Ketemu Pocongan 3, Ngeri Marai Merinding!

  • Bagikan
 

Nomer Buntut

Ketemu Pocongan 3, Ngeri Marai Merinding! – Kedadéyan iki watara taun 70 an sing wektu kuwi lagi ramé-raméné nomer buntutan mengkono uga Kang Sukir sing saben wektu sandhung jekluk tiba gapruk saben ana kedadéyan mesthi diramesi, malah terkadhang golèk dhukun utawa papan wingit sing dianggep bisa mènèhi kodhe.
 
nèng ngendi papan buku orèk-orèkan lan buku ramalan ora kari.
Mula kondhangé kang Sukir kuwi Wong kendel ora wedi bangsané dhemit.
Beda karo adhiné sing jenengé Sukar, sing karan Sukar njebèr.
 
Senengané mancing karo kanca- kanca-né sak Grub sing aran Parjo ndowèh, Mat Clili, lan Jan képlé.
Pangapunten jaman semono celukané bocah pancèn anèh-anèh, bab mau mbok menawa wis jamané.

Mangkat Mancing

Kemis wagé awan sing wektu kuwi dianggep dina becik bocah papat tumuju sawijiné bendungan Ngrawa sing miturut pétungan sangat lan dina arahé kudu ngulon, iku kabèh amarga percaya karo pétungan Jawa.
 
Bendungan Ngrawa pancèn kondhang akèh iwaké nanging uga kondhang angker, wingit, mula ora saben wong kang saba mrono padha ora wani sembrana.
 
 
Ketemu Pocongan 3, Ngeri Marai Merinding!
 
Numpak sepedha onthèl utawa Pit boncèngan gliyak-gliyak budal nèng Bendungan Ngrawa liwat alas cilik, nlusuri dalan makadham alias tanah air.
 
Sawisé nyèlèh sepédha ana cedhak grumbul seméndhé wit waru, bocah papat terus golèk papan sing dianggep becik lan kepénak.
Sawisé masang umpan terus wiwit mancing sing jarak siji lan sijiné ora sepira adoh…
 
Kaya lumrahé wong meneng biasané pikirané nglangut tekan ngendi-endi, nganti ora krasa mendhung mentiyung mertandhani yèn arep udan, apa manèh anginé tansaya semribit nggawa hawa anyes.
 
Semono suwéné anggoné mancing, bocah papat mung olèh iwak siji-siji tur mung watara telung driji gedhéné.
Wektu maghrib wis kliwat ora dianggep…
 
:“ Bali wae yo, cah iki mengko, tuku wader waé nèng ndhuwur kono malah kepénak ” .
ujaré Parjo ndowèh sing rumangsa ora olèh iwak…
 
Apa manèh udan grimis wiwit mudhun.
Ing batin bocah papat mau uga ana rasa wedi gèk mengko ketemu bangsané dhemit, sundel bolong utawa gendruwo sing ngadhang dalan.
 
Sawisé ringkes-ringkes bubar Magrib ngancik jam Pitu wis tekan panggonan nyèlèh sepédha.
sawisé nata alat pancing énggal-énggal nuntun sepédhané tumuju dalan désa.
Sènter cilik batrey loro lumayan kena kanggo colok dalan.

Diganggu Dhemit

Sawisé njupuk sepédha ndadak sepédhané Parjo ndowèh mogok ora gelem mlaku, jebul kesrimpet suket lan rerambatan sing njalari rodané ora gelem munyer.
 
Ketemu Pocongan
 
Anèh ,…. Kamangka wektu disèlèh nèng papan kono nalika lagi teka resik ora ana suket lan rerayudan nèng papan kono.
 
Swasana peteng remeng-remeng kepeksa grayah-grayah njeboli suket sing nyrimpeti laku karo misuh-misuh kegawa rasa wedi lan kagol atiné.
 
:” Buajingan tenan kok, ènèk sing ngrégoni laku..
Diamput tenan “.
 
