Kaweden MY.ID adalah situs tempat berbagi informasi terkini dan info penting lainnya. Kritik dan saran silahkan tulis di contact. Kunjungi juga situs Ruang Baca

Misteri Kematian Elina

Misteri Kematian Elina

Misteri Kematian Elina

Story by : Dokter Kung Top

Misteri Kematian Eliana

Petualangan Indigo - Koyo biasané luur..! crito iki ming karangan, dadi udu kisah nyata ming ndobos..! .wkwk.. Dadi yo...ojo do protes..nek ono jeneng lan papan sing podho, ora njarak..

Critané ngéné ..!

Gandeng keturon kawet soré nglilir jam siji bengi ,dyaar..! ming ketap ketip wetengé kemruwek ngeliiih, njaluk di isi, rasané ngintir intir hedeeh , arep metu golek lawoh wis memeng. Angkringane Suroto, mesti yo wis tutup, nek sego ono lur..! ojo ngecee. ! lehku ngliwet mau isuk ..yo kepekso menyat neng dapur ,tretek tretek isih nemu mi instan sebungkus seko genduren winginané wkwkwk..

maklum genduren jaman Now..gendurené praktis ,alias mentahan wkwkwk ngerti to kowe lur..! nek sesok suwé suwé iso soyo praktis meneh..! bar do tahlil ,ora nganggo kenduri diganti diamplopi mboko siji , nyatus ewunan..wkwkw sing tahlil njuk mesti kebak hambok yakin 😂 sing mauné ora tau teko we mesti malit 😂😂😂
" sing mboten dugi tulung di betakké amplopé ngiih ! "
mesti do ora tekan nggoné hambok yakin..! 😂😂😂🙏🙏
Wis akhirnya madang sego lawuh mie instan, ples intip goreng😂😂(sing tau ngalami yo ming podho le trah kere..!)

bar madyang terus bak bakan nggoleki udud , maklum cangkem é kecut, jebul mung kari wadahe..😰😰jilaaak lali durung tuku..! hedehh yo kepekso nggolek tegesan, neng nggon asbak hedeeh jian kéré tenan og..! hhh.. ra popo darurat og..! ndilalah nemu rodo dowo nèng rodo bolong , lumayan telung telung sedotan wkwkk... wkwkwk.
mung apesé koreké malah ketlingsut..hedeeh...
maklum lur, koncoku okeh , malingan korek kabeh..! wkwkwk hasu og 😁😁
kepekso ngurupké kompor gas.."ceklek! "

le ngempakké tegesan ati ati banget wong gari cendek , tros seeeeng ! mambu sangit mergo rambutku melu kebrongot ..😥😥 ( sing wis tau ngalami ngéné iki berarti uripmu komplit 🙏🙏😂😂 komplit penderitaané wkwkkkkk)
Bareng iso udud tak endus endus,
mambu sangit kok, ora ilang ilang , 🤔🤔mbasan noleh

" KYAAAAA ....!" .

Ono wong wedok samar samar, nglesot ,rainé semu biru, mripate sipit . umurane kiro kiro telungpuluhan nitik sandangané genah nek trah wong sugeh.
Dèwèké namatke aku, tanpo kedhep.
" heh sopo kowe?, kok kesasar tekan kene? " takonku
" mas..! tolongin saya! mas tolongin saya..! " omonge ndeknen terus nangis ngguguk..

" Sik sik kowé ki jané sopo?, omahmu mbiyen ngendi? njur karepmu ki ngopo? " takonku ndedes.
" maaf..! aku nggak ngerti bahasa jawa..! " omonge demit wedok polos banget hedeeehh pantesan ditakoni ming plonga plongo.. 😢
" Namamu siapa?, kamu itu orang mana? "
" namaku Elina..! saya orang Jakarta ! "
" weh.. aduh meen! numpak apa ? kok bisa tekan sini ? " takonku
" aku nggak ngerti aku bingung..! tau tau sampai sini! " omonge demité
waah berarti pancen takdirku kudu nulungi demit iki..! hedeehh

KASUS DIBUKA!

