kang Tarjo neng ruang tengah, ming dilit dilit krungu swarane Tarjo muring muring mergo di entat entuti si P. Beeet.... Brooot..  Aku neruske wiridan dewe, mesti do takon kenapa cah loro kae ora melu, wkwkwkkkkk.. Cah loro kae agamane ora jelas . Terutama si P , apa apa melu 😂. Ning yowes ben, urusane dewe dewe ya to lur.. wiridan ku ming gampang og lur..nek kowe arep melu, Njaga wudhu trus AL Fatikhah sak okeh okeh e ☺️ di batin yo oleh. Jam setengah sepuluh mulai aku krasa ono energi jahat, saya suwe saya cetho, tak rungokke si P karo kang Tarjo isih gemremeng nandakke nek isih do melek. Hawane suwe suwe adem njejet.. Ra saku mulai ono seng ngawasi.. Aku gage menyat nusul si P karo Tarjo neng ruang tengah. Jebul wong loro wes da nglintek.. Hedeeh tak raku ngobrol jebul banter banteran ngorok. "heh..tangi.. Tangi..! " tak gugah kabeh, sing tangi ming Kang Tarja " Ana apa kung? " takone kang Tarjo aras arasen. " Sing duwe omah wes bali! " omongku Tenan wae..samar samar aku weruh wujud kang nganeh anehi.. Kaya macan gedhene sak pendhet, ming warnane biru, tak itung cacah telu, matane mencereng namatke aku. 

" WERUH ORA KOWE KANG?" Takonku "aku ora weruh ming krasa..!, ati ati kung, iki energine beda karo adate! " jare kang Tarjo " WUJUDTE KOYO MACAN KANG..! , CACAH TELU.. PAMORE MENCERENG WERNA BIRU! " omongku. "GRRRRRRRR.... .. SOPO KOWE WANI MLEBU OMAHKU? " swara ngumandang neng kupingku nganti mbenging.. Jebul makhluk gaib iki isa tata jalma.. " Demit wujud macan jebul iso ngomong basa menungsa. "GRRRRR... SAPA KOWE WANI MLEBU OMAHKU...?.. GRRRRR.. " Sajake deweke ngerti yen aku isa weruh wujudte.. " SAPA AKU ORA PENTING..!, SING BAKU KOWE KUDU MINGGAT SEKO PAPAN KENE..!, KENE IKI PAPANE MENUNGSA DUDU PAPANE DEMIT KOYO DAPORMU KUI..! " "GRRRRR... WANI NANTANG PERKARA KARO AKU..!.. GRRRRR..!" "ORASAH KAKEAN CANGKEM, MAJUO NEK NJALUK PECAH NDASMU..! " " GRRRRR... SUGIH KENDEL, BONDHO WANI.. GRRRRR...! " " PRUEEERK...!, ANGGEP MU AKU WEDI KARO WUJUD MU..! " 

Alon alon tak wateg rapalan kanggo njamah bangsa le lembut. Bell... Tanganku murub geni warna biru. Wujud macan ora wedi, malah ancang ancang trus nubruk awakku karo mbengok banter nganti kaya gludug... Tak petukkke nganggo kemandenku.. " KLAAP... BLUUUG..! BYAAARR" Aku mental rong jangkah... koyo nampeg tembok cor coran... tanganku langsung kram, rasane kaya disetrum listrik 220.. tak sawang macane yo mencelat, trus alon alon ngadeg , mbaor mbaor ora karuan.. Swarane mbrebegi kuping, wujudte alon alon tambah gedhe, sing maune sak pedhet dadi meh sundul ngepyan, tambah nggilani... Ancuuk..! 😡😡 Nyawang aku sajak nesu trus nubruk meneh.. Tanganku tak jokke dinggo nangkis serangane "KLAP ... BLLARR..! " Aku mental, sirahku gedadug meja, awakku kaya di setrumi daya gedhe. Aku isih sadar, ming awakku wes ora isa diobahke.. hh.. dadaku seseg, dinggo ambegan we lara banget, hhh.. Sajake jantungku meh mandek. Durung nganti aku ngadek, macane telu nggereng trus nubruk awakku... .. BLAAARRR...! Macan telu do mental, pating glangsar..kaya nabrak kaca.. Lamat Lamat aku isih weruh kang Tarjo namengi awakku.... trus pet.. Ora eling opo opo.. "KUNG... TANGI... SADAR.... IKI DUWIT E SAPA KUNG? Lamat Lamat krungu swara kemruwek.. arep melek wae rasane angil banget.. Bareng tak paksa melek... Byarrr..padang.., aku gage unjal ambegan dowo.. "DUITKU...ENDI? " "iki DIOMBE sik..! " 

