Kaweden MY.ID adalah situs tempat berbagi informasi terkini dan info penting lainnya. Kritik dan saran silahkan tulis di contact. Kunjungi juga situs Ruang Baca

Misteri Pesugihan Buto Terong

Misteri Pesugihan Buto Terong

Misteri Pesugihan Buto Terong

Story by : Dokter Kung Top


Petualangan Indigo - Koyo biasane lur..
crito iki asli..! asli ndobis... 😂🙏.
hayo maklum lur..! seng crito wong embuh..! seng moco yo ming wong selo.. 😂😂.. hayo kowe kui..! 😊. iyaa... kamuuu....! wkwkkk
gelem geleme...! moco crito ra mutu blas..! 😂
nek nggugu aku wes rasah mbok teruske lehmu moco ndak malah tambah .. setres.. 🙏🙏.. 😊😊
stop. 🚫😂
nek mbok teruske yo.. sakkarepmu..!
ning yo kuii....! nek ndilalah ono jeneng lan papan seng podho..! ojo nesu lho lur..! , hora tak jarak..!

critane ngene..
Isuk.🌤️ isuk tangi turu mbukak lawang.. teras ngarep karo ngolet plus angop ombo..o.. jiaan.. sedap tenan.. dasare hawane isih seger.. pancen bener omonge simbah wong seng paling sugih kui wong seng isih diparingi sehat.. karo gusti Allah.nadyan wetenge ngelih durung sarapan.. 😢😢 nengsak katok tak sogok isih ono duwit limangewu.. hhh.. meso iso nggo golek mi instan.. 😊😊

mripatku nyawang kertas kotak ono pitane..neng mejo teras hh.. tak sawang jebul undangan kawinan.. hh.. 😢😢😢.. nyumbaang lurr.. 😊😊. nek istilahe wong nggonaku di pekso jajan larang... 😊😊 Wkwkkkkk.... hh.. nek di pikir jane ki ngguyokke.. hh.. nek ra diundangi.. nesu jare ra nganggep dulur, 😊 bareng diundangi do sambat... wkwkkk.. hh... wong uriiip... wong uriiip..! 😂😂

jebul ponakanku si Imam anake mbakyuku entuk wong Bekasi.. hh..hayo ngene iki lur duwe sedulur adoh paran, nek ora mangkat ora penak..dikiro ra semedulur nek mangkat.. berat di ongkos.. 😂😂..wkwkkk.. lak yo ngono to lur.. 😂.. nyumbange satus ewu ongkose pulang balik punjul seko mangatus.. wkwkkkkk..

lagi mikir...! HP ku seng neng sak katok geter.. brrrttt... brrtt.. . hh..marai keri.. 😊jebul si Imam ponakanku
"Om..! wes moco undangane rung..? wingi aku sowan omah suwung..! " omonge Imam
" Uwes.. gi entas.. mam..! sory wingi bali langsung mancing je..! piye..? aku titip wae yo..! rasah moro..! " omongku terus terang

" Wooh.. giaah..! pokoke kudu teko..! " 😢omonge Imam.. hh..
" kowe mending tak sumbang limangatus ewu ning aku ora teko.. opo..! aku teko ning tak sumbang seket..? " 😂😂

" Aku rasah mbok sumbang..! mengko tak tukoke tiket baline..! karo mangkate tak ijoli seng penting mangkat lho om..! " omonge imam ponakanku
" wah... sory..! , emange om u ki kere..! 😢😢 le mu ngece banget..! hh yowes aku mangkat..! ning dijoli tenan lho..! 😡😡 "omongku jentel
" siaaap..! penting kaaat..! " omonge Imam trus ditutup.. hh

hayo kepekso mangkat kih..! batinku.. 😂😂 jan jane males je aku nek nekani ponakan do dadi manten kih.. hh.. aku njuk ketok tuwek.. 😢😢hh.. trus do takon.. KAPAN..?? KAPAAN..? 😢😢.. biasane hiburan nggon manten ki orgen tunggal trus mesti ono sek nyumbang lagu judule KIANDAS..... hh.. lengkap sudah.. su nan oq.. 😡😡

Akhire aku mangkat numpak sepur.. hh.. pilih seng larang sisan.mudun jakarta sopo reti entuk kenalan rondo seng semledut.. 😊😊 wong tikete arep di ijoli og..