" Lha trus karepnya aku suruh ngapain? " takonku

Demit wedok mau trus crito
kejadiané wis telung sasi kepungkur
Elina kui anak pedagang Sukses, neng Jakarta kono, biasa isih mambu keturunan tyong howa. Deknen kui anak tunggal, bar lulus SMA, deknen di kuliahké karo wong tuwané neng Australia. maklum kono nggone wong pinter, lagi kewane wae dadi guru 😂, neng kono ngekos karo akancane, jenenge Lucia, podo podo seko jakarta, bar lulus kuliah si Elina balik neng Jakarta mergo di nikahke karo Bernat, anak kolegané bapaké.

Pesta pernikahan berlangsung meriah, maklum Bernat anak bos. Lha si Lucia lali ora di undang, mergo Lucia isih neng Australia.
Bareng krungu sahabaté menikah Lucia bali neng Jakarta, karepé arep ngucapke Slamat. krungu Lucia arep teko Elina metuk nèng bandara déwé .

Bareng ketemu, biasa cipika cipiki trus budal bali neng omahé Elina.
ning gandeng do ngelih, mampir ndisik neng restoran ternama, mak lum wong sugih bedo kelas nek karo aku, sego lawoh mi instan cukup 😂😂. (asline yo mergo kepepet 😥)

Nah saktengahé madyang si Elina ngambruk, cangkemé mumpluk.. dadi geger sak jroning rèstoran. diundangké ambulan si Elina digowo neng rumah sakit, nanging uwis telat, Elina meninggal dalam perjalanan. diduga Elina MATI MERGO DI RACUN!.
Nah sing dadi tersangka pembunuhé Lucia kancane Elina.

Akhire Lucia ditangkap dijebloske kunjoro mergo mateni Elina kanti cara di racun. alasane mergo Lucia cemburu ora trimo pasangan lesbiné menikah.
" lha trus maksudmu kamu menemui aku? " takonku medot critané Elina
" SAYA MINTA TOLONG MAS..! , SAYA MOHON BEBASKAN LUCIA TEMANKU !" omongé demit Elina karo nangis ngguguk

"WEH ..! YO ENDAK BISA ..! ORANG SALAH YO HARUS DIHUKUM KALAU TERBUKTI BENAR DIA YANG MEMBUNUHMU! "omongku
" BUKAAN..! BUKAN DIA YANG MEMBUNUHKU..! " bengoké Elina
" Apaaa...! SERIUS..! lha njur sopo? " takonku
Elina trus crito, yen pernikahane deknen karo Bernat kui kepekso, mergo demi bisnis wong tuwané , dadi ora seko roso tresno..
Lha si Bernat déwé jan jane wis duwé pacar, jenenge Veronica.

hubungane Bernat karo Vero wis ora iso di pisah ibarat tahu susur karo lomboké. Nah gandeng nuruti ambisi wong tuwané hubungané dadi mawut, sementara hubungane Bernat karo Elina ugo kacau, ternyata oh teryata keluargané Bernat usahane lagi bangkrut, utange uakeh, pernikahané jebul ming dinggo kedok nek arep ngeruk bandhané keluarga Elina, akhirnya konangan, dadi geger.Elina ngancam njaluk pegat...! mulane si Bernat bingung, akhire Elina di pateni nganggo coro di racun.
" sik sik..! critamu kok mbulet koyo entut..! aku sing ngrungokke dadi ngelih meneh, hedeeh jan jané seng ngracun kamu itu siapa? " takonku
" BERNAT ..! " omonge Elina

" Weeh ..! lha kok iso? wong kamu matinya di rèstoran sama si Lucia og..! " takonku
" Itu kebetulan mas..! memang sengaja, Bernat meracunku disaat aku akan pergi, jadi biar aku meninggal di jalan, untuk menghilangkan jejak..! " omongé Elina
" lhakok kamu mau aja kalau di racun ? " takonku
" Mana saya tau mas..!, orang racunnya di masukkan ke tempat minum saya..! " omonge Elina
" Waktu itu kamu tinggal serumah dengan Bernat? " takonku