Hantu Rumah Tua

 Aku di ombeni opo mbuh... rasane pait nyetek.. Langsung gregah tangi mlayu metu njobo trus muntah muntah.. " ANCUUK I ... DICEKOKI OPO AKU?, PERASAN CAWET YO..? " 😡😡omongku gebres gebres wkwkwkkkkk.. 😂😂 Tak sawang malah do ngguyu.. Semmmm nan og. " BERARTI WIS SADAR TENAN KOWE KUNG ! " omong e si P trus mapah aku mlebu omah. " loh.. iki lak omah e pak Min to? " takonku tak sawang... Jebul wes do mlumpuk, Pak Min, Bu Surati, Pak Budi, Yu Sumini, kang Tarjo karo si P. " Jebul aku ki keturon njur ngimpi to? " takonku bingung. " Wes saiki kowe adus ndisik ben seger, iki wes dijikukke salin karo si P, mengko tak critani! " omong e kang Tarjo. Singkat crita.. Bubar adus aku dikon madyang, 😂 dasar e wetengku ngelih, langsung ludes😂 " tak critani yo kung, kowe kui semaput ora sadar, meh rong ndina!, sing ngrawat Pak Min karo Bu Surati kui, kowe ora ngimpi, wingi neng omahe pak Budi kowe tiba... Njungkel, trus gage tak seret gotongan karo si P tak gowo Nengomah e pak Min iki! " omong e kang Tarjo. Aku trus kelingan karo wujud macan warna biru.. 😡 " Saiki aku takon, Wujud macan kae opo? " " Yen kowe pingin ngerti, jajal mengko deloken, peee...! tulung jikokno ember gedhe karo isenono banyu resik! " akone kang Tarjo. 

 Si P gage nyiapke ember trus di isi banyu. Kang Tarjo mateg aji Kaca Paesan... trus drijine di celupke neng banyu sakjrone ember.. Suwe suwe ono kaelokan, banyu iso mumpal mumpal kaya umub ning ora panas, njur samar samar.. Metu gambare koyo nonton tivi, ming ora ono swarane, neng kono kaya digowo neng suasana taun enampuluhan... Ono gambar pawongan gagah irung e mancung lagi mimpin rapat.. "Nah ... nek panduga kulo niki seng jenenge mbah Sastro plek kalih sing digambarke bapak kula! " omong e pak Min. " lha kok kaya wong landa? " takonku " Pancen mbah Sastro niku onten darah keturunan Landa..lha sing niki.. Adine kwalon mbah Mugi..lak persis harta batako to rupane! " omong e pak Min. " jian beda banget, kakange gedhe gagah bagus, adine cendik lemu gek rupane mangkelke! "  jare si P " kaya rupamu! " omongku☺️ " ngece ee.." " iki koyo rapat, berarti mbah Sastro kui klebu wong penting, neng desa kene! " omongku 