Imam ponakanku karo aku pancen cedak wong mbiyen cilikane seng momong aku.. 😂😂 ming kerep tak bully.. 😂😂 malah dadi akrab..
bubar resepsi.. aku urung oleh bali ro mbakyuku..jare kon niliki omahe sek neng bogor..maklum lur.. mbakyuku ki klebu wong sukses..wkwkk 😊 sukses golek bojo sugeh..! 😂😂omahe teng tlecek.

omahe jane biasa ora gedhe ming neng pinggir dalan.. jejere ono warung mangan empal gentong khas cirebon. ngerti to lur.. empal gentong... alaaah.. nek coro nggone dewe ki meh koyo gule neng seko daging sapi..
larise lurr.. wedyan seng tuku nganti antri uyuk uyukan.. 🤔

" opo yo enak tenan?? " batinku..
gandeng penasaran tur yo dasare wetenge ngelih melu tuku ah.. njajal..
bareng tak cedaki.. jegagik...! wee... hakok ono seng janggal iki.. hh..
aku weruh ono jin jenis prewangan.. cendik lemu koyo cah cebol ming cawetan gombal amoh, gundul telis telis mripate mlorok sikile lethek di celupke neng gentong kuahe jiaaan njijiki tenan.. hh.. sedilok sedelok ngubak ubak kuwahe nganggo sikile seng njijiki.. iki jenis opo meneeh.. batinku.. hh.. seng mbedani ki irunge lur.. iso nggenteyong koyo terong.. meh koyo munyuk pegantan khas Kalimantan kae lho lur.. ming luweh gedhi.. 😂😂 jane nek di matke terus ngguyokke rupane..

wah iki.. rodo ono hiburan.. batinku.. 😂😂

TENAN lho lur.. nek umpomo do iso weruh mono, mesti wes do muntah muntah.. lha piye... kon mangan kobokan sikil.. hh.. 😢😢jiaan waton tenan oq demit siji iki.. hh..
ora kroso wes jatah antrianku.

" pake daging apa campur pak! " takone bakule
" gak jadi..! 😳😳aku pesen minum wae.. es buah..! " omongku

bakule ketok bingung.. hh.. ngerti aku melu antri ning rasido tuku.. 😀

" nggak ada es buah je..! adanya cuma es teh sama es jeruk..! " omonge bakule empal
" lha yo jeruk itu lak termasuk buah to..? " omongku ro nyekekek

aku gage golek lungguhan 😊 trus nyawang kahanan.. hh.. demite sajake ngerti nek aku iso weruh wujudte.. deweke nyawang aku terus.. hh.. 😢. emange aku wedi nyawang rupamu..! batinku.. genten tak pandengi.. suwe suwe sajak risi tak delengke terus..njuk mencolot ngerti ngerti wes munggah mejo ngarepku karo nyawang mataku jarak sekilan.. hedeeeehh.. sajake mastekke aku iso weruh opo ora.. hh..jane aku rawedi ming males ambune badeg koyo bathang..hh mripate plerak plerok.. milang miling nyawang raiku..marai jengkel 😡 hh.. neng gandeng aku njogo perasaane sang demit terong to lurr.. , aku etok etok ora weruh... alon alon tak watek mantram seng iso nggo njamah bongso lelembut.. 😀.. alon alon drijiku tak celupke nggon sambel,.. trus berlagak ra sengojo 😌😌tak culekke matane si demit irung terong.. " knyuuuk..!"

😦😦😦.. 😣😣 langsung iso njemling njempling sak naliko..mbengok bianter.. 😂😂😂😂
"ATUUUU...! HHHAADIIINGAAAAAANNN..! ATAAATUUU... DI TEK I OMBOOOK.. ENUNGSO OLA ULUUSSS....! ANTEEN ONTOOL OBONG NAN OQ..! "
( terjemahan : aduh sakit kau apakan mata saya)

matane seng maune medeni iso ndrejes.. karo kriyap kriyip.. njuk mlumpat bali neng kuali kuah... 😂😂
bubar ngombe aku bali mlipir.. ngliwati demite..😂😂 deknen nyawang aku sajak nesu.. trus omong
" AWASS..! TOWE ALEP TAK HALES..! 😡.. ENTO HUBAL KELJO ALEP TAK ALANI UMAHMUU..! ALEP TAK OTAK ATIK...! " ancamane demit.. 😂😂
aku ming mesem tok..wee.. batin ku..." tak tunggu..! nek nganti ora teko..! arep tak parani meneh kene...! tak goleki, arep tak ajiaaaaar..nganti lenggek lenggek kowe..wes suwe ora ngaploki demit.. 😂😂😂