" iya..! kami serumah, tapi tidak sekamar !, itu rumah aku sendiri, hadiah pernikahan dari orang tuaku, kami tinggal bertiga kami punya pembantu mbok Nah yang biasa menyiapkan minum teh manis setiap pagi !, jadi aku tidak curiga, pas waktu itu aku juga tergesa gesah njemput Lucia di bandara..! " omongé Elina
" Kamu nyopir sendiri? " takonku
" iya.! aku bawa mobil sendiri ! "
" kok kamu yakin kalau kamu sudah kena racun? " takonku

" Di bandara aku sudah terasa mual dan pusing..! " omonge Elina
" Wah..! kasusmu berat ikih.. hedehh.. yowis, berhubung ini masih jam 3 pagi, tak Sholat tahajud sambil nunggu Subuh trus tak istirahat dulu, besok pagi tak koordinasi sama temanku dulu..!, aku berusaha nolong, tapi endak janji lho..! masalahe kasusmu itu berat..!, harus ada bukti kuat kalau si Bernat yang membunuhmu..! "omongku
" Bener ya mas..! pliis.. plis..! " omongé demit Elina karo ngruket sikilku... hedeeehhh.
Bubar subuhan, blek aku bablas turu, tangi tangi di gugah si P

" Kuung..! tangi..! sido kat mancing ora?, iki wis meh jam songo lho..! selak panas..! " omonge si P
" Weeh.. iki dinane opo? " takonku bingung
" lha yo minggu to yo..! wah jian wes tuwek teman kowe ki kuung..! jare wingi ngejak mancing, mangkat gasik, malah isih micek..! " omonge si P nyekekek

" sik pe..! " omongku karo longak longok nggoleki demit cino Elina, jebul deknen isih ngenteni neng ruang tengah, berarti aku ora ngimpi
" Sik pe..! tak critani! " omongku trus crito bab demit Elina
" Nek menurutmu piyé pe? " takonku njaluk pendapat Detektif kali konteng.
" wah..! nek aku tetep tak tulungi kung, mesakké wong ora salah kok di kunjoro! seng mateni saktenane malah bebas..! " omongé si P
" iki pancen kowé sengojo di temokke karo gusti iki kung..! dadi yo kudu di tulungi ! "
" lha trus carane piye? "

" lha yo kui..! sing rodho repot..! , njaluk tulung kang Ahmadi kadir waé kung..! kon ndené karo kon nggawaké sarapan..! " omonge si P
" wah ndingaren cerdas kowe P, coba tak bel e, mugo mugo ora minggat mancing wonge..! " omongku karo ngebel kang Ahmadi kadir, resersené
" Halo..! ndan! posisi di mana?, ora mancing po?, selo ora?, iyo iki aku neng omah karo si P, ora iki ono kasus misteri, ning rodo berat iki, ndéné yo..! , ojo lali nggowo sarapan..! , opo?, tongseng?, yo ora popo nek kowé mekso..! wkwkwkkk siaaap..! "

Ora suwé kang Ahmadi teko karo nggowo tongseng,
" mesti lho..!, angger ndene nggawakke lawuh, dadi ora penak aku..! " omonge si P basa basi karo nampani kresek
" lha segane? "
" lha kui sing di buntel kertas minyak!" omonge Ahmadi dong, nek aku durung ngliwet 😁
acara selanjutnya...! madyang..! 😂😂😂
Kabeh tak critakke kasuse si Elina, sinambi madyang 😂

" Waduh iki kudu golek ijin atasanku, kuung..! mergané awak déwé kudu mangkat Jakarta. " omongé Ahmadi Kadir
" Pokoké aku melu..! " si P nyelo omong 😂
"Sing abot tur mesti rodo suwé kui, le mbongkar kasus sak tenané , yen sing ngracun Elina kui, Bernat bojoné, mesti bukti bukti tindak kejahatan né wis di resiki, mergo jarake wis kadohan, telung sasi kepungkur ! " omonge Ahmadi