Suwe suwe do kaget kabeh sing nonton, merga ono gegambaran, mbah Mugi mateni keluarga mbah Sastra kanti cara di racun... Bojo sak anake loro ya mati.. , ming merga kepilut karo bandane kakange.. Hedeeh Matine mbah Sastro bareng karo ilange pusaka pusakane sing di simpen neng njero lemari. Kwandane mbah Sastra sak keluarga di pendem neng njero omah.. "BERARTI MBAH SASTRO ORA ILANG GORO GORO POLITIK, NANGING MATI DI PATENI ADINE..CIANDAK...ORA KOWE..! " Ora sadar aku mbengok nganti do kaget kabeh..  Banyu neng ember trus blas.. Ilang gambare.. " kok mati iki kang tivine..? Akine entek po? " takone si P " yo ora, kan wes cetho masalah e! " omong e kang Tarjo. " MASALAH KU DURUNG JE ..!, AYO DI SETEL MENEH ! " jare si P " masalahmu ki opo? " takone kang Tarjo " mengko bengi nomere togel metu pira? " " hasss... ora oleh dinggo koyo ngono kui !, haram, Ora mberkahi! 😡" jare Tarjo " iki laku tuku mengko neng togel syariah! " jare si P " ORA ONO TOGEL OG SYARIAH..!, ONO ONO WAE KOWE PEE..!, ORA.. SEKALI ORA TETEP ORA..! " " pisaaaaaan wae, pliiisss! " " OOOORRRAAAA....! " 

Hantu Rumah Tua

Cen pelit og Tarjo ki tiwas aku yo arep nyimak je.. Ternyata, (jebulnya) mbah Sastro ora ilang, nanging di bunuh karo adine sing jenenge Mbah Mugi. Jalarane mbah Mugi kalah main, bandhane entek kentas sak omahe. Mbah Mugi duwe milik karo bandhane kakange kualon. Ndilalahe pas momen geger pemberantasan PKI, dadi kesamun kasuse. Disangkane mbah Sastro keciduk aparat. Pancen wektu kui lagi kacau, ming gara gara wong ora seneng uwong we iso ngrembet nyawa. "Pun.. niki pun ke wiyak masalahe, sedoyo sampun sami pirsa, kulo ming kari manut, ajeng di teroske napa mboten kula nderek! " omongku. " lha nggih di teruske to mas kung..!, wes gebacut teles, njegur sisan! " omong e Pak Budi. " wah jian kula, bangga banget jebul kula ketamon wong ampuh ampuh! " omong e pak Min " AMPUH OG KALAHAN ! " omong e si P " CREWET..!, lakon ki awale kalah! " omongku " terakhir e mlayu! " " Nuwun sewu pak Budi.., niki nek diteruske ngemu ragat lho..! " omongku " Otakmu ki sing dipikir ming duweeeet wae! " jare si P " lha mengko sing mbongkar jobin njur sapa nek ora nyambat tukang?, wuu.. Cah ra dong, akon kowe?, iso rusak kabeh omahe "

 "Nek perkara niku, kula kalih bapake bocah pun rembugan , nek omah nika ajeng kula rombak, digawe model sakniki!, lha anak kula wedi je..! " mbak Sumini melu omong " Enggih mas kung, mangkeh dirembag melih, sing baku omah nika diresiki riyin! " jare pak Budi Yeees...! Cocok, batinku 😊 " Beres nek ming masalah niku!, mboten sah ngenteni sesok sesok, sakniki kulo rampungi! " omongku " AYO KANG ..!, AJIIIAR MACANE ! " omongku karo kang Tarjo. " Kula tak tumut nekseni nggih mas! " omong e pak Min " Kula nggih pingin ndelok nggih! " pak Budi ya pingin melu " NGGIH MONGGO! " " aku ijin sik yo kung.. 😢. Sirahku mules banget iki! " jare si P " kayane mau ora ngapa ngapa? " takone kang Tarjo " gek entis banget iki , aku ya gumun..! " 😢 " Yo wis kowe ngancani ibu ibu neng kene wae! " omongku " Ojo lali kung, mengko nek kowe kalah omong aku.. Tak tandangane dewe! " jare si P " yoh..! " 😊 Aku mara meneh neng omah tua kui, jebul Demite isih. Nggereng Nggereng ngerti aku teka. 