lhakok tenan jam sepuluh bengi.. demit irung terong wes glibat glibet.. sajake wes rampung le dines.. 😂😂.. aku ming etok etok turu neng sofa.. deknen soyo cedak.. trus mandeng aku tanpo kedhep.. hhh.. aku ngadek alon alon.. pojokan pojokan omah tak pasangi mantram kunjoro wojo, pamrihe ben demit seng wes bacut mlebu ora iso metu.. Wkwkkkkk..

" wes..! gandeng kowe wes tekan kene kowe arep ngejak opo?" takonku karo ngeplak ndase demit seng gundul telis telis.. .. hh.. deknen ketok kaget..
" LHAAA...! Grrrr... enaan tooo...! 😡uis tak hedek nek towe itho eruh uduttu..! opo towe ola wedhi ?" omonge demite ora cetho.. hh.. 😡😡 jan jane aku males komunikasi karo demit omongane bindeng ngene iki.. hh..
" piyee..? "
" opo towe ola wedi alo atuu..? "
" asune sopo? " 🤔🤔
" udhu atuuu...! 😡 neng Atuuu..! "
" lha iyoo..! asune sopooo..? jinguk kii..! 😡😡 ditakoni malah mbingungke..! " omongku.. hh..

" dudu atuu..! ning atuu..! ya... Awoooh..! debul upinge buocok..! atuu iiithiilllhoo..! " omonge demite karo nepuk nepuk dadane.. hh
" ooaalaah.. kowe..?.. kowe koyo asu maksudte..? " 🤔🤔
" whalaaah... dobook banget..iii.. hh.. ! 😡😡 tau etolah la to towe..? "
" HEH...IKI ORA GOJEK..! SAKDURUNGRE KOWE TAK AJIAR.. NGAKU JENENGMU SOPO..! DUWE JENENG ORA KOWE..! "😡😡
" yoo.. huwe..! atuu hudu demit..! yo mass...! atu hutoo..! halak atuu..😡 atuu.. ti edenii lhoo..! owe ola edii..? "

" RAAK..! KOWE RA MEDENI..! 😡😡 MAS MES MAS MES..! EMANGE KAPAN AKU DADI KAKANGMU..! " omongku karo tak keplak meneh.. ndase.. plak..!... plaak..!
" odooo to oom..! lolo.. atuii...! " omonge demite karo nyekeli ndase.. hh..
" hass.. ra dong basamu.hhh.. .! jenengmu sopo..? " 😡😡
" deneng tu ITEL AKTII..!😢😢 " ( sikil sakti)
" MBUEEEL... JENENG KOK LE NGGILANI BANGET 😡 SOPO SENG NJENENGI ITEL..? BAPAKMU? "

" WOOH.. MASEEII... CALUU...! HANGET.. II.. 😳😳 UDU ITEEL....YOO NENG ITHIL LHOO..! itell.. iteel..! " 😡😡 omonge demite karo ndudui sikile.. hhh.. 😢😢
" wooaalah.. sikil.. to..! nek omong ki seng cetho.. hhh.. 😢😢 wong sikil..! munine ital itel ital itil.. hh..! " 😡😡
" atu kan ola ico omong ithil..! " 😢😢
" kok iso dijenengi sikil sakti ki sopo seng njenengi? " takonku

" ndalaaku..! atline deneng tu Bowo..! melgo ithelku tui, nek di telop ke neng panganan dadi lasane enak..! tlus dihanti dadi i thel akti..! " 😳😳
" hass...! ganti..! gah aku.. njijiki.. 😢😢😢 jenengmu ganti Buto Terong..! wae.. ragelem ganti ta ajiarr..! " 😡😡

Jan jane aku ki dilema lho lur..! perkoro pesugihan iki..! wong yo dudu urusanku.. hh..
Aku dewe yo bingung, asline seng dadi korban ki sopo..? wong seng do jajan kae..? 🤔 tak pikir yo ora.. 🤔 nyatane wong malah do seneng.. mergo enak..! opo seng duwe warung..?
wong dodolan nganggo sarono penglaris ngene iki mesti sak durunge ono perjanjian.. nek ora jelas mongso gelemo..! wong seng jeneng bongso kajiman model ngene iki mesti wegah Rugi..! njur sopo seng dadi korban sak tenane.. 🤔🤔 KASUS DI BUKA..!
mumpung demite nengarepku tak introgasi ne..!