" lha yo kui kang sing tak pikir, mesti angel, ning njur piye..? mosok di nengke wae..! " omongku
" Alah..! koyo kowe ki duwe pikiran kuung..! mikire ki mengko nek wis tekan kono..!, mengko lak dibukake dalan, wis to..! percoyo karo gusti Allah, koyo nek awakdewe kat mancing kae lho..! mboh gebleh opo ora, sing penting yakin..! " omonge si P sok tau 😥
" kui jenenge gedang awoh pakel pee..!, nek omong gampang nglakoni angel..! "

" Dilakoni waé durung, kok wis muni angel, piyé to kowé ki kuung..! " jare si P
" aku lak yo ming manut Polisine to yo..! piye kang..? " takonku
" Nek sing jeneng kebenaran kudu di tegakkan kung, mbuh piyé carané " omonge Ahmadi
" cocok..!, mesakke wong ora salah, malah keno pidana..! jajal yen sing dadi Lucia ki kowe..! njur piye..perasaanmu! " omongé si P
" Yowes kung, tak siapké berkasé, nek wis ok, mangkat Jakarta! "
" ok siaaap..! "

tak sawang demité Elina ketok bungah banget.. 😂
TELUNG NDINO SAK BANJURE
isuk isuk aku diampiri kang Ahmadi kadir, polisiné arep mangkat neng Jakarta mbongkar kasusé Elina.


" Sido to iki kang? si P wis mbok kabari durung? " takonku
" Uwis cahé OTW jaré ..! " omonge kang Ahmadi
" yowis tak toto toto ndisik 😂! numpak opo iki mengko? "
" nyepur wae sing penak..! "
" Waduh..! aku lagi tipis je piye? ora duwe sangu..! "😂😂
" Tenang wae..! semua terkendali..! "
" woh siaaap..! " omongku karo gagé nyaut anduk trus gebyar gebyur adus 😊
aku metu si P wis teko, jagongan karo kang Ahmadi

aku nyawang si P bajilak..! potong rambut koyo TNI, 😀 prontos ndase ketok le benjo, nganggo kocomoto ireng sepatu hansip 😁 jian malah ngungkuli aparat 😀😀
" piye kung? wangun to..? "
" malah koyo cemplon pee..!, sipil we gayané koyo aparat..!" omongku nyekakak sajake wis persiapan tenan.
" weh saya itu aparat yang lebih dari aparat jeh..! "
" Aparat kali konteng ! "😁😁

Singkat crito budal Jakarta numpak sepur midun Stasiun pasar senin. trus ngaso golek Hotel.
Sisuke lagi oprasi, pertama njujug nèng omahé bapak ibune Lucia. jebul kluargané Lucia ki yo sugeh, terus tak omongke opo anané karo wong tuwané Lucia , yen janjané sing ngracun Elina dudu anake . Suasana saknaliko dadi emosional, nanging aku perlu bukti kuat dinggo mbongkar kasus iki.
Wong tuwané Lucia nganti nangis mergo lego, trutama bapaké.

" Sudah pokoknya segala biyaya dan keperluan, saya yang akan nanggung..! " omonge bapaké Lucia.
Karo kang Ahmadi, kluarga Lucia kon sabar, kabeh ben ditangani aparat. karo bapaké Lucia nganti di silihi mobil dinggo wira wiri malah arep di sangoni dueit barang, ning karo si P ditolak mentah mentah
"kami melakukan ini dengan iklas..! untuk mengungkap kebenaran tidak minta bayaran! "
cen biangane og si P ki senengané mutusi hh😡😡