 " GRRRR.. ISIH WANI METOKKE KARO AKU GRR..! " " AKU DURUNG RUMONGSO KALAH KARO DAPURMU! " 😡omongku " GRRRR... MENUNGSA LICIK...! DURUNG TATU WES TINGGAL MLAYU... GGGRRR! " " IBARAT ADU JAGO, NGANGGO MBANYU NDISIK! "😡 jawabku " GGGRRR.... KLAKON MATI DINDING AKU GRRRR! " omong e wujud macan biru karo nubruk awakku. Aku gage nutup babahan hawa sanga, ing batin nyeyuwun marang Gusti sing mbaurekso uripku, ora nglawan, malah tak sorohke pati uripku karo Gusti. Macan telu do nyamber awakku, ono sing mbrakot guluku, ono sing nyokot sikil ku. Kaya kaya awakku dinggo bacaan. Swarane pating brengok mbrebegki kupingku. Nanging ono kaelokan an, merga daya welas asih ingi Gusti. Awakku blas ora krasa apa apa.. Malah kepara energi demite kesedot awaku. Suwe suwe macan telu nglumpruk, kaya kentekkan tenaga, sing maune swarane gereng gereng medeni dadi ming meyang meyong kaya kucing... Suwe suwe blazzz.. Wujud macan gedhe badhar dadi koyo pedut putih.. Samar samar taksawang ono pawongan kang wis wujud badan alus Nangis ngguguk ndeprok neng ngarepku.ora pangling, blegere mbah Sastro sak anak bojone. 

Hantu Rumah Tua

 "AREP TEKAN KAPAN KOWE KOYO NGONO KUI..?, BANDHAMU ORA BAKAL ISA NULUNGI JIWAMU..!, DRAJAD PANGKAT KUI MING SANDANGANE URIP !, MULA IKLASNA BEN JIWAMU ORA KEKURUNG ONO PAPAN SING ORA SAK MESTINE.! " " WES... SAIKI BALI..! , BALIO NENG ALAM KELANGGENGAN.. KENE WES DUDU PAPANMU! " omongku Dumadakan ono cahaya cemlorot seka nduwur.. Badan aluse mbah Sastro sak anak bojone kaya nemu dalan, trus LAAP ...! Munggah NDEDEL ILANG TAK KEDEPKE BARENG KARO TIBANE PUSAKA TELU CACAHE. Pusaka tak jikuk wujud, keris Singo Barong kinatah emas luk telulas, seng siji Singa barong luk lima, sijine wujud tombak. Pusaka telu tak pasrahke pak Budi, nanging karo pak Budi malah di wenehke pak Min. "kula mboten saget ngrumat, kula ikhlas lair batin kula suwun supados pak Min ingkang ngrumat! " omong e pak Budi. " SAKESTU MENIKO?... MATUR NUWUN SANGAT! " omonge pak Min seneng banget entuk pusaka tinggalane mbah Sastro .

Hantu Rumah Tua

 
Awane jobin di bongkar,... tenan wae.. ditemokke jenazah sing wes kari balung, trus di rukti kanti becik . Malah rikala ngrukti jenazah e mbah Sastro ono pawongan nepuk pundakku " Matur nuwun yo mas! " 😊 tak gatekke🤔🤔 " HARTA BATAKO? " takonku pangling Deknen mantuk karo mesem 😂 Wong edan e mari dewe wkwkwkkkkk 😂😂 ...................... Omahe pak Budi akhire di renofasi digawe model jaman saiki, lan dinggoni ngati tekan seprene 😊... Aku krungu kabar yen Pak Min saiki malah wes dadi lurah desa kana. 😊 ASLINE PERKARA RUWET IKI MING GARA GARA MBAH MUGI KALAH MAIN 😂 ORA ONO WONG SUGIH MERGA MAIN, NEK OMAHE KONTAL MERGO MAIN WES AKEH CONTONE.. WKWKWKKKKK

 ===================================TAMAT==================================================== 

mengko bengi nomere metu piro yo joo..? 
takon serius iki.... 
Lagi butuhe akeh Joooo..
pisan wae jooo 
Tarjo : MBOOH..! 
 Cen asu og kowe joo

SC: Kerabat Keliling Jogja

Lokasi Kaweden