"Gandeng irungmu koyo terong kowe tak jenengi buto Terong..! nek ragelem tak Ajiar! " 😡😡 omongku ngancam
" yoooh... anuut..! ning atuu ojdho di adiar lhoo..! 😢 danee.. atuu teneng ithil akti..! "
" ORA OLEH..! 😡 ELEK KUI..! ORA APIK..! " omongku.. hh..
" wuuuu..! mpiiiiiiik aee..! "
" KUI YO ORA OLEH..!, SARU..! 😡😡 EMPAK EMPIK EMPAK EMPIK..! 😡"
"yaa awooooh..! tooot tootee..! lucak enan.. hh.. wong empik alah omong Tempiik..! " 😢😢

" hassss embuuh..! omongmu ra jelas..! pokoke ora oleh saru..! ,😡😡 saiki aku tak takon jan jane asalmu seko ngendi..? "
" atu teko hunung datii..! ono gilii..! " (gunung jati Wonogiri)
"O oow..🤔🤔 .. demit seko njowo to..! "
" jan jane seng gemandul iki opo to? " takonku karo tak pejet pejet mergo penasaran.. 😌😌
" Odhoo.. nggoo holanan to..! 😢😢 ithi iluung..! " 😢😢
" irung kok iso gemadul..sak mene gedhene, njuk bolongane nenggon ngendi iki..? " 🤔🤔
" yoo.. la ono holonganee...! adakke ilung enungsoo..! alep mbok anteli po holeki holongan kii..? " 😂😂😂

" prekk.. rasudi..! nganceli bolongan irung.. hh..! "😡😡
"lha trus iki nek ono demit wedok wudo, njuk iso njengat ra..? " takonku 😌
"YAA AWOOOH..! CALUU.. HANGET E IITHIII...! . YO OLAA ICOOO...! 😡 PIYE TO ITHII...😢😢 HHH.. ITI ILUUNG YOO MAASS..! UDHU ONTOOL..! MOCOK ILUNG ITOO NGAATEENG..! WUUU... OLA DONG..! " 😡😡
" helehh.. mbok biasa wae rasah bengak bengok..! 😡😡wong aku ki ming takon oq..! " omongku karo tak keplak gundule.. 😂
" kowe kui yo wes duwe bojo..? " takonku meneh
" huluung e.. ola tidoo... tak putus..! 😢 ..lha atuu.. ming di PHP.. odo omongte tuii..ah..! atuu.. hadi elolo.. lolooo..! "😢😢
" piye to jare rung duwe bojoo..! kok dadi duwe loro..? "" 😡

" ke loloo looloo..! 😢 uduu.. lolo..! yaa awoooh.. habang bayiik.. la dong dong..! " omonge demite
" hiess.. ra dong..! 😡 iki jane seng marai omonganmu ra ceto ki mergo irungmu nggandul njuk nutupi lambe..! hh.. jal nek tak angkat..mungggah ! saiki omongo! " omongku karo tak ceneng irunge.. 😂😂
" ojo ngomongke kui ndak aku keloro loroo..! " omonge demite cetho.. 😂😂
" lhaa....!lak tenan too..! wkwkkkkk 😂😂 apik ikih..! "
" weeh..mbok ojo nggo dolanan to mas..! irungku..! " 😢
" yowes..! " tak klembrehke meneh.. 😂😂😂

" seng mbok putus kui yo bangsane jin? " takonku kepo.. 😂
" PELIII..! " 😢
" Looh.. kok peli..? 🤔🤔 gek peline sopo kui. ? hh kowe ki jane lanang po wodok? kok seneng peli? " 🤔🤔
" YAA AWOOOH...! TANGKEMEEE..! .😡 LUCUH HANGET E ITHIII....! , HH.. PELI.. PELIIIIi...! UDU PELII...ITHI..! DIAAN... HOCOK HANGEET..!.... TUE TUE ALAI EMOTII E TOWE TII..! " 😡😡
" sek tak angkate meneh irunge ben cetho..! " 😂😂
" Dudu..Pelii..neng PERII..! "😡😡
" oooo alaah.. perii to !.. hhh.. jeneh ngomong ra cetho..wong peri.. munine peli..! " 😡😡