Bar kui trus moro néng omahé Elina.Ngerti déwé Jakarta ki piyé nganti keblasuk blasuk le nggoleki alamat é nganti takon bola bali. Akhire ketemu, omah gedong magrong magrong neng tengah kuto.
" karang isih trah balung gajah! " omongku
" nek aku balung opo kung ? "
" Balung asu nek kowe pee..! " 😂😂
" Prek..! cangkemee..! "😂😂
omahe rapet pageré di gembok seko njero, karo si P trus di gedor gedor 😂😂
" Asalamu alaikum..!, pringisii..! "😀

seko njero ketok wong wedok marani trus ingak inguk, sajaké rewange Bernat.
" Mang !, ikan asinnya masih? " takone
" saya ini tamu mbok dee..! bukan mau jualan ikan asin ! " omonge si P nggonduk 😀
" kamu babu ya? " takone si P
"loh..? masnya kok tau! "
" Karena kamu telah membabukan hatiku..! " 🤕🤕🤕💩💩

" maaf bu..! pak Bernad ada di rumah? " takonku
" kok bu?? saya ini masih jomblo je! " jare deknen kemayu.. hedeeh😢😢😢
" asalnya dari mana mbak? " takone si P
" inyong asale seko Tegal mas..! "
" owalah .. seko wetan to! "
" lha mase mbrene ki arep ngapa ya? " takone 😢😢
" arep nggoleti juragane ira.. si Bernad..! " omongku
" Oh ana..! tunggu dilit tak tak njupuk kunci ndisit..! " omonge deknen karo mlebu omah..

tak tunggu meh setengah jam ora metu meneh hedeehh, le nyimpen kunci ki nengendi.. hhh😢😢😢
" di dodok meneh wae pe..! " akonku
" PERMISIII...! " bengoke si P, ora suwe babu ne metu meneh
" Mang..! ikan asinnya masih? " takone
" saya ini bukan penjual ikan asin ya mbak..! kami ini tamu, mau menemui pak Bernat ..! "

" oaalah..! mas masnya yang tadi ya..! maaf jadi lupa 😀😀!, tunggu sebentar tak ambilkan kunci! " omonge deknen karo gage mlebu meneh
" pembantu lalen kok yo diopeni..! " hedeee😢😢
rodo sauntoro ora metu metu." digedor meneh wae pe..! paling lali meneh 😢😢
" PERMISII..! " bengoke si p
babune metu meneh 😡😡😡😡😡
" Mang..! ikan asinnya masih? " takone 😡😡
" tenan oraaa...! kandani og..! kang Ahmadi nggowo pestol ora? " takonku
" Arep nggo opo e kung? " takone Ahmadi kadir

" tak nggo nembak babune bendrat..! "😡😡
" Yo sabar kuung..! " omonge si P
" Sabar sabar ! nek iki teb marai darah tinggi..! "😡😡
" loh mas mas ini bukan dagang ikan asin to? "
" bukan..! kami ini tamu..! " 😊😊

" Oaalah...! ya ampuun! yang tadi mau mencari pak bernad ya..? haduuh sampai lupa..! maaf, maklum saya baru banyak pikiran! "😊😊
" mau masuk lagi ambil kunci ya ? " takone si P
" Endaaak..! kuncinya dari tadi tak bawo kok.. ini..! " omonge ndeknen karo ndudui kunci seko sak daster.. hedeeeh
Bareng wis iso mlebu omahe Elina trus karo babune kon do jagongan neng teras. Tak sawang demite Elina yo wis pringas pringis sajak seneng aku di garapi babune

"Rumahmu gedhé lin..! ming babumu itu menjengkelkan...!" 😡😡 omongku
" Arwahe Elina wis tekan kene to kung? " takone si P
" lha kui wis lungguh neng pojokan ..! pingin weruh? ".
" Giyaaah ..! 😂😂 numpak opo yo deknen? " takone si P kepo
" Hayo embuh takono dewe..! " 😀
" Njur iki rencanané piye kang? aku malah bingung! " takonku karo kang Ahmadi

" Yo terus terang waé nek arep menyelidiki ulang kasus kematian Elina..! " omonge Ahmadi kadir resersene.
" kowe wis ngubungi Polisi kéné po kang? " takone si P
" Uwis, kabeh wis di siapke, iki lagi otw ndene karo nggowo berkas sing diperlokke! " omonge Ahmadi
" Ming iki kok si Bernat suwi banget ora nemoni..?, ojo ojo malah wis melarikan diri ngerti nek arep di tangkap ! " omonge si P
" Nek aku curiga ne malah karo babune mau, mesti iso ming di tinggal turu iki.. hedehh..wong lalenan..!, pembantu lalen kok yo mbok openi to liin? " takonku karo Elina