Kandhané Parjo ndowèh sawisé 10 menit ngresiki suket sing mbulet rodha nganti kringeté dlèwèran.
Sawetara Mat Clili lan Jan képlé malah clorat-clorot nyèteri kiwa tengené papan kono sing tansaya peteng, campur hawa adhem nambahi girising ati.
 
:” Bèr … Kéné dicoloki cuuk iki lhoo aku ra kétoook..? .

Weruh Pocongan

Tembungé Parjo ndowèh sing gregeten weruh polahé kancané, sebab suket sing nèng rodha sepédha isih ruwet…
Lagi waé rampung anggoné ngresiki suket, Sukar njebèr bali nyoroti dalan sangarepé,…???
 
Nèng kono dhèwèké weruh wewujudan pocongan jèjèr telu sak dedegé Wong déwasa obah-obah, mripaté mencorong warna abang,…
 
Ketambahan ana ganda bacin sing njalari muneg-muneg kudu mut’ah.
Sukar njebèr jawil-jawil kancané nuduhi wewujudan pocongan mau, Parjo ndowèh ngomong klesak-klesik..
 
:” Buajingan kuwi pocong coook,…?.
 
bareng kabèh wis weruh wewujudan pocongan telu mau kaya diabani bocah papat mbengok bareng…
 
:” poocooong… “
 
Ketemu Pocongan
 
Sepédha loro diuncalné,,..
Brabat mlayu salang tunjang,… Karo bengok-bengok…
 
:” Ampuuun mbaahhh sumpaah ampuuun.
Tuuluuung,… Tuuluuung,.. “.
 
Bocah papat padha bingung sikilé krasa abot ora gelem diajak mlayu,..
Bola-bali nolèh mburi kuwatir pocongan mau nututi playuné,…
 
Tekan dalan gedhé playuné tansaya alon, awit ambegané ngongsrong karo bengak-bengok,..
 
:” Wèh, ndowèh entèni,….
Tuuluuung,…
 
Pambengoké Sukar njebèr sing awaké lemu, ora bisa mlayu,…
Kacarita wong-wong ing wates Désa kang lagi jagongan ana warung kopi, padha kagèt krungu wong bengak-bengok njaluk tulung,….

Ditulungi Wong Deso

Kesusul tekané bocah papat sing mlayu-mlayu terus ambruk ana ngarep warung kopi kono.
Sawisé diramut lan ditulung déning wong Désa bocah papat crita kedadéyan sing dilakoni wiwit teka nèng Bendungan Ngrawa nganti keplayu amarga dipethuki pocongan,…
 
:” Sampéyan mesthi muni èlèk utawa misuh-misuh nèng papan kono yaa,…?.
 
Pitakoné salah sijiné wong Désa sing mitulungi,…
Bocah papat ora wangsulan mung plorak-plorok ngrumangsani luput.
 
Sawisé njupuk sepédha direwangi wong Désa terus diteraké mulih amarga awak’é isih lemes…
Dina ésuké Sukar crita kedadéyan sing dialami marang Bapaké,…
 
:” Mulané nèng papan ngendi waé tingkah laku lan ngomong kuwi kudu dijaga, aja sakarepmu dhéwé,…
Pituturé Bapaké rumangsa prihatin déné anaké angèl dituturi,….
Kang Sukir sing uga ngrungokné critané adhiné malah ngomong,…
 
:” Bocah goblog, pethuk pocongan kok mlayu,…
Ngono kuwi ditakoni nomer rak luwung olèh rejeki,…
Kandhané kang Sukir nyalahaké adhiné,…
:” rejeki ndhasmu kuwi, ….”.
Wangsulané Sukar malah misuh karo nesu ngrasakaké nasibé sing sial dina wingi.
 

Hikmah Seko Crito

 
Sakabèhé tingkah laku kuwi bakal ngundhuh woh ing pakarti, senajan ing ngendi papan Nastiti, ngati-ati kudu digawa,.
Ndedonga nyuwun pengayomaning Gusti Allah kuwi luwih utama.
Ing kono bakal nemu Slamet lan tuntunan.
  • Bagikan