" yo ayu peri ne? " takonku
" Laaakk..! 😡😡 ko eeplee...! "
" Huuss..! ora oleh omong ngono..! " 😡
" bieeen..! heneh oq, ola gelem lo atuu..! " 😡
" wkwkkkkk.. lha terus nek kowe nyambut gawe nyelupke sikil ngono kae di bayar karo ndaramu ora? " takonku serius
" yo di opahii... noo..! . nek olaa atu yo emooh..! " omonge demit buto terong..
" Diopahi opo? " takonku serius.. 🤔
" taben telung tati pitan atu oleh ombe hetihe wong mati tablakan neng telak dalan ono.. tlus diwane tak ndo eset tetok neng neloko..! "

( terjemahan : setiap tiga bulan sekali boleh minum darah orang yang terkena musibah kecelakaan di jalan yang sudah di tentukan)

" lha nek ndilalahe ora ono seng tabrakan?? " 🤔🤔 takonku serius
" YO MESTI ONO..! WONG TENG DAWE TABLAKAN ATUU OQ..! "
WHOO...! lha iki..! berarti ngorbanke wong ra dosa..! CIANDAK WE SAIKI..! MAHLUK KOYO NGENE IKI KUDU DI MUSNAHKE.....SEKO MUKA BUMI..! 😡😡😡


BUTO KOYO NGENE IKI..! pantese di lenyapke seko muka bumi..! 😡 batinku..
" SAIKI AKU AREP TAKON TENAN..! KOWE MORO NDENE IKI TUJUANMU AREP NGOPO..! " 😡
" Atuu.. ming alep tilatu rohmi oq..😢 ola alep nopo nopo..! "
" MBUEEL..! KOWE ORASAH NGAPUSI..! 😡 AKU AREP MBOK DADEKKE KORBAN..! HIYO PO RA..!? , MERGO MAU MATAMU TAK KEKI SAMBEL..!, WES...! AKU ORA WEDI HAYO..! COKOTEN NEK AREP NYOKOT AKU..! MILIHO BAGIAN NGENDI SEK AREP MBOK COKOT..! " omongku nantang😡

" Atuu.. ola alep otot oq..! atuuu.. hek lolo untuu..! atu alep holek e torban thuruk halan wae.. oq..! "
" ORA OLEEH..! GOLEK KORBAN TURUK NDALAN..! 😡 KUI GAWE PITUNANING LIYAN WONG RA NGERTI OPO OPO DADI KORBAN! "
" lha telus piye nek la oleh tii..! atu anan hetihe topo..? " 😢😢
" Wess..! rasah kakehan alasan mulai dino iki kowe gelem nglereni lemu golek korban ora ! "
" olaaa..! uwi es pelijanjiane alo ndalakuu..! oleh holek kolban turuuk halan..! 😡" omonge demit buto terong ngeyel.
" WOOH KOWE PANCEN DEMIT NGEYEEL..! " 😡😡

langsung tak jambak rambute seng gundul telis telis.. karepku arep tak banting..ben ambyarr.. , ning ndilalahe jebul iso mrucut..mergo ora ono rambute blas.. hedeeh.. deweke trus mencolot iso metu seko bolongan angin angin.. 😢. njuk nggeblas ilang..tak kedepke.. hhh.. Hiyooh.. titenono...! genten tak limpe kowe... sesok ! 😡 batinku.
jam wolu isuk.🌤️ aku diparani mantene.. si Imam.. ponakkanku.
nukokke tiket mulih, karo ngijoli tiket mangkatku sekaligus menehi sangu titipane mbakyuku. 😁😁

" weh.. lha.. bojomu nengendi kok ra mbok jak..? wes cerai po? " takonku
" 😢 Hora yoo..! manten lagi wingi kok wes cerai.. jian elek tenan pujimu..! 😢😢 tak tinggal neng hotel..! isih kesel jare..! " omonge Imam.
"Hhh.. jian mbok ajiar nganti tele tele po.. 😁Wess.. kono..! 😢😢 pol polno.. lee mu gawe anak..! mumpung isih enom.. hh.. 😢😢berarti sesok arep manggon kene kowe mam? " takonku
" iyo omm..! wes mbok resiki to..! " takone ponakanku
" uwes resik raono apa apane.. aman, adem! " omongku
" wes maem durung om? "
" lhayo jelas durung lah..!" 😁😁
" Empal kono kui ketoke wes arep bukak..! jajan kono po..? " tawane Imam
" Wasiaap..! 😂 aku pancen arep ndono je iki mau..! " omongku