" iya itu mbok Nah, memang agak pelupa..!, tapi dia orangnya jujur..! masakanya juga enak..! " omonge Elina
" NEK INI ORA AGAK ..! TAPI PARAH separah parahnya..! kono pee..! diundang gek gek lali ! " 😡 akonku
si P durung nganti menyat, babune wis njedul sajak kaget ndelok ke aku hhh.. perasaanku wis mulai ora penak 😢.
" Loh..! mas mas ini kok bisa masuk sini..? tadi lewat mana..!, mau maling ya..? haduuh.. pintunya lupa tak kunci..! " 😡😡😡

" YO PORA AA ..! wis.. tobat nek iki..!, KAMI INI TAMU ..!, BUKAN MALING, OPO PEDAGANG SAYUR OPO IKAN ASIN..! KAMI MAU KETEMU PAK BERNAT, INI PENTING..! PAK BERNATNYA MANA..? TADI KAN YANG BUKAK KUNCI PAGAR KAN KAMU..! " 😡😡 omongku rodo jengkel
" Oalaah ..! tamunya pak Bernat to..! lha trus, pak Bernatnya mana? " 🤔🤔
" MASYAAA ALLAAH..! YA SAYA NGGAK TAUUUU ..! KAN BELUM DI PANGILKAN..! "😡😡😡
" ohh.. tunggu sebentar ya tak panggilkan! sekalian tak buatkan minum..! " omonge mbok Nah karo mlebu omah.

Ora suwé deknen metu meneh.
" LOH ..! KALIAN INI SIAPA ? MAU MALING YA ..! KOK MASUK RUMAH ORANG, TANPA PERMISI ! "🤔🤔🤔
" YA ALLAH YA ROBY ..! 😡😡😡 WONG IKI PANCEN TENAN OG..! 😡😡😡PAK BERNATNYA MANAA ? "
" sabar kung..! sabar..! " 😂😂😂
" Siapa MBOK..? KOK ADA ORANG TERIAK TERIAK..! "

ono suworo wong wedok seko njero omah trus metu, pakeane jian sexsy bianget..
" ADA PENCURI MASUK RUMAH NON..! " omonge mbok Nah 😡😡
" PENCURI MBAHMU ATRET KUI...! 😡😡BUKAN..!, BUKAN..! KAMI INI MAU KETEMU SAMA PAK BERNAT..! KAMI INI POLISI..! " omonge si P
" Oalaah ..! jadi ini, mas masnya yang tadi mau ketemu pak Bernat to..! yang tadi nungguin di luar..! kok bisa masuk? " takone Painah
" MBOOH ..! " 😡😡😡

" Sebentar ya..! tak panggilkan! " omonge wong wedok sexsy mau gage mlebu omah.
" Siapa je itu liin? " takonku karo arwahé Elina.
" lha ya itu..! pacarnya Bernat..! "😡😡
" Pantesan di enteni suwi bianget jebul lagi do kenthu..! "😢😢omonge si P
" Ohh .. berarti itu si Veronika ya..? cantik juga..! 😊😊 pantesan Bernat milih dia..! " 😀😀

" CIEEEE... CIEE.. CIEE... cemburu yaa..!" 😂😂
"NGGAK ..! ngapain cemburu..! huh..! gak sudi..! " 😡😡
" Nek tidak cemburu kenapa matamu mendelik..! "😂😂
" SEBEL AJA LIAT TAMPANGNYA ..! " 😡😡

" lha terus ngopo kowé melu lungguhan neng kene Nah ?, jaré mau bikin minum..! " omongku karo Painah babune Bernat sing lalene nyeteg.. 😡😡
"Ooo ... iya.. sapai lupa..! habis masnya yang itu ganteng banget.!" omongé Painah, karo nunjuk si P trus mlebu omah. 😂😂
" Who.. kejobo lalén yo katarak matane, wés kono pe..! gek di bribik babu babu yo ra popo lumayan ! " 😂😂😂
" Gyaah..! babu lalen! " 😂😂😂

Ora let suwe ono cah enom putih bagus, awake cilik nganggo kocomoto, tampange koyo penyanyi korea metu seko omah.
Rupané Elina mbalik medeni sajaké dendam banget karo menungso sing jenengé Bernat iki.

" Maaf ada perlu apa ya..? " takone alus karo nyalami kabeh..
jian nek ndelok tampangé koyo ora wangun nek dadi pembunuh..!
" Begini pak Bernat kami dari kepolisian ingin mengadakan penyelidikan ulang kasus kematian istri anda..! " Ahmadi mbukak omongan.

" loh kasusnya kan sudah di tutup, pelakunya sudah di penjara, mau apa lagi..? mau mintak duit ..? " omonge Bernat rodo nesu.
" Bukan begitu kami bukan mau mencari uang, hanya mau memastikan kalau jangan sampai orang tidak bersalah malah masuk penjara..! " omongé Ahmadi

" loh..! bukanya salah dan tidak itu, yang menentukan dan memberi keputusan kan pengadilan..! trus maunya bapak bapak ini apa?, mau minta duwit yang banyak ..? omong aja..! jangan sungkan sungkan..! " omongé Bernat sajak ngece karo aparat penegak hukum 😡😡 ketok sifat asliné opo opo iso di tumbas.. hhh.. dasar sing kek ..!

bar kui regudug Polisi setempat teko karo nggowo berkas penggledahan.
" MAAF KAMI DARI KEPOLISIAN MAU MENGGLEDAH RUMAH BAPAK , UNTUK MENCARI BARANG BUKTI BARU ..! " omonge salah sijine Polisi mau
" ya silahkan..! gledah rumah saya..! silahkan cari yang kalian inginkan..! " omongé Bernat santai banget.

" TAPI KALAU ADA BARANG SAYA YANG RUSAK ATAU HILANG , KALIAN AKAN SAYA TUNTUT ..! " omonge bernat ngancam
" Trus piye iki kang..! awak déwé nggoleki bukti opo? nek racuné jelas wis ora ono..! " omongku pesimis
" yo durung karuan kuung..! barang kali isih di simpen! " omonge si P
" hass.. tangeh lamun peee..! , jaluki duwit waé malah genah kang..! dinggo sangu bali..! angel iki nggoleki buktené..! hambok yakin..! arwahe Elina arep gentayangan mbok ben ! "omongku
" Karepmu si Bernat arep mbok beteti ngono po..?, hayo malah ora sido bali, ning malah keno kasus awakdewe..! " omonge si P

" lha pikiranku wis cuntel og piye..!, kok iso keno kasus? " takonku kepo
" kowe ki ora nggatekke po..! nek omahé Elina ki kebak CCTV..! awak déwé iso genten di tangkap..! " omonge si P karo nduduhi CCTV sing kepasang neng setiap sudut ruangan.
" CCTV 🤔🤔🤔🤔🤔🤔🤔CCTV????? CIANDAK ORA KOWE..! "😂😂😂
" kowe ki edan po kung kok ngguyu ngguyu dewe?? " takone si P bingung
" ORAAA RUGI AKU NGEJAK KOWÉ ..! pancen cerdas kowe peee..! " 😂😂😂
" Wis kang rasah kesuwen di cek rekaman CCTV pas hari kematiane Elina! " 😂
" Siaap..! "
" Yesss..! " bengoke Elina ketok bungah bianget.

tak sawang si Bernat ketok pucet, gelisah, kringete metu dleweran sejo batuk sajaké ora nyongko nek rekaman CCTV ne arep di periksa.

Tenan waé mbasan di puter pas hari kematiane Elina, ketok gambare si Painah pembantuné sing ko biangane lalené isuk jam enem wis gawé wedang teh manis karemané Elina, trus di deleh mejo makan koyo adat sabené, ora suwé ono wong wedok sexy susuné sak bal voly teko, ora pangling si Veronika, mindik mindik trus mlebu kamar é Bernat.