Aku ro ponakanku moro neng warung Empal..
wkwkkkkk.. tak sawang demit buto terong wes siap melakukan tugasnya.. 😂😂 lungguh neng lambe kuali seko lemah, sikile ngeclup neng kuah Empale.. 😂 nyawang aku sajak waspada .. 😁matane plerak plerok..
kosok balene deweke tak tamatke nganti salah tingkah..

" Tunggal ilmu ola usah ngganggu..! " omonge demite nyindir aku.. 😢
" seng omong tunggal ilmu ki sopo? Demit saru..! " omongku ra sengojo.. 😂
" kowe omong ro sopoe lek..? " takone ponakanku kepo.. 😁😁
" wes lingguh ngarep kene wae mam! sajake le masak durung mateng! " omongku
" Sabar sebentar ya pak ! belum mateng..! mau minum apa dulu ? " takone bakule Empal
" Teh manis Panas dua ya mas..! " 😁 pesenku nek neng kene kudu muni manis lho lur.. nek ora ming dinehi teh tawar ning ra mbayar.. 😂😂
bakule gage neng mburi gawe wedang..

Ikiih...! kesempatanku nyedaki demite..😂arep mlayu nengendi kowe..! deknen raiso mlayu nengendi endi mergo wes terikat tugas..! 😊😊. hh.. mantram kanggo musnahke demit tak watek.. bell..🌪️❄️ epek epek tanganku murub koyo geni rupane biru.
tak cedaki alon alon trus tak tiupke neng geni seng dinggo manasi kuali wadah kuah...🌬️ sak naliko geni seko kayu seng maune abang semu oranye 🔥🔥mboko sitik malik biru... 🌫️❄️🌫️
mrembet neng kuali seko lemah mboko sitik rubah werno dadi semu biru. aku gage bali lingguh. 😁😁
tak sawang demite mulai kroso panas, sikile bola bali diangkat.. karo cangkeme misuh misuh ra nggenah..😢😢

" WEEH.. OPOO..??.. OPO ITHII...HADINANG TII.. 🌫️ ITHII..???, ITIL TU ANAAAS..! ITIIIL TU ANAAAAS..! 🌫️.. HADUUUH.... ITHIL TU.. OBOOONG! ITHILTU EDEES..! ITIL TU ITO ENJEB..! 😢😢" ( terjemahan : aduh kakiku sakit)

sikile iso mlonyoh.. trus irunge mboko sitik iso mlembung koyo balon.. suwe suwe..banjur.. 💥💥💥DWOORR..! njebluk.. ambyar dadi titik titik.. 🌌🌌.. koyo kembang api.. kuwah panase nganti muncrat nebar gondho bacin.. hh
bakule empal mlayu mlayu mbingungi ngerti kuwah e mumpal mumpal..ora koyo biasane.. hh.. 😂 dadi geger..!
MODYAR AKHIRE, DEMIT SENG SARUNE ORA UMUM.! . HHH... 😡😡😡

MISION COMPLITED

Awane aku bablas bali neng jogja.
let sesasi aku krungu kabar seko Imam, yen warung Empal e wes kukut, mergo bangkrut..! hhh.. yo maaf.. 😢😢
Ancen urip kui pilihan.. 😂 terserah kowe arep milih dalan seng endi.. wong yo akhire seng nanggung yo kowe dewe.. 😂
Usaha nganggo bantuan bongso jin kui akhire ming rugi..! mergo kakean ragate..! wes bayangno.. golek pesugihan moro neng Dukun.. mbayar..! demite tuku..! durung le ngopeni yo ragat meneh..! 😂 mending nganggo bantuane moloikat.. 😂. carane

usaha seng temen, sabar, ora bosenan, ojo lali ndedongo marang Gusti Allah, mustahab bubar sholat fardu.. opomeneh gelem sholat tahajud.. 😊.

======================= TAMAT ====================

Lokasi Kaweden