" Sayang kamaré Bernat ora ono CCTV ne yo..!" clatuné si P
" hass..! kamar og di nei cctv njur nggo ngopo! "
" weh..! mesti njur diajar kok kui karo si Bernat..! wong mlebu kamar tanpo ndodok ndisik..!" omonge si P

" kok iso diajar? " takonku kepo
" lha dikiro maling..! "
" yo ora mungkin, wong Pacaré og dikiro maling..! logikamu ki nengendi " 😤
" DIAJAR LAKANGE ..! " omonge si P karo nyekekek 😂😂
" Cangkemeee..! " 😡😡
" TERJADI PENUSUKAN ..! "
" mbooh..! " 😡😡

let sedélo ketok gambaré si Bernat metu kamar clingak clinguk koyo maling, njuk moro neng mejo makan banjur mbukak botol cilik terus di curke neng wedang teh e Elina njur gage gage bali mlebu kamar meneh.

Ora suwe Elina metu seko kamar liyané , wis rapi sajak kesusu arep lungo, tangané siji nyekel HP, sajake lagi nelpun, moro neng mejo makan trus ngombe teh, banjur neng garasi ngetokké mobil trus bablas lungo..

" CIANDAK ORA KOWE ..! " bengokku iso mbongkar kasusé.

seketika si Bernat di tangkap di glandang neng kantor Polisi. biasa awale si Bernat wegah di tangkap, deknen berusaha nyuap aparat.

" Sudah lah pak..! pliss..! saya mohon kasus ini di hentikan saja, nanti bapak bapak ini mau saya kasih uang mintanya berapa saya manut, rupiah apa dolar? " rayune Bernat
nanging polisi tetep kekeh wegah di suap.

semono uga pacare si Veronika digowo neng kantor arep di jaluki keterangan keterlibatan atas pembunuhan berencana . Semua rekaman CCTV di sita dinggo bukti baru neng persidangan.

esuke aku sak rombongan moro neng omahe bapaké Lucia ngabari yen pembunuh sebenarnya sudah mulai terungkap,sing mateni dudu anaké ndah ebo bungahé wong tuwané Lucia nganti do pelukan karo nangis ngglolo bola bali ngucap shukur, karo terimakasih.

Berkat bantuané kang Ahmadi Kadir, Lucia di bebaské seko penjara dan dibersihkan namanya . suasana dadi haru, bapake, ibune dulur dulure do ngruket si Lucia karo nangis. Arwahe Elina tak sawang mesam mesem sajak lego
Lucia gagé marani aku..

" Terima kasih ya om..! semoga Tuhan membalas kebaikan om..! "
" Amiin..!" 😊
" mbak Lucia ada sing kepingin ketemu kamu! "
" Siapa ? " takone Lucia
" sahabatmu Elina..! " omongku. 😊😊
biasa lur.. Lucia tak wenehi kemandenku Air Surgawi.. 😂😂
Lucua kaget weruh Elina neng ngarepe.. terus do pelukan tangis tangisan meneh, njuk ngobrol opo ora cetho..
suwe suwe Elina soyo ora ketok, nyawang aku ming mesem trus plas ilang tak kedepke..
" SLAMAT JALAN SAHABATKU ..! " bengoke Lucia karo nangis..

MISION COMPLITED 😂
Acara selanjutnya halan halan neng jakarta bersama si P..nganti kemput.. 😂 disangoni rodo akeh karo Bapaké lucia
Gandeng urusane rampung, bali Jogja numpak kereta.. lhakok iso sak bangku karo Painah babune Elina hedeehh.. jare arep balik neng Tegal bukak warung mangan. 😂😂😂
" Sesuk yen sida bukak inyonge, mampir yak..! "
" Gaah..! mengko wis mbayar mbok kiro durung..! lalene ra jamak je kowe ki..! " 😂😂😂

================ TAMAT =================

Lokasi Kaweden